Jv/Al-Quran/Shaad

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Shaad
ص
Informasi
Arti Shaad
golongan Makiyyah
Juz Juz 23
Statistik
Jumlah ruku' ruku'
Jumlah ayat 88 ayat

Surat Shaad punika surat ingkang kaping 38, anggadahi 88 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah. Surat Shaad dipun turunaken sak sampunipun surat Al - Qamar (Surat no. 54). Asma Shaad (araning aksara arab "shaad") dipun pendhet saking aksara shaad ingkang wonten ing ayat setunggal.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
ص ۚ وَالْقُرْآنِ ذِي الذِّكْرِ ﴿١﴾ بَلِ الَّذِينَ كَفَرُوا فِي عِزَّةٍ وَشِقَاقٍ ﴿٢﴾ كَمْ أَهْلَكْنَا مِن قَبْلِهِم مِّن قَرْنٍ فَنَادَوا وَّلَاتَ حِينَ مَنَاصٍ ﴿٣﴾ وَعَجِبُوا أَن جَاءَهُم مُّنذِرٌ مِّنْهُمْ ۖ وَقَالَ الْكَافِرُونَ هَٰذَا سَاحِرٌ كَذَّابٌ ﴿٤﴾ أَجَعَلَ الْآلِهَةَ إِلَٰهًا وَاحِدًا ۖ إِنَّ هَٰذَا لَشَيْءٌ عُجَابٌ ﴿٥﴾ وَانطَلَقَ الْمَلَأُ مِنْهُمْ أَنِ امْشُوا وَاصْبِرُوا عَلَىٰ آلِهَتِكُمْ ۖ إِنَّ هَٰذَا لَشَيْءٌ يُرَادُ ﴿٦﴾ مَا سَمِعْنَا بِهَٰذَا فِي الْمِلَّةِ الْآخِرَةِ إِنْ هَٰذَا إِلَّا اخْتِلَاقٌ ﴿٧﴾ أَأُنزِلَ عَلَيْهِ الذِّكْرُ مِن بَيْنِنَا ۚ بَلْ هُمْ فِي شَكٍّ مِّن ذِكْرِي ۖ بَل لَّمَّا يَذُوقُوا عَذَابِ ﴿٨﴾ أَمْ عِندَهُمْ خَزَائِنُ رَحْمَةِ رَبِّكَ الْعَزِيزِ الْوَهَّابِ ﴿٩﴾ أَمْ لَهُم مُّلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۖ فَلْيَرْتَقُوا فِي الْأَسْبَابِ ﴿١٠﴾ جُندٌ مَّا هُنَالِكَ مَهْزُومٌ مِّنَ الْأَحْزَابِ ﴿١١﴾ كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوحٍ وَعَادٌ وَفِرْعَوْنُ ذُو الْأَوْتَادِ ﴿١٢﴾ وَثَمُودُ وَقَوْمُ لُوطٍ وَأَصْحَابُ الْأَيْكَةِ ۚ أُولَٰئِكَ الْأَحْزَابُ ﴿١٣﴾ إِن كُلٌّ إِلَّا كَذَّبَ الرُّسُلَ فَحَقَّ عِقَابِ ﴿١٤﴾ وَمَا يَنظُرُ هَٰؤُلَاءِ إِلَّا صَيْحَةً وَاحِدَةً مَّا لَهَا مِن فَوَاقٍ ﴿١٥﴾ وَقَالُوا رَبَّنَا عَجِّل لَّنَا قِطَّنَا قَبْلَ يَوْمِ الْحِسَابِ ﴿١٦﴾اصْبِرْ عَلَىٰ مَا يَقُولُونَ وَاذْكُرْ عَبْدَنَا دَاوُودَ ذَا الْأَيْدِ ۖ إِنَّهُ أَوَّابٌ ﴿١٧﴾ إِنَّا سَخَّرْنَا الْجِبَالَ مَعَهُ يُسَبِّحْنَ بِالْعَشِيِّ وَالْإِشْرَاقِ ﴿١٨﴾ وَالطَّيْرَ مَحْشُورَةً ۖ كُلٌّ لَّهُ أَوَّابٌ ﴿١٩﴾ وَشَدَدْنَا مُلْكَهُ وَآتَيْنَاهُ الْحِكْمَةَ وَفَصْلَ الْخِطَابِ ﴿٢٠﴾ ۞ وَهَلْ أَتَاكَ نَبَأُ الْخَصْمِ إِذْ تَسَوَّرُوا الْمِحْرَابَ ﴿٢١﴾ إِذْ دَخَلُوا عَلَىٰ دَاوُودَ فَفَزِعَ مِنْهُمْ ۖ قَالُوا لَا تَخَفْ ۖ خَصْمَانِ بَغَىٰ بَعْضُنَا عَلَىٰ بَعْضٍ فَاحْكُم بَيْنَنَا بِالْحَقِّ وَلَا تُشْطِطْ وَاهْدِنَا إِلَىٰ سَوَاءِ الصِّرَاطِ ﴿٢٢﴾ إِنَّ هَٰذَا أَخِي لَهُ تِسْعٌ وَتِسْعُونَ نَعْجَةً وَلِيَ نَعْجَةٌ وَاحِدَةٌ فَقَالَ أَكْفِلْنِيهَا وَعَزَّنِي فِي الْخِطَابِ ﴿٢٣﴾ قَالَ لَقَدْ ظَلَمَكَ بِسُؤَالِ نَعْجَتِكَ إِلَىٰ نِعَاجِهِ ۖ وَإِنَّ كَثِيرًا مِّنَ الْخُلَطَاءِ لَيَبْغِي بَعْضُهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَقَلِيلٌ مَّا هُمْ ۗ وَظَنَّ دَاوُودُ أَنَّمَا فَتَنَّاهُ فَاسْتَغْفَرَ رَبَّهُ وَخَرَّ رَاكِعًا وَأَنَابَ ۩ ﴿٢٤﴾ فَغَفَرْنَا لَهُ ذَٰلِكَ ۖ وَإِنَّ لَهُ عِندَنَا لَزُلْفَىٰ وَحُسْنَ مَآبٍ ﴿٢٥﴾ يَا دَاوُودُ إِنَّا جَعَلْنَاكَ خَلِيفَةً فِي الْأَرْضِ فَاحْكُم بَيْنَ النَّاسِ بِالْحَقِّ وَلَا تَتَّبِعِ الْهَوَىٰ فَيُضِلَّكَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ ۚ إِنَّ الَّذِينَ يَضِلُّونَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيدٌ بِمَا نَسُوا يَوْمَ الْحِسَابِ ﴿٢٦﴾وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاءَ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا بَاطِلًا ۚ ذَٰلِكَ ظَنُّ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ فَوَيْلٌ لِّلَّذِينَ كَفَرُوا مِنَ النَّارِ ﴿٢٧﴾ أَمْ نَجْعَلُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ كَالْمُفْسِدِينَ فِي الْأَرْضِ أَمْ نَجْعَلُ الْمُتَّقِينَ كَالْفُجَّارِ ﴿٢٨﴾ كِتَابٌ أَنزَلْنَاهُ إِلَيْكَ مُبَارَكٌ لِّيَدَّبَّرُوا آيَاتِهِ وَلِيَتَذَكَّرَ أُولُو الْأَلْبَابِ ﴿٢٩﴾ وَوَهَبْنَا لِدَاوُودَ سُلَيْمَانَ ۚ نِعْمَ الْعَبْدُ ۖ إِنَّهُ أَوَّابٌ ﴿٣٠﴾ إِذْ عُرِضَ عَلَيْهِ بِالْعَشِيِّ الصَّافِنَاتُ الْجِيَادُ ﴿٣١﴾ فَقَالَ إِنِّي أَحْبَبْتُ حُبَّ الْخَيْرِ عَن ذِكْرِ رَبِّي حَتَّىٰ تَوَارَتْ بِالْحِجَابِ ﴿٣٢﴾ رُدُّوهَا عَلَيَّ ۖ فَطَفِقَ مَسْحًا بِالسُّوقِ وَالْأَعْنَاقِ ﴿٣٣﴾ وَلَقَدْ فَتَنَّا سُلَيْمَانَ وَأَلْقَيْنَا عَلَىٰ كُرْسِيِّهِ جَسَدًا ثُمَّ أَنَابَ ﴿٣٤﴾ قَالَ رَبِّ اغْفِرْ لِي وَهَبْ لِي مُلْكًا لَّا يَنبَغِي لِأَحَدٍ مِّن بَعْدِي ۖ إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ ﴿٣٥﴾ فَسَخَّرْنَا لَهُ الرِّيحَ تَجْرِي بِأَمْرِهِ رُخَاءً حَيْثُ أَصَابَ ﴿٣٦﴾ وَالشَّيَاطِينَ كُلَّ بَنَّاءٍ وَغَوَّاصٍ ﴿٣٧﴾ وَآخَرِينَ مُقَرَّنِينَ فِي الْأَصْفَادِ ﴿٣٨﴾ هَٰذَا عَطَاؤُنَا فَامْنُنْ أَوْ أَمْسِكْ بِغَيْرِ حِسَابٍ ﴿٣٩﴾ وَإِنَّ لَهُ عِندَنَا لَزُلْفَىٰ وَحُسْنَ مَآبٍ ﴿٤٠﴾ وَاذْكُرْ عَبْدَنَا أَيُّوبَ إِذْ نَادَىٰ رَبَّهُ أَنِّي مَسَّنِيَ الشَّيْطَانُ بِنُصْبٍ وَعَذَابٍ ﴿٤١﴾ ارْكُضْ بِرِجْلِكَ ۖ هَٰذَا مُغْتَسَلٌ بَارِدٌ وَشَرَابٌ ﴿٤٢﴾وَوَهَبْنَا لَهُ أَهْلَهُ وَمِثْلَهُم مَّعَهُمْ رَحْمَةً مِّنَّا وَذِكْرَىٰ لِأُولِي الْأَلْبَابِ ﴿٤٣﴾ وَخُذْ بِيَدِكَ ضِغْثًا فَاضْرِب بِّهِ وَلَا تَحْنَثْ ۗ إِنَّا وَجَدْنَاهُ صَابِرًا ۚ نِّعْمَ الْعَبْدُ ۖ إِنَّهُ أَوَّابٌ ﴿٤٤﴾ وَاذْكُرْ عِبَادَنَا إِبْرَاهِيمَ وَإِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ أُولِي الْأَيْدِي وَالْأَبْصَارِ ﴿٤٥﴾ إِنَّا أَخْلَصْنَاهُم بِخَالِصَةٍ ذِكْرَى الدَّارِ ﴿٤٦﴾ وَإِنَّهُمْ عِندَنَا لَمِنَ الْمُصْطَفَيْنَ الْأَخْيَارِ ﴿٤٧﴾ وَاذْكُرْ إِسْمَاعِيلَ وَالْيَسَعَ وَذَا الْكِفْلِ ۖ وَكُلٌّ مِّنَ الْأَخْيَارِ ﴿٤٨﴾ هَٰذَا ذِكْرٌ ۚ وَإِنَّ لِلْمُتَّقِينَ لَحُسْنَ مَآبٍ ﴿٤٩﴾ جَنَّاتِ عَدْنٍ مُّفَتَّحَةً لَّهُمُ الْأَبْوَابُ ﴿٥٠﴾ مُتَّكِئِينَ فِيهَا يَدْعُونَ فِيهَا بِفَاكِهَةٍ كَثِيرَةٍ وَشَرَابٍ ﴿٥١﴾ ۞ وَعِندَهُمْ قَاصِرَاتُ الطَّرْفِ أَتْرَابٌ ﴿٥٢﴾ هَٰذَا مَا تُوعَدُونَ لِيَوْمِ الْحِسَابِ ﴿٥٣﴾ إِنَّ هَٰذَا لَرِزْقُنَا مَا لَهُ مِن نَّفَادٍ ﴿٥٤﴾ هَٰذَا ۚ وَإِنَّ لِلطَّاغِينَ لَشَرَّ مَآبٍ ﴿٥٥﴾ جَهَنَّمَ يَصْلَوْنَهَا فَبِئْسَ الْمِهَادُ ﴿٥٦﴾ هَٰذَا فَلْيَذُوقُوهُ حَمِيمٌ وَغَسَّاقٌ ﴿٥٧﴾ وَآخَرُ مِن شَكْلِهِ أَزْوَاجٌ ﴿٥٨﴾ هَٰذَا فَوْجٌ مُّقْتَحِمٌ مَّعَكُمْ ۖ لَا مَرْحَبًا بِهِمْ ۚ إِنَّهُمْ صَالُو النَّارِ ﴿٥٩﴾ قَالُوا بَلْ أَنتُمْ لَا مَرْحَبًا بِكُمْ ۖ أَنتُمْ قَدَّمْتُمُوهُ لَنَا ۖ فَبِئْسَ الْقَرَارُ ﴿٦٠﴾ قَالُوا رَبَّنَا مَن قَدَّمَ لَنَا هَٰذَا فَزِدْهُ عَذَابًا ضِعْفًا فِي النَّارِ ﴿٦١﴾وَقَالُوا مَا لَنَا لَا نَرَىٰ رِجَالًا كُنَّا نَعُدُّهُم مِّنَ الْأَشْرَارِ ﴿٦٢﴾ أَتَّخَذْنَاهُمْ سِخْرِيًّا أَمْ زَاغَتْ عَنْهُمُ الْأَبْصَارُ ﴿٦٣﴾ إِنَّ ذَٰلِكَ لَحَقٌّ تَخَاصُمُ أَهْلِ النَّارِ ﴿٦٤﴾ قُلْ إِنَّمَا أَنَا مُنذِرٌ ۖ وَمَا مِنْ إِلَٰهٍ إِلَّا اللَّهُ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ ﴿٦٥﴾ رَبُّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا الْعَزِيزُ الْغَفَّارُ ﴿٦٦﴾ قُلْ هُوَ نَبَأٌ عَظِيمٌ ﴿٦٧﴾ أَنتُمْ عَنْهُ مُعْرِضُونَ ﴿٦٨﴾ مَا كَانَ لِيَ مِنْ عِلْمٍ بِالْمَلَإِ الْأَعْلَىٰ إِذْ يَخْتَصِمُونَ ﴿٦٩﴾ إِن يُوحَىٰ إِلَيَّ إِلَّا أَنَّمَا أَنَا نَذِيرٌ مُّبِينٌ ﴿٧٠﴾ إِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلَائِكَةِ إِنِّي خَالِقٌ بَشَرًا مِّن طِينٍ ﴿٧١﴾ فَإِذَا سَوَّيْتُهُ وَنَفَخْتُ فِيهِ مِن رُّوحِي فَقَعُوا لَهُ سَاجِدِينَ ﴿٧٢﴾ فَسَجَدَ الْمَلَائِكَةُ كُلُّهُمْ أَجْمَعُونَ ﴿٧٣﴾ إِلَّا إِبْلِيسَ اسْتَكْبَرَ وَكَانَ مِنَ الْكَافِرِينَ ﴿٧٤﴾ قَالَ يَا إِبْلِيسُ مَا مَنَعَكَ أَن تَسْجُدَ لِمَا خَلَقْتُ بِيَدَيَّ ۖ أَسْتَكْبَرْتَ أَمْ كُنتَ مِنَ الْعَالِينَ ﴿٧٥﴾ قَالَ أَنَا خَيْرٌ مِّنْهُ ۖ خَلَقْتَنِي مِن نَّارٍ وَخَلَقْتَهُ مِن طِينٍ ﴿٧٦﴾ قَالَ فَاخْرُجْ مِنْهَا فَإِنَّكَ رَجِيمٌ ﴿٧٧﴾ وَإِنَّ عَلَيْكَ لَعْنَتِي إِلَىٰ يَوْمِ الدِّينِ ﴿٧٨﴾ قَالَ رَبِّ فَأَنظِرْنِي إِلَىٰ يَوْمِ يُبْعَثُونَ ﴿٧٩﴾ قَالَ فَإِنَّكَ مِنَ الْمُنظَرِينَ ﴿٨٠﴾ إِلَىٰ يَوْمِ الْوَقْتِ الْمَعْلُومِ ﴿٨١﴾ قَالَ فَبِعِزَّتِكَ لَأُغْوِيَنَّهُمْ أَجْمَعِينَ ﴿٨٢﴾ إِلَّا عِبَادَكَ مِنْهُمُ الْمُخْلَصِينَ ﴿٨٣﴾قَالَ فَالْحَقُّ وَالْحَقَّ أَقُولُ ﴿٨٤﴾ لَأَمْلَأَنَّ جَهَنَّمَ مِنكَ وَمِمَّن تَبِعَكَ مِنْهُمْ أَجْمَعِينَ ﴿٨٥﴾ قُلْ مَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ أَجْرٍ وَمَا أَنَا مِنَ الْمُتَكَلِّفِينَ ﴿٨٦﴾ إِنْ هُوَ إِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعَالَمِينَ ﴿٨٧﴾ وَلَتَعْلَمُنَّ نَبَأَهُ بَعْدَ حِينٍ ﴿٨٨﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Shaad, Demi al-Quran kang terang lan mulya.
  2. Ora kaya pangucape si kafir (anggone nganggep Pangeran iku ora mung siji) iku gumedhe nyulayani Allah lan rasule.
  3. Pira bahe akehe ummat ing zaman kuna, sadurunge si kafir, padha Ingsun tumpes marga saka dosane. Nalika tampa ing siksa para ummat mau padha sesambat. Saiki ora ana pangungsen.
  4. Si kafir padha gumun, dene katekan utusaning Allah juru pangeling saka kancane dhewe, Pangucape si kafir, "iki juru-sihir kang goroh".
  5. Ya gene panemune (Muhammad), Pangeran iku mung siji bahe, perkara iki hanggumunake banget.
  6. Panggedhene si kafir banjur nglungani, pangucape, "Ayo padha bubaran, kowe padha mantepa anggonmu padha sumungkem marang brahala (pangeranmu)". Panemune (Muhammad) iki wis kersaning Pangeran.
  7. Agama kang keri dhewe iki (Agamane Isa) aku ora krungu yen mulangake kang kaya mangkono, ora liwat goroh kang digawe - gawe.
  8. Apa (Muhammad) diparingi al-Quran dening Allah? Kang mongka iku mung sapapake wong bahe. Pangandikaning Allah, "Si kafir padha mamang marang al-Quran kang Ingsun dhawuhake apa dupeh durung ngrasakake siksaningsun".
  9. Apa si kafir nyekel gedhong pasimpenane rahmate Pangeranira kang menang tur wenang paring marang wong kang dadi parenging kersane.
  10. Apa wong kafir iku duwe keraon bumi lan langit, nguwasani barang kang ana antarane (mesthi ora) yen padha ngaku duwe maa padha munggaha ing ondho menyang langit.
  11. (Si kafir iku kawula kang asor) mulane sak pantho prajurit kang gedhe kang ana ing kono saka golongan - golongan kang ngumpul bakal kalah.
  12. Akeh ummat padha maido ing rasul sadurunge dheweke umate Nuh, 'Aad, Fira'un kang duwe wadya bala akeh.
  13. Wong Tsamud maido ing Sholih, ummate Luth lan panduduk Aikah (maido ing Su'aib) kabeh kang kasebut mau duwe bala akeh.
  14. Siji - sijine ummat samono mau padha maido para rasul, mulane wis benerre ngrasakake siksaningsun.
  15. Wong kafir padha ngenteni pangundange (malaikat) sapisan besuk dina qiyamat banjur mati ora bisa bali marang donya.
  16. Pangucape, "Dhuh Pangeran kawula, serat cathetanipun mugi padhuka paringaken dhumateng kafula sapunika saderengipun dinten qiyamat".
  17. (Muhammad) Pangucape tokno bahe, saiki sira nyaritakna lelakone kawulanginsun Dawud kang rosa ngabekti, satemene Dawudh mau setiya tuhu.
  18. Sarupaning gungung Ingsun sungkemake marang Dawud padha melu nyebut maha suci marang Ingsun ing wayah isuk lan sore.
  19. Apa dene manuk padha nglumpuk melu Dawud memuji ing Allah, kabeh padha murih keparengig Allah.
  20. Ingsun ngentasake keratone Dawud lan diparingi pangkat Nabi sarta kabeneran samu barang kang dilakoni diparingi kaweruh bisa ngrampungi pasulayaning uwong.
  21. Sira apa wis weruh cerita lelakone Dawud, nalika ana malaikat loro mendho - mendho wong perkaran munggah ing panggung papane Dawud?
  22. Nalika dheweke mlebu nemoni Dawud, dheweke kaget sebab ana wong mlebu ing panggonane. (Wong loro sing prakaran mau) padha matur, "Panjenengan sampun ajrih kula punika tiyang pasulayan ingkan satunggal nandukake pangaihaya dhateng satunggalipun, panjenengan mug andhawuhake karampungane Pangadilan dhaten gkula kalayan leres, sampun ngantos mlenceng mugi anedhana margi ingkan leres".
  23. Sayektosipun sedherek kula punika gadhah menda estri 99, kula namung gadhah setunggal. Wicantenipun, "Wedusmu siji iku tak pekke wae; panedhanipun hanggujeg piyambakipun ngawonaken kula wonten ing rembagan wahu".
  24. Dawud ngandika, "Sedulurmu iku nakal, nganiaya marang kowe anggone anjaluk wedhusmu kang maung siji kudu dikumpulake wedhuse kang 99". Wong kang bathon ngemorake bandhane kang akeh ana kang nakal. Kajaba wong kang pracaya ing Allah sarta ngelakoni penggawe becik. Nanging wong kang mangkono iku arang - arang. Dawud banjur kelingan rumasa kena cobaningsun, Sanalika Dawud junggel ruku' lan sujud tobat ing Allah.
  25. Ingsun banjur ngapura kaluputane. Kajaba pangapura, Dawud Ingsun paringi panggonan cedha karo Ingsun hiya kawusanan kang becik.
  26. He Dawud! Sira Ingsun dadekake panguasa Ingsun ana bumi mulane sira nindakna hukum adil marang manungsa, aja mung nuruti karepira dhewe, awit karepira iku nasarake sira saka dalaning Allah, sarupaning wong kang kesasar dalaing Allah bakal dipatrapi siksa kang abot, marga anggone padha lalai ora perduli dina qiyamat.
  27. Anggoningsun gawe bumi lan langit, apa dene samu barang kang ana antarane iku ora dolanan. Panemune si kafir iku dolanan wae, si kafir padha cilaka marga bakal kacemplung neraka.
  28. Para wong mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik apa Ingsun gawe padha wae karo wong kang gawe rusak ana bumi? Apa wong kang bekti iku wong hala? (Panemune si kafir iku memper wae ora).
  29. Al-Quran iki kitab kang Ingsun dhawuhake marang sira (Muhammad) becike lan pigunane akeh supaya manungsa padha ngrasakake surasaning ayate. Wong kang duwe akal padha ngestokna.
  30. Lan Ingsun paringi kanugrahan marang Dawud anak lanang aran Sulaiman, kawulaning Allah kang sholih awit banget sumungkeme ing Allah.
  31. Dhek semana nuju wayah lingsir Sulaiman meriksa jaran jarahan. Yen meneng, menenge anteng, yen mlayu luwih dening rikat. (jaran mau cacah 1000 becik - becik kabeh. Ketungkul anggone mriksa ngati surup srengenge kelalen ora sholat ashar).
  32. (Sulaiman banget nelongso ing Pangeran) Pangucape, "Aku iki arep demen jaran nganti kelimput elingku ing Pangeranku nganti surupe srengenge."
  33. Nuli ana malaikat dhawuh, "Kepel ingkang sampun lajeng dipun priksa inggal dipun wangsulaken (cahosaken) Allah". Nuli Sulaiman ngelus - elus sikile lan gulune.
  34. Ingsun nyoba marang Sulaiman, lan Ingsun dadekake dheweke gelethak ana dhampare (kursi emas) sarirane lemes (marga gerah) tumuli taubat.
  35. Sulaiman nalongsa munjuk ing Allah: "Dhuh Pangeran kawula, paduka mugi ngapura dhumateng kawula, saha paringa kraton ageng dhumateng kawula. Ingkang ing tembe sapengker kawula boten wonten satunggaling tiyang gadhah keraton ingkang sami. Saestunipun Paduka punika kuwasa peparing".
  36. Ingsun banjur nyungkemake angin (marang Sulaiman), angin mahu mlaku ngidit ngestokake parentah sing dikersakake.
  37. Sarupaning syetan padha ngestokake parentahe (Sulaiman).
  38. Lan ana maneh syetan liyane padha diblenggu ana ing belukan.
  39. (Sulaiman) iki peparing Ingsun marang sira kang tanpa kira - kira. Sira kena peparing marang wong kang sira karepake lan kena ora peparing.
  40. (Sulaiman) Ingsun paringi panggonan ing suwarga cedhak karo Ingsun yaiku kawusanan kang becik.
  41. (Muhammad) sira nyaritakna lelakone kawulaningsun Ayub nalika munjuk ing Pangerane, kawula pnika dipun paheka ing syetan, gesang kawula sarwa rekahos, saha badan kawula sakit.
  42. (Pangandikaning Allah marang Ayub): "Hanggejlokna sikilmu ing lemah"; nuli banjur dadi sumber banyu, Iki banyu anyeb kanggo adus lan ngombe.
  43. Lan Ingsun paringi Ayub (kanthi nguripake maneh) ahline (anakke cacah enem) lan Ingsun wuwuhi semono maneh minongko rahmat saka Ingsun kang mangkono mahu dadia wewulang marang wong kang ana akale.
  44. He Ayub sira jupuka suket satekem nuli sira gitikna ing rabinira, minongka ngluwawi nadhzar ira kanthi supata. Sira aja nyidrani nadhzar lan aja nerjang supata. Ingsun nguningan i nyata yen Ayub iku wong shabar temenan. (Nalikane Ayub lara nadhzar kelawan supata, samangsa larane waras bakal gitik rabine ping 100). Kawula kang becik iku Ayub, awit banget anggone murih keparengingsun.
  45. (Muhammad) sira nyaritakna kesabarane kawulaningsun Ibrahim lan Ishak, apa dene Ya'qub kang padha rosa anggone ngabekti.
  46. Ingsun ngresikake atine dheweke (nabi telu mau) kanthi budi dhuwur maligi ngelingake (manungsa) marang akherat.
  47. Dheweke (nabi telu mau) mungguh Ingsun, kaleb wong pilihan kang suci saka rereget.
  48. Lan sira nyaritakna kahutamane Ismail, Ilyasa', Zulkifli, kabeh kalebu wong pilihaningsun.
  49. Kang wis kasebut iki carita isi wewulang becik sarupane wong kang bekti ing Allah iku bakal becik wekasane.
  50. Hiya iku padha oleh ganjaran suwarga 'Adn kang lawang - lawange padha menga, nyediani malebune wong kang padha bekti.
  51. Wong mau ana suwarga padha linggih sendhen tur padha diladeni sawarnaning woh - wohan akeh sarta homben - homben.
  52. Sarta padha nyandhing (widadari pirang - pirang) kang indah warnane lan rampak enome (umure).
  53. Hiya iku ganjaran kang wis dijanjekake.
  54. Isining suwarga iki rizki peparingsun kang ora bisa entek. (Kang wis kasebut mau ganjaran marang para wong mukmin).
  55. Dene wong kafir kabeh bakal hala wekasane.
  56. Bakal padha kacemplung neraka jahannam panggonan kang hala banget.
  57. Padha ngrasakna wedang panas kang melonyohake, lan banyu sing adhem banget.
  58. Apa dene siksa liyan - liyane warna - warna sapadhane.
  59. Ing kono ana dhawuh, "Wong akeh iki uga dicemplungake neraka, bareng kowe para pangarepe". Wong kafir padha celathu, "Saiki wong iku ora oleh papan kang omber. Mesthi dicemplungake ing neraka".
  60. Wong kang manut dadai kafir padha mangsuli, "Kowe saiki kang ora oleh papan omber, kowe dhisiki kafir, aku kang kari. Ora ana pangucap, Sugeng rawuh, marang sira". saiki panggonanmu lan panggonanku hala banget.
  61. Wong kang manut mau banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, tiyang ingkang ngajani kawula dados kafir punika siksanpun wonten neraka mugi paduka wewahi tikel katimbang kaliyan kawula".
  62. Pangarepe wong kafir iku ana neraka padha celathu, "Ya gene aku ana kene ora weruh wong - wong kang nalika ana donya padha anggep hala lan asor?" Pandhereke Muhammad.
  63. Dhek ana donya wong mau tak anggo geguyon. Saiki apa ora ana ing neraka kene. nanging pandelengku dadi katilapan ora weruh.
  64. Kang wis kasebut bab padune wong ing neraka mau nyata.
  65. (Muhammad) dhawuha marang si kafir, "Aku ngelengake marang kowe. Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang Esa tur masesa".
  66. Hiya iku, Pangerane bumi lan langit lan samu barang kang ana antarane bumi lan langit kang menang tur kepareng ngapura dosa.
  67. Sira dhawuha, "AL-Quran iku cerita gedhe".
  68. "Hewa dene kowe padha malengos marang Al-Quran".
  69. Aku ora duweni kaweruh ing ngalam dhuwur nalikane para malaikat padha bantah - bantahan (bab nabi Adam biyen).
  70. Hewa dene aku bisa nyaritakake iku saka apa, kajaba oleh dhawuhing Allah, Aku iki nabi temenan, kang diutus ngelingake marang kowe.
  71. Para malaikat anggone padha bantah - bantahan mau ceritane mangkene, Allah dhawuh (Dhek samana Pangeranira ngandika marang para malaikat) Ingsun gawe manugsa saka lemah.
  72. Bareng wis dadai, sarta wis Ingsun panjingi ruh peparing Ingsun, maungsa banjur urip. Ingsun banjur dhawuh marang para malaikat, "Sira padha sumungkema sujud marang manungsa (Adam)".
  73. Para malaikat kabeh banjur padha sungkem.
  74. Kajaba mung Iblis, iku gumedhe. Mopo ora gelem sujud banjur dadi kafir.
  75. Allah duka, Pangandikane, "He Iblis apa sebabe dene sira teka mopo (mogok) sujud marang manungsa, kang Ingsun gawe kelawan astaningsun pribadi. Sira rumongsa gedhe apa luhur, ngungkuli liyane?"
  76. Iblim munjuk, "Kawula punika langkung sahe, ngungkuli manungsa. Hawit Paduka handadosaken kawula saking latu, lan handadosaken maungsa saking siti".
  77. Allah ngandika, "He Iblis, sira lungaha saka langit, sira kena dedukaningsun".
  78. Lan sira kena beneduningsun sanadyan tekan dina qiyamat, bakal nandhang siksaningsun.
  79. Iblis munjuk, "Dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan srantosaken dinten qiyamat".
  80. Allah ngandika, "Hiya, sira Ingsun serantekake".
  81. Nganti tekan dina qiyamat kang wis tinamtokake.
  82. Iblis munjuk, "Demi kamulyan Paduka, kawula mesthi anggodha dhateng Adam saturunipun sadaya".
  83. "Kajawi para kawula Paduka ingkang sami resik manahipun anggenipun pitados ing Paduka".
  84. Allah ngandika, "Pangandikaningsun yekti temen".
  85. Saktemene Ingsun mesti arep ngebeki neraka jahannam iku kelawan sapanunggalmu (manungsa) yaiku wong sing antarane manut marang kowe kabeh.
  86. (Muhammad) Sira dhawuha, "Anggonku ngundhangake, dhawuhing Allah iku aku ora aweh pituwas apa - apa saka kowe, lan aku ora gawe - gawe".
  87. Al-Quran iki pitutur becik marang wong sejagad.
  88. Dene ceritane al-Quran iki ing tembe sira bakal weruh kenyataane sawise mongsa iki.[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas