Jv/Al-Quran/Al Hasyr

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Al-Hasyr
الحشر
Informasi
Arti Pangusiran
golongan Madaniyyah
Juz Juz 28
Statistik
Jumlah ruku' ruku'
Jumlah ayat 24 ayat

Surat Al-Hasyr punika surat ingkang kaping 59, anggadahi 25 ayat lan termasuk golongan surat Madaniyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
سَبَّحَ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۖ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ ﴿١﴾ هُوَ الَّذِي أَخْرَجَ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ مِن دِيَارِهِمْ لِأَوَّلِ الْحَشْرِ ۚ مَا ظَنَنتُمْ أَن يَخْرُجُوا ۖ وَظَنُّوا أَنَّهُم مَّانِعَتُهُمْ حُصُونُهُم مِّنَ اللَّهِ فَأَتَاهُمُ اللَّهُ مِنْ حَيْثُ لَمْ يَحْتَسِبُوا ۖ وَقَذَفَ فِي قُلُوبِهِمُ الرُّعْبَ ۚ يُخْرِبُونَ بُيُوتَهُم بِأَيْدِيهِمْ وَأَيْدِي الْمُؤْمِنِينَ فَاعْتَبِرُوا يَا أُولِي الْأَبْصَارِ ﴿٢﴾ وَلَوْلَا أَن كَتَبَ اللَّهُ عَلَيْهِمُ الْجَلَاءَ لَعَذَّبَهُمْ فِي الدُّنْيَا ۖ وَلَهُمْ فِي الْآخِرَةِ عَذَابُ النَّارِ ﴿٣﴾ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ شَاقُّوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۖ وَمَن يُشَاقِّ اللَّهَ فَإِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ ﴿٤﴾ مَا قَطَعْتُم مِّن لِّينَةٍ أَوْ تَرَكْتُمُوهَا قَائِمَةً عَلَىٰ أُصُولِهَا فَبِإِذْنِ اللَّهِ وَلِيُخْزِيَ الْفَاسِقِينَ ﴿٥﴾ وَمَا أَفَاءَ اللَّهُ عَلَىٰ رَسُولِهِ مِنْهُمْ فَمَا أَوْجَفْتُمْ عَلَيْهِ مِنْ خَيْلٍ وَلَا رِكَابٍ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ يُسَلِّطُ رُسُلَهُ عَلَىٰ مَن يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ ﴿٦﴾ مَّا أَفَاءَ اللَّهُ عَلَىٰ رَسُولِهِ مِنْ أَهْلِ الْقُرَىٰ فَلِلَّهِ وَلِلرَّسُولِ وَلِذِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَابْنِ السَّبِيلِ كَيْ لَا يَكُونَ دُولَةً بَيْنَ الْأَغْنِيَاءِ مِنكُمْ ۚ وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانتَهُوا ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ ﴿٧﴾ لِلْفُقَرَاءِ الْمُهَاجِرِينَ الَّذِينَ أُخْرِجُوا مِن دِيَارِهِمْ وَأَمْوَالِهِمْ يَبْتَغُونَ فَضْلًا مِّنَ اللَّهِ وَرِضْوَانًا وَيَنصُرُونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الصَّادِقُونَ ﴿٨﴾ وَالَّذِينَ تَبَوَّءُوا الدَّارَ وَالْإِيمَانَ مِن قَبْلِهِمْ يُحِبُّونَ مَنْ هَاجَرَ إِلَيْهِمْ وَلَا يَجِدُونَ فِي صُدُورِهِمْ حَاجَةً مِّمَّا أُوتُوا وَيُؤْثِرُونَ عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ وَلَوْ كَانَ بِهِمْ خَصَاصَةٌ ۚ وَمَن يُوقَ شُحَّ نَفْسِهِ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ ﴿٩﴾وَالَّذِينَ جَاءُوا مِن بَعْدِهِمْ يَقُولُونَ رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ ﴿١٠﴾ ۞ أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ نَافَقُوا يَقُولُونَ لِإِخْوَانِهِمُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ لَئِنْ أُخْرِجْتُمْ لَنَخْرُجَنَّ مَعَكُمْ وَلَا نُطِيعُ فِيكُمْ أَحَدًا أَبَدًا وَإِن قُوتِلْتُمْ لَنَنصُرَنَّكُمْ وَاللَّهُ يَشْهَدُ إِنَّهُمْ لَكَاذِبُونَ ﴿١١﴾ لَئِنْ أُخْرِجُوا لَا يَخْرُجُونَ مَعَهُمْ وَلَئِن قُوتِلُوا لَا يَنصُرُونَهُمْ وَلَئِن نَّصَرُوهُمْ لَيُوَلُّنَّ الْأَدْبَارَ ثُمَّ لَا يُنصَرُونَ ﴿١٢﴾ لَأَنتُمْ أَشَدُّ رَهْبَةً فِي صُدُورِهِم مِّنَ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُونَ ﴿١٣﴾ لَا يُقَاتِلُونَكُمْ جَمِيعًا إِلَّا فِي قُرًى مُّحَصَّنَةٍ أَوْ مِن وَرَاءِ جُدُرٍ ۚ بَأْسُهُم بَيْنَهُمْ شَدِيدٌ ۚ تَحْسَبُهُمْ جَمِيعًا وَقُلُوبُهُمْ شَتَّىٰ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَعْقِلُونَ ﴿١٤﴾ كَمَثَلِ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ قَرِيبًا ۖ ذَاقُوا وَبَالَ أَمْرِهِمْ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ ﴿١٥﴾ كَمَثَلِ الشَّيْطَانِ إِذْ قَالَ لِلْإِنسَانِ اكْفُرْ فَلَمَّا كَفَرَ قَالَ إِنِّي بَرِيءٌ مِّنكَ إِنِّي أَخَافُ اللَّهَ رَبَّ الْعَالَمِينَ ﴿١٦﴾فَكَانَ عَاقِبَتَهُمَا أَنَّهُمَا فِي النَّارِ خَالِدَيْنِ فِيهَا ۚ وَذَٰلِكَ جَزَاءُ الظَّالِمِينَ ﴿١٧﴾ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ ﴿١٨﴾ وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ نَسُوا اللَّهَ فَأَنسَاهُمْ أَنفُسَهُمْ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الْفَاسِقُونَ ﴿١٩﴾ لَا يَسْتَوِي أَصْحَابُ النَّارِ وَأَصْحَابُ الْجَنَّةِ ۚ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ هُمُ الْفَائِزُونَ ﴿٢٠﴾ لَوْ أَنزَلْنَا هَٰذَا الْقُرْآنَ عَلَىٰ جَبَلٍ لَّرَأَيْتَهُ خَاشِعًا مُّتَصَدِّعًا مِّنْ خَشْيَةِ اللَّهِ ۚ وَتِلْكَ الْأَمْثَالُ نَضْرِبُهَا لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُونَ ﴿٢١﴾ هُوَ اللَّهُ الَّذِي لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ ۖ هُوَ الرَّحْمَٰنُ الرَّحِيمُ ﴿٢٢﴾ هُوَ اللَّهُ الَّذِي لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ الْمَلِكُ الْقُدُّوسُ السَّلَامُ الْمُؤْمِنُ الْمُهَيْمِنُ الْعَزِيزُ الْجَبَّارُ الْمُتَكَبِّرُ ۚ سُبْحَانَ اللَّهِ عَمَّا يُشْرِكُونَ ﴿٢٣﴾ هُوَ اللَّهُ الْخَالِقُ الْبَارِئُ الْمُصَوِّرُ ۖ لَهُ الْأَسْمَاءُ الْحُسْنَىٰ ۚ يُسَبِّحُ لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ ﴿٢٤﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Isen - isening langit lan bumi padha nyebut maha suci ing Allah, Allah iku Maha Mulya tur wicaksana.
  2. Allah iku kang metokake para wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab saka ing omahe (kampung - kampunge) nalika pangusiran kang kawitan (saka Madinah marang Syam yaiku wong yahudi Bani Nadhir). Sira ora ngira yen wong kafir mau kelakon metu panyananira omahe sarehne padha sentosa kaya - kaya bisa nulak siksaning Allah. Siksaning Allah nekani sikafir mau ora kenyanan Allah geterake atine si kafir banjur padha wedi banget, dheweke ngrusak omah - omahe kanthi tangane lan tangane wong mukmin. Mara padha dadi tulodho lelakon iki, he wong kang padha duwe pikir.
  3. Manawa ora karana Allah wis nemtokake kelawan pesthen wong kafir mau kelakon lunga saka omahe, Allah mesthi nyiksa wong kafir mau ana donya, lan kanggo dheweke ing akherat dipatrapi siksa neraka.
  4. Kang mangkono iku, marga wong kafir padha nyulayani Allah lan utusane. Sing sapa nyulayani Allah bakal dipatrapi siksa. Allah iku siksane abot.
  5. Yen sira negor wit kurma utawa sira nengake wae isih ngadek kaya mau - maune, rong bab mau kelawan lilane Allah, anggone mangkono mau supaya wong fasik (duraka) ketok remehe.
  6. Apa wae bandha rampasan kang diparingake dening Allah marang utusane saka tangane (Yahudi Bani Nadhir) kowe pra kangelan budhalake (nunggang) jaran utawa onta, nanging Allah piyambak ngunggulake utusane utawa karo wong kang dikersakake. Allah iku nguwasani kabeh barang.
  7. Dene barang kang wis diparingake bali dening Allah marang utusane saka tangane wong padesan, iku kagungane Allah, Utusane, para keluargane, para bocah yatim, para wong miskin, wong kang ana ing paran (musafir), supaya barang jarahan mau aja mung tiba ing tangane kancamu kang padha sugih wae. Samu barang kang diparengake dening Rosul tampanana. Dene barang kang ora pareng padha tinggalen. Padha bektia ing Allah, awit Allah iku siksane abot.
  8. Barang mau dadi darbeke para sahabat fekri kang padha dherek ngalih (hijrah saka Makkah datheng Madinah) kang padha diusir saka ngomahe, ninggal bandhane, mung ngarep - arep sih kanugrahan lan lilane Allah lan padha biyantu ing Allah lan utusane. Kabeh mau wong kang tetep temen prasetiyane ing Allah.
  9. Dene para sahabat kang wis manggon ana ing Madinah sadurunge rawuhe Rosul padha pracaya ing Allah lan padha asih marang wong kang pindhah (hijroh) atine ora meri apa kang diparingake marang dheweke (Muhajirin) malah padha ngalah bab samu barang sanadiyan awake dhewe iya butuh. Sing sapa bisa nyingkiri saka medhit dheweke kalebu wong kang begja.
  10. Dene para sahabat kang teka anyar (Muhajirin lan Anshor) dheweke padha donga, "Ya Allah, Paduka mugi ngapuraha dhumateng kula saha para sadherek kula, ingkang anggenipun iman ing Paduka ngrumiyini kawula, sampun ngantos manah kula drengki dhateng para Mukmin, Paduka menika welas asih".
  11. Apa ora deleng para wong lamis padha ngandhani para sadulure wong kafir kang duwe wewaton Kitab (Ahli Kitab), "Menawa kowe nganti diusir saka kene (Madinah) aku mesthi melu lunga. Aku salawase mangsa gelema melu nyulayani kowe. Menawa kowe arep dipateni aku ngrewangi kowe". Kandhane wong lamis mangkono mau bakal cidra.
  12. Manawa wong kafir (kang duwe Kitab) mau ditundhung, wong lamis mesthi ora gelem melu, lan manawa dipateni ora gelem ngrewangi. Dene manawa gelem grewangi mesthi padha kalah lan keplayu. Wekasane ora ana kang bisa nulungi wong lamis.
  13. Wong lamis mau atine wedi banget marang sira ngungkuli wedine ing Allah. Anggone mangkono mau, marga wong lamis ora weruh kuwasane Allah.
  14. Wong Yahudi kabeh wae ora ana kang wani perang nglawan sira kajaba yen ana ing padesan kang santosa lan manawa benten. Panyanamu dheweke padha rukun, nanging satemene atine padha sulaya. Marga kabeh wae satemene golongan kang ora mangerti.
  15. Iku padha lelakone (wong Makkah Bani Qainuqa) sing durung suwe sakdurunge dheweke padha ngrasakake akibat lelakone dhewe bareng ana akherat uga dipatrapi siksa kang nglarani.
  16. (Panggodhane wong lamis) Kaya dhene panggodane syaitan marang manungsa kang kandha, "Kafira kowe". Nalikane para manungsa wis padha kafir banjur kandha, "Aku ora melu - melu angonmu kafir. Aku wedi ing Allah kang nguwasani alam kabeh".
  17. Wekasane syetan lan wong kang kena ing panggodha, loro pisan padha disiksa ana ing neraka, sarta padha langgeng iya iku patrapane wong kafir.
  18. Para mukmin, padha bektia ing Allah. Kabeh wae padha nggatekna apa sing wis ditindhakake kanggo dina sesuk (akherat). Padha bektia ing Allah, satemene Allah iku waspada marang samu barang kang padha sira lakoni.
  19. Aja kaya wong kang lali ora ngabekti ing Allah, tumuli Allah dadekake dheweke lali anggone murih becik marang awake dhewe. Kang mangkono iku kabeh padha duraka.
  20. Ora padha wong ahli neraka lan ahli suwarga? wong ahli suwarga iku kabeh padha begja.
  21. Upama gunung iku duwe pangerti, sarta Ingsun dhawuhake al-Quran iku mesthi sira deleng gunung mau konjem pecah - pecah sebab saking weine ing Allah. Upama mangkono mau Ingsun terapake marang manungsa supaya manungsa padha mikira agunge Allah.
  22. Hiya iku Allah, ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang nguningani samu barang kang samar - samar sarta kang ketok cetha hiya iku Allah Kang Maha Murah tur Maha Asih.
  23. Hiya iku Allah, ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah. Panguwasa, Kang Maha Suci, Kang Paring Selamet, Kang Paring tandha yekti kahelokan marang Utusane, kang Nguningani sabarang lakune kawula, Kang Maha Mulya, Kang Masesa, tur Kang Maha Agung. Allah iku Maha Suci. Adoh banget yen kaya panemune wong mangro tingal.
  24. Hiya iku Allah, kang gawe samu barang iku kabeh. Kang murwani samu barang, kang gawe sarupaning wangun rupa kang kagungan asma becik. Isining langit lan bumi kabeh padha nyebt, "Maha Suci ing Allah". Allah iku Maha Mulya tur Maha Wicaksana.[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas