Jv/Al-Quran/Al Waaqi’ah

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Al-Waaqi'ah
Informasi
Arti '
golongan Madaniyyah
Juz Juz 27
Statistik
Jumlah ruku' ruku'
Jumlah ayat 96 ayat

Surat Al-Waaqi'ah punika surat ingkang kaping 56, anggadahi 96 ayat lan termasuk golongan surat madaniyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
إِذَا وَقَعَتِ الْوَاقِعَةُ ﴿١﴾ لَيْسَ لِوَقْعَتِهَا كَاذِبَةٌ ﴿٢﴾ خَافِضَةٌ رَّافِعَةٌ ﴿٣﴾ إِذَا رُجَّتِ الْأَرْضُ رَجًّا ﴿٤﴾ وَبُسَّتِ الْجِبَالُ بَسًّا ﴿٥﴾ فَكَانَتْ هَبَاءً مُّنبَثًّا ﴿٦﴾ وَكُنتُمْ أَزْوَاجًا ثَلَاثَةً ﴿٧﴾ فَأَصْحَابُ الْمَيْمَنَةِ مَا أَصْحَابُ الْمَيْمَنَةِ ﴿٨﴾ وَأَصْحَابُ الْمَشْأَمَةِ مَا أَصْحَابُ الْمَشْأَمَةِ ﴿٩﴾ وَالسَّابِقُونَ السَّابِقُونَ ﴿١٠﴾ أُولَٰئِكَ الْمُقَرَّبُونَ ﴿١١﴾ فِي جَنَّاتِ النَّعِيمِ ﴿١٢﴾ ثُلَّةٌ مِّنَ الْأَوَّلِينَ ﴿١٣﴾ وَقَلِيلٌ مِّنَ الْآخِرِينَ ﴿١٤﴾ عَلَىٰ سُرُرٍ مَّوْضُونَةٍ ﴿١٥﴾ مُّتَّكِئِينَ عَلَيْهَا مُتَقَابِلِينَ ﴿١٦﴾يَطُوفُ عَلَيْهِمْ وِلْدَانٌ مُّخَلَّدُونَ ﴿١٧﴾ بِأَكْوَابٍ وَأَبَارِيقَ وَكَأْسٍ مِّن مَّعِينٍ ﴿١٨﴾ لَّا يُصَدَّعُونَ عَنْهَا وَلَا يُنزِفُونَ ﴿١٩﴾ وَفَاكِهَةٍ مِّمَّا يَتَخَيَّرُونَ ﴿٢٠﴾ وَلَحْمِ طَيْرٍ مِّمَّا يَشْتَهُونَ ﴿٢١﴾ وَحُورٌ عِينٌ ﴿٢٢﴾ كَأَمْثَالِ اللُّؤْلُؤِ الْمَكْنُونِ ﴿٢٣﴾ جَزَاءً بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ ﴿٢٤﴾ لَا يَسْمَعُونَ فِيهَا لَغْوًا وَلَا تَأْثِيمًا ﴿٢٥﴾ إِلَّا قِيلًا سَلَامًا سَلَامًا ﴿٢٦﴾ وَأَصْحَابُ الْيَمِينِ مَا أَصْحَابُ الْيَمِينِ ﴿٢٧﴾ فِي سِدْرٍ مَّخْضُودٍ ﴿٢٨﴾ وَطَلْحٍ مَّنضُودٍ ﴿٢٩﴾ وَظِلٍّ مَّمْدُودٍ ﴿٣٠﴾ وَمَاءٍ مَّسْكُوبٍ ﴿٣١﴾ وَفَاكِهَةٍ كَثِيرَةٍ ﴿٣٢﴾ لَّا مَقْطُوعَةٍ وَلَا مَمْنُوعَةٍ ﴿٣٣﴾ وَفُرُشٍ مَّرْفُوعَةٍ ﴿٣٤﴾ إِنَّا أَنشَأْنَاهُنَّ إِنشَاءً ﴿٣٥﴾ فَجَعَلْنَاهُنَّ أَبْكَارًا ﴿٣٦﴾ عُرُبًا أَتْرَابًا ﴿٣٧﴾ لِّأَصْحَابِ الْيَمِينِ ﴿٣٨﴾ ثُلَّةٌ مِّنَ الْأَوَّلِينَ ﴿٣٩﴾ وَثُلَّةٌ مِّنَ الْآخِرِينَ ﴿٤٠﴾ وَأَصْحَابُ الشِّمَالِ مَا أَصْحَابُ الشِّمَالِ ﴿٤١﴾ فِي سَمُومٍ وَحَمِيمٍ ﴿٤٢﴾ وَظِلٍّ مِّن يَحْمُومٍ ﴿٤٣﴾ لَّا بَارِدٍ وَلَا كَرِيمٍ ﴿٤٤﴾ إِنَّهُمْ كَانُوا قَبْلَ ذَٰلِكَ مُتْرَفِينَ ﴿٤٥﴾ وَكَانُوا يُصِرُّونَ عَلَى الْحِنثِ الْعَظِيمِ ﴿٤٦﴾ وَكَانُوا يَقُولُونَ أَئِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَعِظَامًا أَإِنَّا لَمَبْعُوثُونَ ﴿٤٧﴾ أَوَآبَاؤُنَا الْأَوَّلُونَ ﴿٤٨﴾ قُلْ إِنَّ الْأَوَّلِينَ وَالْآخِرِينَ ﴿٤٩﴾ لَمَجْمُوعُونَ إِلَىٰ مِيقَاتِ يَوْمٍ مَّعْلُومٍ ﴿٥٠﴾ثُمَّ إِنَّكُمْ أَيُّهَا الضَّالُّونَ الْمُكَذِّبُونَ ﴿٥١﴾ لَآكِلُونَ مِن شَجَرٍ مِّن زَقُّومٍ ﴿٥٢﴾ فَمَالِئُونَ مِنْهَا الْبُطُونَ ﴿٥٣﴾ فَشَارِبُونَ عَلَيْهِ مِنَ الْحَمِيمِ ﴿٥٤﴾ فَشَارِبُونَ شُرْبَ الْهِيمِ ﴿٥٥﴾ هَٰذَا نُزُلُهُمْ يَوْمَ الدِّينِ ﴿٥٦﴾ نَحْنُ خَلَقْنَاكُمْ فَلَوْلَا تُصَدِّقُونَ ﴿٥٧﴾ أَفَرَأَيْتُم مَّا تُمْنُونَ ﴿٥٨﴾ أَأَنتُمْ تَخْلُقُونَهُ أَمْ نَحْنُ الْخَالِقُونَ ﴿٥٩﴾ نَحْنُ قَدَّرْنَا بَيْنَكُمُ الْمَوْتَ وَمَا نَحْنُ بِمَسْبُوقِينَ ﴿٦٠﴾ عَلَىٰ أَن نُّبَدِّلَ أَمْثَالَكُمْ وَنُنشِئَكُمْ فِي مَا لَا تَعْلَمُونَ ﴿٦١﴾ وَلَقَدْ عَلِمْتُمُ النَّشْأَةَ الْأُولَىٰ فَلَوْلَا تَذَكَّرُونَ ﴿٦٢﴾ أَفَرَأَيْتُم مَّا تَحْرُثُونَ ﴿٦٣﴾ أَأَنتُمْ تَزْرَعُونَهُ أَمْ نَحْنُ الزَّارِعُونَ ﴿٦٤﴾ لَوْ نَشَاءُ لَجَعَلْنَاهُ حُطَامًا فَظَلْتُمْ تَفَكَّهُونَ ﴿٦٥﴾ إِنَّا لَمُغْرَمُونَ ﴿٦٦﴾ بَلْ نَحْنُ مَحْرُومُونَ ﴿٦٧﴾ أَفَرَأَيْتُمُ الْمَاءَ الَّذِي تَشْرَبُونَ ﴿٦٨﴾ أَأَنتُمْ أَنزَلْتُمُوهُ مِنَ الْمُزْنِ أَمْ نَحْنُ الْمُنزِلُونَ ﴿٦٩﴾ لَوْ نَشَاءُ جَعَلْنَاهُ أُجَاجًا فَلَوْلَا تَشْكُرُونَ ﴿٧٠﴾ أَفَرَأَيْتُمُ النَّارَ الَّتِي تُورُونَ ﴿٧١﴾ أَأَنتُمْ أَنشَأْتُمْ شَجَرَتَهَا أَمْ نَحْنُ الْمُنشِئُونَ ﴿٧٢﴾ نَحْنُ جَعَلْنَاهَا تَذْكِرَةً وَمَتَاعًا لِّلْمُقْوِينَ ﴿٧٣﴾ فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيمِ ﴿٧٤﴾ ۞ فَلَا أُقْسِمُ بِمَوَاقِعِ النُّجُومِ ﴿٧٥﴾ وَإِنَّهُ لَقَسَمٌ لَّوْ تَعْلَمُونَ عَظِيمٌ ﴿٧٦﴾إِنَّهُ لَقُرْآنٌ كَرِيمٌ ﴿٧٧﴾ فِي كِتَابٍ مَّكْنُونٍ ﴿٧٨﴾ لَّا يَمَسُّهُ إِلَّا الْمُطَهَّرُونَ ﴿٧٩﴾ تَنزِيلٌ مِّن رَّبِّ الْعَالَمِينَ ﴿٨٠﴾ أَفَبِهَٰذَا الْحَدِيثِ أَنتُم مُّدْهِنُونَ ﴿٨١﴾ وَتَجْعَلُونَ رِزْقَكُمْ أَنَّكُمْ تُكَذِّبُونَ ﴿٨٢﴾ فَلَوْلَا إِذَا بَلَغَتِ الْحُلْقُومَ ﴿٨٣﴾ وَأَنتُمْ حِينَئِذٍ تَنظُرُونَ ﴿٨٤﴾ وَنَحْنُ أَقْرَبُ إِلَيْهِ مِنكُمْ وَلَٰكِن لَّا تُبْصِرُونَ ﴿٨٥﴾ فَلَوْلَا إِن كُنتُمْ غَيْرَ مَدِينِينَ ﴿٨٦﴾ تَرْجِعُونَهَا إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ ﴿٨٧﴾ فَأَمَّا إِن كَانَ مِنَ الْمُقَرَّبِينَ ﴿٨٨﴾ فَرَوْحٌ وَرَيْحَانٌ وَجَنَّتُ نَعِيمٍ ﴿٨٩﴾ وَأَمَّا إِن كَانَ مِنْ أَصْحَابِ الْيَمِينِ ﴿٩٠﴾ فَسَلَامٌ لَّكَ مِنْ أَصْحَابِ الْيَمِينِ ﴿٩١﴾ وَأَمَّا إِن كَانَ مِنَ الْمُكَذِّبِينَ الضَّالِّينَ ﴿٩٢﴾ فَنُزُلٌ مِّنْ حَمِيمٍ ﴿٩٣﴾ وَتَصْلِيَةُ جَحِيمٍ ﴿٩٤﴾ إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ حَقُّ الْيَقِينِ ﴿٩٥﴾ فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيمِ ﴿٩٦﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Besuk nalikane dina qiyamat kelakon.
  2. Kelakone dina qiyamat mau ora bakal goroh.
  3. Ing dina iku kenyataan ngasorake (wong kafir) lan junjung (wong mukmin).
  4. Ing dina iku ana lindhu gedhe, bumi gonjang - ganjing.
  5. Sakabehe gunung nganti padha ajur kabeh.
  6. Nganti dadi bleduk kang mabul - mabul.
  7. Ing kono sira diperang dadi telung warna.
  8. Kang sapisan golongan tengen, iku wong begja banget.
  9. Kang kapindho golongan kiwa, iku wong cilaka banget.
  10. Kaping telu wong kang dhisik dhewe anggone nglakone becik (para nabi).
  11. Yaiku wong kang kecedhak Allah.
  12. Bakal diganjar suwarga Na'im.
  13. Wong mangkono mau kang akeh ummat kuna.
  14. Dene ummat zaman wekasan iki mung sethithik.
  15. Dheweke ana suwarga padha linggih ing kursi kang dipaesi emas lan berlian.
  16. Padha sendhen adhep - adhepan karo kancane.
  17. Dheweke diladeni bocah enom kang ora bisa tua.
  18. Padha ngladekake gelas, ceret lan pangomben kang dijupuk saka banyu kang mili.
  19. Anggone ngombe mung enak, tanpa mendem utawa ngelu.
  20. Lan ngladekake wong - wohan akeh tur warna - warna bisa milih.
  21. Lan uga ngladekake daging manuk kang bisa milih.
  22. Ana widadari kang paningale padha kocak.
  23. Kaya dene mutiawa kang kasimpen becik.
  24. Tumanjak ganjaraning kabecikan kang wis padha dilakoni.
  25. Ana suwarga ora tau krungu celathu hala kang dadi dosa.
  26. Mung krungu pangucap, "Wilujeng, wilujeng" kang ngresepake.
  27. Denen golongan tengen, begja banget golongan tengen.
  28. Manggon ing suwarga kang ana wite Widora tanpa eri.
  29. Lan ana wite gedhang kang susun - susun.
  30. Kang eyub salawase.
  31. Lan ana banyu umbu anget salawase.
  32. Lan ana woh - wohane akeh tur warna - warna.
  33. Ora tau entek ora usah tuku (kena jupuk sak karepe).
  34. Lan ana kasur kandel kang empuk.
  35. Allah gawe sarupaning widadari mau tanpa lahir dhisik (saka guwa garbaning ibu).
  36. Pada Ingsun dadhekake perawan selawase.
  37. Padha sih tresna, kang nomerampak.
  38. Padha Ingsun paringake dadi jodhone golongan tengen.
  39. Ummate (nabi) zaman kuna.
  40. Lan para umat kang wekasan iki.
  41. Lan golongan kiwa, sapa ta golongan kiwa?
  42. Padha disiksa angin samun (kang panas banget) lan banyu kang umop.
  43. Lan anan pepeteng saka kukus kang ireng banget.
  44. Ora pisan adhem lan ora nyenengake.
  45. Nalika urip ana donya uripe padha leluwihan.
  46. Lan dheweke terus - terusan anggone nindhakake dosa gedhe.
  47. Lan padha ngucap, "Apa nyata besuk yen aku wis mati sarta dadi lemah, lan dadi balung, jarene bakal diuripake maneh?"
  48. Apa dene bapak - bapakku zaman kuna, apa hiya diuripake maneh?
  49. Sira dhawuha, "Para bapakmu ing zaman kuna, lan para turunanmu kang saiki durung ana".
  50. Besuk dina Qiyamat kang wis tinamtokake dening Allah, bakal padha dikumpulake.
  51. He wong kang padha kesaar maido pangandikaning Allah.
  52. Sawise mangkono sira padha mangan wohe kayu zaqum.
  53. Nganti padha kebak wetenge.
  54. Nuli padha ngombe weang kang panas gegirisi.
  55. Anggone ngombe kaya onta kang ngelak banget.
  56. Iki pangancame Allah marang para wong kafir, kelakone besuk dina qiyamat.
  57. Ingsun (Allah) iki kang gawe awakira, yagene sira padha ora ngandel (dina qiyamat).
  58. Kapriye panemunira bab nuthfah marang peranakane wong wadon? (banjur dadi bayi).
  59. Kang gawe bayi mau sira apa Ingsun?
  60. Ingsun nemtokake mati marang sira kabeh, Ingsun kuwasa, ora ana kang bisa murungake karsaningsun.
  61. Sanadyan Ingsun kersa gawe wong kang rupane ceples (padha) sarta disalini rupa sedhengah rupa kang sira ora weruh mesthi kaleksanan.
  62. Sira wis weruh bakale manungsa kawitan (hiya iku lemah) yagene sira ora padha niti periksa (yengingsun iki kawasa).
  63. Kapriye panemumu bab angginmu tetanen?
  64. Kang nukulake wiji iku sira apa Ingsun?
  65. Umpama ana parenge karsa ningsun, metune woh mau Ingsun gawe gabug mesthi kelakon. sira banjur getun.
  66. Pangucapmu, "Aku iki kapitunan".
  67. "Aku iki dipenet rizkiku".
  68. Kapriye panemumu bab banyu udan kang padha sira ombe?
  69. Kang nurunake banyu udan saka mega, sira apa Ingsun?
  70. Upama ana parenge karsaningsun, banyu udan Ingsun dadekake asin mesthi kelakon. Yagene ora padha gedhe panuwunmu?
  71. Kapriye panemumu, mungguh geni anggonira ngurubake?
  72. Kang nganakake kayu sira apa Ingsun?
  73. Geni iku Ingsun anggo sasmitaning (geni nerika) lan dianggo kabungahaning wong kang padha melaku.
  74. Mulane sira nyebutho Maha Suci asmaning Pangeranira kang Maha Agung.
  75. Ingsun supata kelawan panggonan metune lan suruping lintang.
  76. Manawa sira weruh, supata mau supata gedhe.
  77. Kang didhawuhake marang sira iku Quran kang mulya.
  78. Tinuli ana kitab kang rineksa (Lauhil Mahfudz).
  79. Ora bakal anggeplok Qur'an kajaba wong kang padha suci, (saka hadast cilik lan gedhe).
  80. Diturunake saka Allah pangerane wong sajagad.
  81. Apa sira padha ngremehake utawa maido Qur'an iki?
  82. Sira ganthi rizki (kang diparingake Allah) kanti gorohake (Allah).
  83. Ya gene nalika nywane mayit lagi tekan gurung?
  84. Ing kono sira mung padha ngedeleng marang mayit.
  85. Ingsun luwih cedhak marang wong lelaku mau tinimbang sira, ewodene sira padha ora weruh.
  86. Ya gene yen sira ngaku ora kawengku wasesaning Allah.
  87. Teka ora bisa balekake nyawa marang wadhage, yen pengakuira temen, mara sira balekna nyawa mau.
  88. Manawa mayit mau ewone wong kachedak ing Allah.
  89. Matine mesthi kepenak kanthi bungah lan oleh ganjaran suwarga kanikmatan.
  90. Dene yen kalebu golongan tengen.
  91. Wong mau mesthi selamet amarga sira klebu golongan tengen.
  92. Dene yen hewone wong maido pangandikanging Allah kang padha kesasar.
  93. Mesthi kecemplung wedang kang umop (panas banget).
  94. Lan diobong ana neraka.
  95. (Kang kasebut iki) satemene keyakinan kang bener.
  96. Mulane sira nyebuto Maha Suci asmaning Pangeranira kang Maha Agung.[2]

Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas