Jv/Al-Quran/Al Mumtahanah

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Al-Mumtahanah
الممتحنة
Informasi
Arti Panyoba
golongan Madaniyyah
Juz Juz 28
Statistik
Jumlah ruku' ruku'
Jumlah ayat 13 ayat

Surat Al-Insyirah punika surat ingkang kaping 94, anggadahi 8 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّخِذُوا عَدُوِّي وَعَدُوَّكُمْ أَوْلِيَاءَ تُلْقُونَ إِلَيْهِم بِالْمَوَدَّةِ وَقَدْ كَفَرُوا بِمَا جَاءَكُم مِّنَ الْحَقِّ يُخْرِجُونَ الرَّسُولَ وَإِيَّاكُمْ ۙ أَن تُؤْمِنُوا بِاللَّهِ رَبِّكُمْ إِن كُنتُمْ خَرَجْتُمْ جِهَادًا فِي سَبِيلِي وَابْتِغَاءَ مَرْضَاتِي ۚ تُسِرُّونَ إِلَيْهِم بِالْمَوَدَّةِ وَأَنَا أَعْلَمُ بِمَا أَخْفَيْتُمْ وَمَا أَعْلَنتُمْ ۚ وَمَن يَفْعَلْهُ مِنكُمْ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاءَ السَّبِيلِ ﴿١﴾ إِن يَثْقَفُوكُمْ يَكُونُوا لَكُمْ أَعْدَاءً وَيَبْسُطُوا إِلَيْكُمْ أَيْدِيَهُمْ وَأَلْسِنَتَهُم بِالسُّوءِ وَوَدُّوا لَوْ تَكْفُرُونَ ﴿٢﴾ لَن تَنفَعَكُمْ أَرْحَامُكُمْ وَلَا أَوْلَادُكُمْ ۚ يَوْمَ الْقِيَامَةِ يَفْصِلُ بَيْنَكُمْ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ ﴿٣﴾ قَدْ كَانَتْ لَكُمْ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِي إِبْرَاهِيمَ وَالَّذِينَ مَعَهُ إِذْ قَالُوا لِقَوْمِهِمْ إِنَّا بُرَآءُ مِنكُمْ وَمِمَّا تَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ كَفَرْنَا بِكُمْ وَبَدَا بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةُ وَالْبَغْضَاءُ أَبَدًا حَتَّىٰ تُؤْمِنُوا بِاللَّهِ وَحْدَهُ إِلَّا قَوْلَ إِبْرَاهِيمَ لِأَبِيهِ لَأَسْتَغْفِرَنَّ لَكَ وَمَا أَمْلِكُ لَكَ مِنَ اللَّهِ مِن شَيْءٍ ۖ رَّبَّنَا عَلَيْكَ تَوَكَّلْنَا وَإِلَيْكَ أَنَبْنَا وَإِلَيْكَ الْمَصِيرُ ﴿٤﴾ رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِّلَّذِينَ كَفَرُوا وَاغْفِرْ لَنَا رَبَّنَا ۖ إِنَّكَ أَنتَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ ﴿٥﴾لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيهِمْ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَن كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ ۚ وَمَن يَتَوَلَّ فَإِنَّ اللَّهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيدُ ﴿٦﴾ ۞ عَسَى اللَّهُ أَن يَجْعَلَ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَ الَّذِينَ عَادَيْتُم مِّنْهُم مَّوَدَّةً ۚ وَاللَّهُ قَدِيرٌ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ ﴿٧﴾ لَّا يَنْهَاكُمُ اللَّهُ عَنِ الَّذِينَ لَمْ يُقَاتِلُوكُمْ فِي الدِّينِ وَلَمْ يُخْرِجُوكُم مِّن دِيَارِكُمْ أَن تَبَرُّوهُمْ وَتُقْسِطُوا إِلَيْهِمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِينَ ﴿٨﴾ إِنَّمَا يَنْهَاكُمُ اللَّهُ عَنِ الَّذِينَ قَاتَلُوكُمْ فِي الدِّينِ وَأَخْرَجُوكُم مِّن دِيَارِكُمْ وَظَاهَرُوا عَلَىٰ إِخْرَاجِكُمْ أَن تَوَلَّوْهُمْ ۚ وَمَن يَتَوَلَّهُمْ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ ﴿٩﴾ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا جَاءَكُمُ الْمُؤْمِنَاتُ مُهَاجِرَاتٍ فَامْتَحِنُوهُنَّ ۖ اللَّهُ أَعْلَمُ بِإِيمَانِهِنَّ ۖ فَإِنْ عَلِمْتُمُوهُنَّ مُؤْمِنَاتٍ فَلَا تَرْجِعُوهُنَّ إِلَى الْكُفَّارِ ۖ لَا هُنَّ حِلٌّ لَّهُمْ وَلَا هُمْ يَحِلُّونَ لَهُنَّ ۖ وَآتُوهُم مَّا أَنفَقُوا ۚ وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ أَن تَنكِحُوهُنَّ إِذَا آتَيْتُمُوهُنَّ أُجُورَهُنَّ ۚ وَلَا تُمْسِكُوا بِعِصَمِ الْكَوَافِرِ وَاسْأَلُوا مَا أَنفَقْتُمْ وَلْيَسْأَلُوا مَا أَنفَقُوا ۚ ذَٰلِكُمْ حُكْمُ اللَّهِ ۖ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ ﴿١٠﴾ وَإِن فَاتَكُمْ شَيْءٌ مِّنْ أَزْوَاجِكُمْ إِلَى الْكُفَّارِ فَعَاقَبْتُمْ فَآتُوا الَّذِينَ ذَهَبَتْ أَزْوَاجُهُم مِّثْلَ مَا أَنفَقُوا ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي أَنتُم بِهِ مُؤْمِنُونَ ﴿١١﴾يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ إِذَا جَاءَكَ الْمُؤْمِنَاتُ يُبَايِعْنَكَ عَلَىٰ أَن لَّا يُشْرِكْنَ بِاللَّهِ شَيْئًا وَلَا يَسْرِقْنَ وَلَا يَزْنِينَ وَلَا يَقْتُلْنَ أَوْلَادَهُنَّ وَلَا يَأْتِينَ بِبُهْتَانٍ يَفْتَرِينَهُ بَيْنَ أَيْدِيهِنَّ وَأَرْجُلِهِنَّ وَلَا يَعْصِينَكَ فِي مَعْرُوفٍ ۙ فَبَايِعْهُنَّ وَاسْتَغْفِرْ لَهُنَّ اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ ﴿١٢﴾ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَوَلَّوْا قَوْمًا غَضِبَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ قَدْ يَئِسُوا مِنَ الْآخِرَةِ كَمَا يَئِسَ الْكُفَّارُ مِنْ أَصْحَابِ الْقُبُورِ ﴿١٣﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Para Mukmi! Sira aja padha asih marang sateruningsun lan uga saterunira. (Hiya iku wong kafir) aja nibakake katresnan marang wong kafir mau. Satemene dheweke mau wis maido ing kebeneran (Islam) sarta padha ngusir marang utusane Allah lan ngusir sira (saka Makkah) ,arga sira padha percaya ing Allah Pangeranira. Manawa sira padha metoni perang netepi agamaningsun lan murih kaparengingsun, aja asih marang wong kafir mau, aja medharake wedine Rosul kelawan bisik - bisik marga saka tresna. ingsun nguningani barang kang sira samarake lan hedheng. Sing sapa bisik - bisik mangkono mau kalebu wong kang kesasar saka agama.
  2. Menawa wong kafir nyekel sira, wusanane dadi musuhmu, tangane tumandang lan cangkeme nyatur ala. Pangarep - arepe sira dadi kafir maneh.
  3. Para sanakmu lan anakmu kang ngajak duraka marang sira iku ora migunani. Besuk qiyamat Allah misahake sira lan sanakmu mau. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakonu.
  4. Sira wis duwe tuntunan becik, hiya iku Ibrahim lan para sahabate padha mituturi marang para ummate (kang isih kafir): "Aku selak marang kowe lan marang sesembahanmu liyane Allah, aku maido marang kowe, "Saiki aku lan kowe dadi seteru lan gegethingan selawas - lawase. Kejaba yen kowe banjur percaya ing Allah piyambak". Nanging Ibrahim matur marang ramane, Panjenengan kula suwunake pangapuraning Allah, awit kula boten saged nguwasani dumateng panjenengan manawi badhe dipun siksa utawi dipun ganjar. Punika namung gumantung karsaning Allah". "Pangeran kawula nyumanggaaken punapa sakersa Paduka. Kawula madhep ing Padhuka, wusananipun samukawis punika wangsul ing ngarsa Paduka".
  5. "Pangeran kawula, sampun ngantos kawula dipun kawonaken kaliyan tiyang kafir, mindhak sangsaya dados panasaran tumrapipun kafir punika. Paduka mugi ngapunten dhumateng kawula. Sayektosipun Paduka punika Maha Mulya tur wicaksana".
  6. Satemene kanggo sira kabeh wis duwe panutan becik (Ibrahim lan sahabate) dadi panutan wong kang bekti ing Allah lan dina akherat. Dene sing sapa mlengos (ora makewuhi) awot Allah iku Maha Sugih lan Pantes ing Ngalembana.
  7. Mugi Allah marangna padha asih - sinasihan antaranira lan marang wong - wong kang nyateru ing sira antarane dheweke. Allah iku kuwasa, kepareng ngapura tur maha asih.
  8. Allah ora nglarangi marang sira, gawe becik lan nindakake adil utawa tepa - tepa marang para wong kafir kang ora perang ngelawan sira perkara rebutan agama, lan ora ngusir saka imahira. Satemene Allah iku remen wong kang padha nindakake tepa utawa adil.
  9. Kang mesthi dilarang dening Allah menawa sira gawe becik utawa asih marang wong kafir kang perang nglawan sira omahira (negaramu) lan bantu (wong liya) kanggo ngusir sira. Sing sapa asih utawa gawe becik marang wong kafir mau iku dheweke nganiaya awake dhewe.
  10. Para mukmin! Manawa ana wong wadon (ngaku) Islam lunga (hijrah) saka panggonane wong kafir iku sira coba-a kelawan disumpah temen mung neja dhemen agama Islam, Allah nguningani temen lan gorohe anggone ngaku percaya ing Allah. Dene manawa sira ngira yen Islam temenan marga gelem sumpah aja sira balekake marang wong kafir. Para wadon mau ora wenang dadi rabine wong kafir, uga wong kafir hiya ora wenang dadi rabi wong wadon mau. Dene maskawin kang wis dibayar balekna. Manawa sira arep nikah wong wadon mau ora ana alangane yen sira bayar maskawine. Sira aja mengku rabi wong wadon kafir, lan sira nagiha maskawine rabinira kang wis sira bayar (manawa rabinira dadi kafir). Mangkono maneh wong kafir manawa rabine dadi Islam, hiya nagiha maskawine kang wis dibayar. Mangkono hukume Allah aknggo ngadili sira kabeh. Allah iku nguningani tur wicaksana.
  11. Menawa sira ora bisa nagih maskawine rabinira kang dadikafir kang mangka sira banjur menang perang ngelawan wong kafir mau iku kang rabine lunga dadi kafir mau sira paringana panduman jarahan sapira akehe maskawin kang wis dibayar, sira padha bektia ing Allah kang sira percaya.
  12. Hai Nabi (Muhammad) manawa sira katekan wong mukmin wadon prasetya ing sira ora bakal mangro tinggal percayane ing Allah, ora bakal ngolong, zina, mateni anake lan ora bakal ngapusi (gawe - gawe) ngaku anak (bocah) kang satemene dudu anake diakokake anak patutan saka lakine marga wedi dipegat jalaran ora ngalihare anak, lan ora nglirwakake panggawe becik kang sira perintahake sira tampanana prasetyane sarta suwuna pangapuraning Allah, satemene Allah kepareng ngapura tur maha asih.
  13. Para mukmin! Aja padha asih tresna marang wong kang padha dibendoni Allah, awit wong mau padha ora oleh begja ana akherat, padha wong kafir kang wis ana kubur hiya padha ora oleh begja ing akhirat.[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas