Jv/Al-Quran/Al Hujurat

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Al-Hujurat
الحجرات
Informasi
Arti Kamar - Kamar
golongan Madaniyyah
Juz Juz 26
Statistik
Jumlah ruku' - ruku'
Jumlah ayat 18 ayat

Surat Al-Hujurat punika surat ingkang kaping 49, anggadahi 18 ayat lan termasuk golongan surat madaniyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تُقَدِّمُوا بَيْنَ يَدَيِ اللَّهِ وَرَسُولِهِ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٌ ﴿١﴾ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَرْفَعُوا أَصْوَاتَكُمْ فَوْقَ صَوْتِ النَّبِيِّ وَلَا تَجْهَرُوا لَهُ بِالْقَوْلِ كَجَهْرِ بَعْضِكُمْ لِبَعْضٍ أَن تَحْبَطَ أَعْمَالُكُمْ وَأَنتُمْ لَا تَشْعُرُونَ ﴿٢﴾ إِنَّ الَّذِينَ يَغُضُّونَ أَصْوَاتَهُمْ عِندَ رَسُولِ اللَّهِ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ امْتَحَنَ اللَّهُ قُلُوبَهُمْ لِلتَّقْوَىٰ ۚ لَهُم مَّغْفِرَةٌ وَأَجْرٌ عَظِيمٌ ﴿٣﴾ إِنَّ الَّذِينَ يُنَادُونَكَ مِن وَرَاءِ الْحُجُرَاتِ أَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُونَ ﴿٤﴾وَلَوْ أَنَّهُمْ صَبَرُوا حَتَّىٰ تَخْرُجَ إِلَيْهِمْ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ ﴿٥﴾ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِن جَاءَكُمْ فَاسِقٌ بِنَبَإٍ فَتَبَيَّنُوا أَن تُصِيبُوا قَوْمًا بِجَهَالَةٍ فَتُصْبِحُوا عَلَىٰ مَا فَعَلْتُمْ نَادِمِينَ ﴿٦﴾ وَاعْلَمُوا أَنَّ فِيكُمْ رَسُولَ اللَّهِ ۚ لَوْ يُطِيعُكُمْ فِي كَثِيرٍ مِّنَ الْأَمْرِ لَعَنِتُّمْ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ حَبَّبَ إِلَيْكُمُ الْإِيمَانَ وَزَيَّنَهُ فِي قُلُوبِكُمْ وَكَرَّهَ إِلَيْكُمُ الْكُفْرَ وَالْفُسُوقَ وَالْعِصْيَانَ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الرَّاشِدُونَ ﴿٧﴾ فَضْلًا مِّنَ اللَّهِ وَنِعْمَةً ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ ﴿٨﴾ وَإِن طَائِفَتَانِ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ اقْتَتَلُوا فَأَصْلِحُوا بَيْنَهُمَا ۖ فَإِن بَغَتْ إِحْدَاهُمَا عَلَى الْأُخْرَىٰ فَقَاتِلُوا الَّتِي تَبْغِي حَتَّىٰ تَفِيءَ إِلَىٰ أَمْرِ اللَّهِ ۚ فَإِن فَاءَتْ فَأَصْلِحُوا بَيْنَهُمَا بِالْعَدْلِ وَأَقْسِطُوا ۖ إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِينَ ﴿٩﴾ إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ إِخْوَةٌ فَأَصْلِحُوا بَيْنَ أَخَوَيْكُمْ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ ﴿١٠﴾ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا يَسْخَرْ قَوْمٌ مِّن قَوْمٍ عَسَىٰ أَن يَكُونُوا خَيْرًا مِّنْهُمْ وَلَا نِسَاءٌ مِّن نِّسَاءٍ عَسَىٰ أَن يَكُنَّ خَيْرًا مِّنْهُنَّ ۖ وَلَا تَلْمِزُوا أَنفُسَكُمْ وَلَا تَنَابَزُوا بِالْأَلْقَابِ ۖ بِئْسَ الِاسْمُ الْفُسُوقُ بَعْدَ الْإِيمَانِ ۚ وَمَن لَّمْ يَتُبْ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ ﴿١١﴾يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اجْتَنِبُوا كَثِيرًا مِّنَ الظَّنِّ إِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ إِثْمٌ ۖ وَلَا تَجَسَّسُوا وَلَا يَغْتَب بَّعْضُكُم بَعْضًا ۚ أَيُحِبُّ أَحَدُكُمْ أَن يَأْكُلَ لَحْمَ أَخِيهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوهُ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ تَوَّابٌ رَّحِيمٌ ﴿١٢﴾ يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّا خَلَقْنَاكُم مِّن ذَكَرٍ وَأُنثَىٰ وَجَعَلْنَاكُمْ شُعُوبًا وَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوا ۚ إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِندَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ ﴿١٣﴾ ۞ قَالَتِ الْأَعْرَابُ آمَنَّا ۖ قُل لَّمْ تُؤْمِنُوا وَلَٰكِن قُولُوا أَسْلَمْنَا وَلَمَّا يَدْخُلِ الْإِيمَانُ فِي قُلُوبِكُمْ ۖ وَإِن تُطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ لَا يَلِتْكُم مِّنْ أَعْمَالِكُمْ شَيْئًا ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ ﴿١٤﴾ إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ ثُمَّ لَمْ يَرْتَابُوا وَجَاهَدُوا بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنفُسِهِمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الصَّادِقُونَ ﴿١٥﴾ قُلْ أَتُعَلِّمُونَ اللَّهَ بِدِينِكُمْ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ ﴿١٦﴾ يَمُنُّونَ عَلَيْكَ أَنْ أَسْلَمُوا ۖ قُل لَّا تَمُنُّوا عَلَيَّ إِسْلَامَكُم ۖ بَلِ اللَّهُ يَمُنُّ عَلَيْكُمْ أَنْ هَدَاكُمْ لِلْإِيمَانِ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ ﴿١٧﴾ إِنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ غَيْبَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَاللَّهُ بَصِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ ﴿١٨﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Para mukmin kabeh, sira aja lancang pangucap lan panggawe tanpa oleh idzining Allah lan Rasule. Sira padha bektia ing Allah Allah, satemene Allah iku miyarsa tur nguningani samu barang.
  2. Para mukmin kabeh, sira aja padha nyerokake suwara ngungkuli suwarane nabi (Muhammad). Lan manawa matur aja padha seru - seru nganti kaua serune anggonira caturan karo kancamu. Mangkono iku nguatiri bok menawa sirna lakunira kang becik tur kowe ora krasa.
  3. Sarupane wong kang nglirihake suarane ana ngarsane Rasul atine dicoba dening ALlah supaya atine bekti. Wong mangkono mau oleh pangapurane dosane lan bakal tompo ganjaran gedhe.
  4. Satemene wong kang wani - wani ngundang marang sira saka jaban kamar, iku kang akeh wong ora genep akale.
  5. Upamane wong mau sareh (sabar) ngenteni anggomu metu nemoni wong mau, luwih becik. Hewa dene Allah iku kersa ngapura tur Maha Asih.
  6. Para mukmin kabeh, manawa sira katekan wong hala, nyaritakake apa - apa iku sira titi priksa kang terang temen lan gorohake. Marga iku nguwatiri, bok menawa kowe banjur kebacut ngukum wong kang satmene ora luput banjur dadekake gela marang tumindakmu.
  7. Sira padha weruha ing kene ana utusane Allah, menawa sira manut miturut marang Rasul ing prakara akeh mesthi ora duraka. Nanging Allah remen yen sira percaya ing Allah. Allah becikake kepercayaan mau ana ing atinira. Lan ora remen yen sira kafir lan hala tandangmu lan duraka (wong kang bekti) mau aran wong kang pinter lan begja.
  8. Hiya iku asih kanugrahane Allah lan peparinge kabungahan Allah iku nguningani samu barang tur wicaksana.
  9. Manawa ana wong mukmin rong golongan padha perang padha rukunna, menawa kang siji saka salah sijine rong golongan mau tumindak nganiaya marang golongan liyane iku sira perangi, nganti manut ing pirukun ngestokake parentahing Allah. Manawa wis manut banjur sira rukunna kelawan adil, satemene Allah remen wong kang padha adil.
  10. Satemene pra mukmin padha dadi sedulur. Mulane padha ngrukunna sedulurmu loro kang padha pasulayan lan bektia Allah supaya oleh asihe.
  11. Para mukmin kabeh, aja padha geguyu (ngina) antarane wong lanang padha wong lanang. Awit kena uga kang digeguyu luwih becik tinimbang kang geguyu. Wong wadon aja uga geguyu marang padha wong wadon awit kang digeguyu kena uga luwih becik. Lan aja padha nacat marang wong liya, awit wong kang dicacat mau banjur males nacat, lan aja padha juluki hala marang wong. Wong iku sawise pracaya Allah cacat banget yen nganti dirangkepi jeneng ala. Sing sapa ora gelem tobat (anggone nrajang larangane) tete[ wong nganiaya awake dhewe.
  12. Para mukmin kabeh, padha ngedhohona panyana elek marang wong, awit sawenehing panyana iku ana kang dadi dosa. Lan aja sok nyebarake wadining wong lan aja ngrasani hala marang padha kancanira. Apa hiya sira iku dhemen mangan daginge sedulure kang wis mati? Bareng kelako mesthi ora doyan. Lan padha bektia ing Allah. Satemene Allah iku narima tobate manungsa tur Maha Asih.
  13. Para manungsa kabeh, Ingsun wis gawe sira wijine saka wong lanang lan wadon, lan Ingsun dadekake pirang - pirang bangsa lan golongan supaya padha tepung (kenal) siji lan sijine. Dene mungguhe Allah sira iku kang aji dhewe, hendi kang banget bektine ing Allah. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur wicaksana.
  14. Wong padesan Arab padha ngucap, "Aku wis percaya (Mukmin)". Sira dawuha, "Kowe durung iman", nanging ngucapa, "Aku iki wong Islam". Iman durung mlebu ing atimu. Dene yen kowe manut miturut ing Allh lan Rasul ora bakal suda sethithik - thithika ganjarane lakumu kang becik. Satemene Allah kpareng ngapura dosa tur Maha Asih.
  15. Kang tetep aran wong mukmin iku sarupane wong kang padha percaya ing Allah lan Rasule. Atine ora pisan - pisan mamang lan ketara anggone tenanan anggone ngistokake dhawuh ngetohake nyawane lan bandhane kanggo ragad nindakake dhawuh Allah (sabilillah) hiya iku wong kang temen imane.
  16. (Muhammad) Dhawuha, "Apa kowe ngaturake agamamu kang kok sungkemi ing Allah. ALlah ikunginingani samu barang isining bumi lan langit. Lan marang sakabehane barang Allah nguningani".
  17. Wong (ing pedesan) mau padha ngaturake dheweke iku padha potang kabecikan anggone Islam marang sira (Muhammad) sira dhawuha, "Kowe aja padha rumasa pitang kabecikan kalawan anggonmu Islam, nanging Allah, iku paring pitulung marang kowe padha diparingi pituduh kapercayan (Iman) manawa sira temen".
  18. Satemene Allah iku nguningani kang samar - samar ana ing bumi lan langit. Allah iku mirsani kabeh barang kang padha kok lakoni.[2]

Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas