Jv/Al-Quran/Ath Thuur

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Ath-Thuur
الطور
Informasi
Arti Bukit Thursina
golongan Makiyyah
Juz Juz 27
Statistik
Jumlah ruku' ruku'
Jumlah ayat 49 ayat

Surat Ath-Thuur punika surat ingkang kaping 52, anggadahi 49 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَالطُّورِ ﴿١﴾ وَكِتَابٍ مَّسْطُورٍ ﴿٢﴾ فِي رَقٍّ مَّنشُورٍ ﴿٣﴾ وَالْبَيْتِ الْمَعْمُورِ ﴿٤﴾ وَالسَّقْفِ الْمَرْفُوعِ ﴿٥﴾ وَالْبَحْرِ الْمَسْجُورِ ﴿٦﴾ إِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ لَوَاقِعٌ ﴿٧﴾ مَّا لَهُ مِن دَافِعٍ ﴿٨﴾ يَوْمَ تَمُورُ السَّمَاءُ مَوْرًا ﴿٩﴾ وَتَسِيرُ الْجِبَالُ سَيْرًا ﴿١٠﴾ فَوَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ ﴿١١﴾ الَّذِينَ هُمْ فِي خَوْضٍ يَلْعَبُونَ ﴿١٢﴾ يَوْمَ يُدَعُّونَ إِلَىٰ نَارِ جَهَنَّمَ دَعًّا ﴿١٣﴾ هَٰذِهِ النَّارُ الَّتِي كُنتُم بِهَا تُكَذِّبُونَ ﴿١٤﴾أَفَسِحْرٌ هَٰذَا أَمْ أَنتُمْ لَا تُبْصِرُونَ ﴿١٥﴾ اصْلَوْهَا فَاصْبِرُوا أَوْ لَا تَصْبِرُوا سَوَاءٌ عَلَيْكُمْ ۖ إِنَّمَا تُجْزَوْنَ مَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ ﴿١٦﴾ إِنَّ الْمُتَّقِينَ فِي جَنَّاتٍ وَنَعِيمٍ ﴿١٧﴾ فَاكِهِينَ بِمَا آتَاهُمْ رَبُّهُمْ وَوَقَاهُمْ رَبُّهُمْ عَذَابَ الْجَحِيمِ ﴿١٨﴾ كُلُوا وَاشْرَبُوا هَنِيئًا بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ ﴿١٩﴾ مُتَّكِئِينَ عَلَىٰ سُرُرٍ مَّصْفُوفَةٍ ۖ وَزَوَّجْنَاهُم بِحُورٍ عِينٍ ﴿٢٠﴾ وَالَّذِينَ آمَنُوا وَاتَّبَعَتْهُمْ ذُرِّيَّتُهُم بِإِيمَانٍ أَلْحَقْنَا بِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَمَا أَلَتْنَاهُم مِّنْ عَمَلِهِم مِّن شَيْءٍ ۚ كُلُّ امْرِئٍ بِمَا كَسَبَ رَهِينٌ ﴿٢١﴾ وَأَمْدَدْنَاهُم بِفَاكِهَةٍ وَلَحْمٍ مِّمَّا يَشْتَهُونَ ﴿٢٢﴾ يَتَنَازَعُونَ فِيهَا كَأْسًا لَّا لَغْوٌ فِيهَا وَلَا تَأْثِيمٌ ﴿٢٣﴾ ۞ وَيَطُوفُ عَلَيْهِمْ غِلْمَانٌ لَّهُمْ كَأَنَّهُمْ لُؤْلُؤٌ مَّكْنُونٌ ﴿٢٤﴾ وَأَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ يَتَسَاءَلُونَ ﴿٢٥﴾ قَالُوا إِنَّا كُنَّا قَبْلُ فِي أَهْلِنَا مُشْفِقِينَ ﴿٢٦﴾ فَمَنَّ اللَّهُ عَلَيْنَا وَوَقَانَا عَذَابَ السَّمُومِ ﴿٢٧﴾ إِنَّا كُنَّا مِن قَبْلُ نَدْعُوهُ ۖ إِنَّهُ هُوَ الْبَرُّ الرَّحِيمُ ﴿٢٨﴾ فَذَكِّرْ فَمَا أَنتَ بِنِعْمَتِ رَبِّكَ بِكَاهِنٍ وَلَا مَجْنُونٍ ﴿٢٩﴾ أَمْ يَقُولُونَ شَاعِرٌ نَّتَرَبَّصُ بِهِ رَيْبَ الْمَنُونِ ﴿٣٠﴾ قُلْ تَرَبَّصُوا فَإِنِّي مَعَكُم مِّنَ الْمُتَرَبِّصِينَ ﴿٣١﴾أَمْ تَأْمُرُهُمْ أَحْلَامُهُم بِهَٰذَا ۚ أَمْ هُمْ قَوْمٌ طَاغُونَ ﴿٣٢﴾ أَمْ يَقُولُونَ تَقَوَّلَهُ ۚ بَل لَّا يُؤْمِنُونَ ﴿٣٣﴾ فَلْيَأْتُوا بِحَدِيثٍ مِّثْلِهِ إِن كَانُوا صَادِقِينَ ﴿٣٤﴾ أَمْ خُلِقُوا مِنْ غَيْرِ شَيْءٍ أَمْ هُمُ الْخَالِقُونَ ﴿٣٥﴾ أَمْ خَلَقُوا السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ ۚ بَل لَّا يُوقِنُونَ ﴿٣٦﴾ أَمْ عِندَهُمْ خَزَائِنُ رَبِّكَ أَمْ هُمُ الْمُصَيْطِرُونَ ﴿٣٧﴾ أَمْ لَهُمْ سُلَّمٌ يَسْتَمِعُونَ فِيهِ ۖ فَلْيَأْتِ مُسْتَمِعُهُم بِسُلْطَانٍ مُّبِينٍ ﴿٣٨﴾ أَمْ لَهُ الْبَنَاتُ وَلَكُمُ الْبَنُونَ ﴿٣٩﴾ أَمْ تَسْأَلُهُمْ أَجْرًا فَهُم مِّن مَّغْرَمٍ مُّثْقَلُونَ ﴿٤٠﴾ أَمْ عِندَهُمُ الْغَيْبُ فَهُمْ يَكْتُبُونَ ﴿٤١﴾ أَمْ يُرِيدُونَ كَيْدًا ۖ فَالَّذِينَ كَفَرُوا هُمُ الْمَكِيدُونَ ﴿٤٢﴾ أَمْ لَهُمْ إِلَٰهٌ غَيْرُ اللَّهِ ۚ سُبْحَانَ اللَّهِ عَمَّا يُشْرِكُونَ ﴿٤٣﴾ وَإِن يَرَوْا كِسْفًا مِّنَ السَّمَاءِ سَاقِطًا يَقُولُوا سَحَابٌ مَّرْكُومٌ ﴿٤٤﴾ فَذَرْهُمْ حَتَّىٰ يُلَاقُوا يَوْمَهُمُ الَّذِي فِيهِ يُصْعَقُونَ ﴿٤٥﴾ يَوْمَ لَا يُغْنِي عَنْهُمْ كَيْدُهُمْ شَيْئًا وَلَا هُمْ يُنصَرُونَ ﴿٤٦﴾ وَإِنَّ لِلَّذِينَ ظَلَمُوا عَذَابًا دُونَ ذَٰلِكَ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ ﴿٤٧﴾ وَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ فَإِنَّكَ بِأَعْيُنِنَا ۖ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ حِينَ تَقُومُ ﴿٤٨﴾ وَمِنَ اللَّيْلِ فَسَبِّحْهُ وَإِدْبَارَ النُّجُومِ ﴿٤٩﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Demi gunung Thur.
  2. Demi Kitab Qur'an kang tinulis.
  3. Ana ing papan kang gumelar.
  4. Demi "Baitul Makmur" (Omah kang dimulyakake).
  5. Demi payon kang dhuwur (langit).
  6. Demi segara kang banyune agung.
  7. Siksaning Allah Pangeranira kelakon temenan.
  8. Siksa mau ora ana kang bisa nulak.
  9. Kelakone besuk dina qiyamat nalika langit obah lan mubeng.
  10. Lan gunung - gunung padha mlaku.
  11. Ing dina iku siksa kang abot dadi patrapane wong kang padha maido (Rasul).
  12. Kang padha ketungkul nglakoni barang kang luput.
  13. Hiya iku nalikane wong kafir padha dijorokake marang neraka jahannam.
  14. Sarta didhawuhi, iki neraka kang padha sira paido biyen.
  15. Apa iki sihir, apa pandelengira rusak dadi ora weruh?
  16. Padha rasakna piye rasane sira bantah panase utawa ora, iku padha wae, kang dipatrapi siksa neraka iku kaluputan kang wis sira lakoni biyen.
  17. Para wong kang padha bekti ing Allah padha ana suwarga panggonan kapenak.
  18. Padha enak - enak nampani ganjaran paringe Pangeran sarta direksa ora kecemplung neraka jahannam.
  19. Padha tampa dhawuh padha mangana lan ngombea, kelawan enak ana suwarga ganjarane penggawe becik kang wis sira lakoni biyen.
  20. Wong ing suwarga padha linggih sendhen ing kursi kang ditata jejer - jejer, lan padha Ingsun dhawuhake widadari kang mripate blalak - blalak.
  21. Wong - wong kang percaya ing Allah kang anake ngatur melu manut percaya anak mau Ingsun helokake bapakne, diganjar padha ganjarane Bapa tanpa disuda sethitik - sethitika. Saben manungsa iku gandhenge karo ngamal sing ditindakake.
  22. Wong ing suwarga padha Ingsun paringi tambahan woh - wohan lan daging kang dipingini.
  23. Ana ing suwarga dheweke padha rebutan gelas kang isine tanpa agawe mendem lan ora dadi pasulayan apa dene anggone ngombe ora duraka.
  24. Lan padha ngubengi sacedhake dheweke punakawane kang rupane bagus - bagus kaya mutiara kang isih ana ing congkoke.
  25. Padha hadhep - hadhepan takon - tinakon karo kancane.
  26. Pangucape, "Kala rumiyen kula nalika wonten ing tengah - tengahing keluarga ajrih sanget dhateng siksaning Allah."
  27. Allah lajeng paring pitulung dhateng kula, dipun reksa biten mlebet neraka.
  28. Sayektosipun rumiyen kula bektos ing Allah, sayektosipun Allah punika damel sahe tur Maha Asih.
  29. Sira ditaberi nyurup - nyurupake (nerangake). Sira dudu guru pagorohan lan dudu wong edan, nanging diparingi kabungahan ing Pangeranira.
  30. Wong mangro tingal malah padha kondha, "(Muhammad) iku pinter nganggit tembang, Hiya tak entenane horeging jagad kang wecana".
  31. Dhawuha, "Hiya padha ngentenana, aku uga ngenteni karo kowe".
  32. Wong mangro tingal anggone kondha mangkono mau, thukul saka akale kang nasar, utawa saka kebangeten anggone dhemen padu?
  33. Dheweke (wong mangro tingal) malah padha kandha, "Dheweke (Muhammad) iku anggone gawe - gawe". Satemene wong mangro tingal mau ora padha iman.
  34. Manawa pangucape temen padha gawea Kitab kang madhani al-Quran (terange lan bergase).
  35. Ana wong mangro tingal iku padha digawe nanging ora ana kang gawe, utawa dheweke iku gawe awake dhewe?
  36. Utawa dheweke padha gawe bumi lan langit? Sejatine dheweke ora ngandel (kang kandhakake dhewe).
  37. Utawa dheweke mau nyekel gedhong pasimpene Pangeranira utawa dheweke kang kuasa?
  38. Apa dheweke duwe ondho (nyang langit) kanggo ngrungokake guneme malaikat ana ing andha mau. Yen mangkono, iya wong kang ngrungokake mau nganakna tandha yekti kang cetha.
  39. Apa nyata Allah peputra putri, lan kowe (kang mangro tingal) padha manak lanang?
  40. Apa anggonira ngondhangake perintah Ku, kango jaluk pituwas marang dheweke, nganti dheweke padha abot anggone nganakake pituwas.
  41. Apa dheweke padha kadunungan kaweruh ghoib, weruh samu barang kang samar banjur padha ditulisi (kena dianggo madoni Muhammad).
  42. Apa dheweke neja maheka marang Sira, pahekane malah bakal balik marang si kafir kabeh.
  43. Apa dheweke mau ngaku duwe Pangeran liyane Allah. Allah iku maha suci , adoh banget yen kaya panemune wong mangro tingal.
  44. Manawa wong kafir mau padha deleng gempalaning langit runtuh, padha ngucap, "iki mega kang tumpuk - tumpuk".
  45. Padha tokna wae nganti tekan dina anggone padha mati.
  46. Yaiku dina kang ora ana gunane pahekane si kafir marang awake sethithik - thithika lan ora ana kang bisa nulungi marang dheweke.
  47. Lan satemene kanggo wong kang nganiaya ana siksa sak durunge mati. Ananging kang akeh ora padha weruh.
  48. Lan padha sabara narima pranataning Pangeranira awit sira tansah Ingsun huningani lan sira nyebuta, "Maha suci" lan memuji ing Pangeranira nalikane sira ngadeg (arep sholat).
  49. Lan ing wayah wengi apadene ing wayah surupe lintang (waktu fajar) sira hiya nyebuta "Maha Suci" ing Allah.[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas