Jv/Al-Quran/Al Muzzammil

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Al-Muzzammil
المزمل
Informasi
Arti Wong Kang Kemulan
golongan Makiyyah
Juz Juz 29
Statistik
Jumlah ruku' 1 ruku'
Jumlah ayat 20 ayat

Surat Al-Muzzammil punika surat ingkang kaping 73, anggadahi 20 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
يَا أَيُّهَا الْمُزَّمِّلُ ﴿١﴾ قُمِ اللَّيْلَ إِلَّا قَلِيلًا ﴿٢﴾ نِّصْفَهُ أَوِ انقُصْ مِنْهُ قَلِيلًا ﴿٣﴾ أَوْ زِدْ عَلَيْهِ وَرَتِّلِ الْقُرْآنَ تَرْتِيلًا ﴿٤﴾ إِنَّا سَنُلْقِي عَلَيْكَ قَوْلًا ثَقِيلًا ﴿٥﴾ إِنَّ نَاشِئَةَ اللَّيْلِ هِيَ أَشَدُّ وَطْئًا وَأَقْوَمُ قِيلًا ﴿٦﴾ إِنَّ لَكَ فِي النَّهَارِ سَبْحًا طَوِيلًا ﴿٧﴾ وَاذْكُرِ اسْمَ رَبِّكَ وَتَبَتَّلْ إِلَيْهِ تَبْتِيلًا ﴿٨﴾ رَّبُّ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ فَاتَّخِذْهُ وَكِيلًا ﴿٩﴾ وَاصْبِرْ عَلَىٰ مَا يَقُولُونَ وَاهْجُرْهُمْ هَجْرًا جَمِيلًا ﴿١٠﴾ وَذَرْنِي وَالْمُكَذِّبِينَ أُولِي النَّعْمَةِ وَمَهِّلْهُمْ قَلِيلًا ﴿١١﴾ إِنَّ لَدَيْنَا أَنكَالًا وَجَحِيمًا ﴿١٢﴾ وَطَعَامًا ذَا غُصَّةٍ وَعَذَابًا أَلِيمًا ﴿١٣﴾ يَوْمَ تَرْجُفُ الْأَرْضُ وَالْجِبَالُ وَكَانَتِ الْجِبَالُ كَثِيبًا مَّهِيلًا ﴿١٤﴾ إِنَّا أَرْسَلْنَا إِلَيْكُمْ رَسُولًا شَاهِدًا عَلَيْكُمْ كَمَا أَرْسَلْنَا إِلَىٰ فِرْعَوْنَ رَسُولًا ﴿١٥﴾ فَعَصَىٰ فِرْعَوْنُ الرَّسُولَ فَأَخَذْنَاهُ أَخْذًا وَبِيلًا ﴿١٦﴾ فَكَيْفَ تَتَّقُونَ إِن كَفَرْتُمْ يَوْمًا يَجْعَلُ الْوِلْدَانَ شِيبًا ﴿١٧﴾ السَّمَاءُ مُنفَطِرٌ بِهِ ۚ كَانَ وَعْدُهُ مَفْعُولًا ﴿١٨﴾ إِنَّ هَٰذِهِ تَذْكِرَةٌ ۖ فَمَن شَاءَ اتَّخَذَ إِلَىٰ رَبِّهِ سَبِيلًا ﴿١٩﴾۞ إِنَّ رَبَّكَ يَعْلَمُ أَنَّكَ تَقُومُ أَدْنَىٰ مِن ثُلُثَيِ اللَّيْلِ وَنِصْفَهُ وَثُلُثَهُ وَطَائِفَةٌ مِّنَ الَّذِينَ مَعَكَ ۚ وَاللَّهُ يُقَدِّرُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ ۚ عَلِمَ أَن لَّن تُحْصُوهُ فَتَابَ عَلَيْكُمْ ۖ فَاقْرَءُوا مَا تَيَسَّرَ مِنَ الْقُرْآنِ ۚ عَلِمَ أَن سَيَكُونُ مِنكُم مَّرْضَىٰ ۙ وَآخَرُونَ يَضْرِبُونَ فِي الْأَرْضِ يَبْتَغُونَ مِن فَضْلِ اللَّهِ ۙ وَآخَرُونَ يُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۖ فَاقْرَءُوا مَا تَيَسَّرَ مِنْهُ ۚ وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَأَقْرِضُوا اللَّهَ قَرْضًا حَسَنًا ۚ وَمَا تُقَدِّمُوا لِأَنفُسِكُم مِّنْ خَيْرٍ تَجِدُوهُ عِندَ اللَّهِ هُوَ خَيْرًا وَأَعْظَمَ أَجْرًا ۚ وَاسْتَغْفِرُوا اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ ﴿٢٠﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. He wong kang kemulan (Muhammad).
  2. Sira tangiya sholat ing wayah wengi mung kena leren sedhela (kanggo turu).
  3. Sholata setengah wengi utawa suda sethithik (dadi mung saprotelone wengi).
  4. Utawa tambahan (dari rong protelon wengi) sarta macaa al-Quran kang patitis wacanira.
  5. Ingsun bakal dhawuhake al-Quran kang abot marang sira.
  6. Satemen sholat ing wektu wengi (sawuse turu) empaning ponco driya condhong banget lan ati, kanggo benerake pengucap.
  7. Satemene sira ing wayah awan wis nyambut gawe suwe.
  8. Sira nyebuta asmaning Allah Pangeranira sarta melenga ngabekti.
  9. Allah iku Pangeraning jagad sisih wetan lan sisih kulon, ora ana sesembahan kelawan bener kejaba Allah, sira nyumanggakna samu barang prakara marang Allah.
  10. Sabara marang pangucape (wong kafir) kang nglarakake ati tokna kelawan becik.
  11. Lan Ingsun togna wae, mangkana uga wongkang anggorohake kang sarwa mubra - mubru (kecukupan) togna wae sedhela.
  12. Satemene Ingsun kagungan dhadhung kang santosa lan kagungan neraka jahanam.
  13. Sarta kagungan pepanganan kang nglalekake lan siksa kang nglarani.
  14. Kelakone kang mangkono mau ing dinane bumi lan gunung - gunung gonjang - ganjing, gunung - gunung padha dadi wedhi kang mawur - mawur.
  15. Ingsun wis ngutus rasul nerangkae marang sira bakal anggoningsun ngutus rasul marang Fir'aun.
  16. Nanging Fir'aun ambangkang marang parenthe rosul (Musa) mulane banjur dipatrapi siksa abot.
  17. Kapriye olehmu bakal anjaga awakmu, manawa padha maido, ing dinane kang para bocah adha didadekake kaki (tuwa uwanen?)
  18. Ing dina iku sanadyan langit hiya sigar, kang wis ditemtokake dening Allah, mesthi kaleksanan.
  19. Satemene ayat (tanda) iki dadi wewulang sing sapa kepengen selamet ngestokna ayat mau, minangka dalan marang ngarsaning Allah Pangerane.
  20. Satemene Allah Pangeranira nguningane yen sira nindakake sholat kira - kira 2/3 wengi, lan setengah wengi lan (kala - kala) 1/3 wengi. Lan shabatira sagolongan hiya padha mangkono. Allah nemtokake dawa cendhake rina lan wengi, nguningani yen sira padha ora kelar sholat samono suwene mau kajaba kelawan rekasa, mulane Allah muwung marang sira. Sarehne mangkono sira macaa al-Quran sakuwasanira ana sajerone sholat. Allah nguningani yen sira iku bakal ana kang nandhang lara banjur rekasa sholat ing wayah wengi lan ana uga kang padha mlaku lelungan ing bumi ngupaya jiwa golek rizki kanugrahaning Allah lan ana uga kang padha perang ing dalaning Allah, mulane sira padhaa maca al-Quran sakuwasanira lan ngakonana sholat, bayar zakat, padha motangna becik marang Allah. Samu barang kabecikan kang padha sira lakoni bakal nemu ganjran becik ana ngarsaning Allah ngungkuli kabecikan kang sira lakoni ing buri. Lan nyuwuna pangapuraning Allah, satemene Allah iku karsa ngapura tur maha asih.[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas