Jv/Al-Quran/An Naba’

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
An-Naba'
النبإ
Informasi
Arti Pawarta Gedhe
golongan Makiyyah
Juz Juz 30
Statistik
Jumlah ruku' 1 ruku'
Jumlah ayat 40 ayat

Surat An-Naba' punika surat ingkang kaping 78, anggadahi 40 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
عَمَّ يَتَسَاءَلُونَ ﴿١﴾ عَنِ النَّبَإِ الْعَظِيمِ ﴿٢﴾ الَّذِي هُمْ فِيهِ مُخْتَلِفُونَ ﴿٣﴾ كَلَّا سَيَعْلَمُونَ ﴿٤﴾ ثُمَّ كَلَّا سَيَعْلَمُونَ ﴿٥﴾ أَلَمْ نَجْعَلِ الْأَرْضَ مِهَادًا ﴿٦﴾ وَالْجِبَالَ أَوْتَادًا ﴿٧﴾ وَخَلَقْنَاكُمْ أَزْوَاجًا ﴿٨﴾ وَجَعَلْنَا نَوْمَكُمْ سُبَاتًا ﴿٩﴾ وَجَعَلْنَا اللَّيْلَ لِبَاسًا ﴿١٠﴾ وَجَعَلْنَا النَّهَارَ مَعَاشًا ﴿١١﴾ وَبَنَيْنَا فَوْقَكُمْ سَبْعًا شِدَادًا ﴿١٢﴾ وَجَعَلْنَا سِرَاجًا وَهَّاجًا ﴿١٣﴾ وَأَنزَلْنَا مِنَ الْمُعْصِرَاتِ مَاءً ثَجَّاجًا ﴿١٤﴾ لِّنُخْرِجَ بِهِ حَبًّا وَنَبَاتًا ﴿١٥﴾ وَجَنَّاتٍ أَلْفَافًا ﴿١٦﴾ إِنَّ يَوْمَ الْفَصْلِ كَانَ مِيقَاتًا ﴿١٧﴾ يَوْمَ يُنفَخُ فِي الصُّورِ فَتَأْتُونَ أَفْوَاجًا ﴿١٨﴾ وَفُتِحَتِ السَّمَاءُ فَكَانَتْ أَبْوَابًا ﴿١٩﴾ وَسُيِّرَتِ الْجِبَالُ فَكَانَتْ سَرَابًا ﴿٢٠﴾ إِنَّ جَهَنَّمَ كَانَتْ مِرْصَادًا ﴿٢١﴾ لِّلطَّاغِينَ مَآبًا ﴿٢٢﴾ لَّابِثِينَ فِيهَا أَحْقَابًا ﴿٢٣﴾ لَّا يَذُوقُونَ فِيهَا بَرْدًا وَلَا شَرَابًا ﴿٢٤﴾ إِلَّا حَمِيمًا وَغَسَّاقًا ﴿٢٥﴾ جَزَاءً وِفَاقًا ﴿٢٦﴾ إِنَّهُمْ كَانُوا لَا يَرْجُونَ حِسَابًا ﴿٢٧﴾ وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا كِذَّابًا ﴿٢٨﴾ وَكُلَّ شَيْءٍ أَحْصَيْنَاهُ كِتَابًا ﴿٢٩﴾ فَذُوقُوا فَلَن نَّزِيدَكُمْ إِلَّا عَذَابًا ﴿٣٠﴾إِنَّ لِلْمُتَّقِينَ مَفَازًا ﴿٣١﴾ حَدَائِقَ وَأَعْنَابًا ﴿٣٢﴾ وَكَوَاعِبَ أَتْرَابًا ﴿٣٣﴾ وَكَأْسًا دِهَاقًا ﴿٣٤﴾ لَّا يَسْمَعُونَ فِيهَا لَغْوًا وَلَا كِذَّابًا ﴿٣٥﴾ جَزَاءً مِّن رَّبِّكَ عَطَاءً حِسَابًا ﴿٣٦﴾ رَّبِّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا الرَّحْمَٰنِ ۖ لَا يَمْلِكُونَ مِنْهُ خِطَابًا ﴿٣٧﴾ يَوْمَ يَقُومُ الرُّوحُ وَالْمَلَائِكَةُ صَفًّا ۖ لَّا يَتَكَلَّمُونَ إِلَّا مَنْ أَذِنَ لَهُ الرَّحْمَٰنُ وَقَالَ صَوَابًا ﴿٣٨﴾ ذَٰلِكَ الْيَوْمُ الْحَقُّ ۖ فَمَن شَاءَ اتَّخَذَ إِلَىٰ رَبِّهِ مَآبًا ﴿٣٩﴾ إِنَّا أَنذَرْنَاكُمْ عَذَابًا قَرِيبًا يَوْمَ يَنظُرُ الْمَرْءُ مَا قَدَّمَتْ يَدَاهُ وَيَقُولُ الْكَافِرُ يَا لَيْتَنِي كُنتُ تُرَابًا ﴿٤٠﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Padha takon - tinakon perkara apa dheweke (si kafir)?
  2. Padha takon bab pawarto gedhe.
  3. Panemune bab pawarta mau beda - beda.
  4. Besuk wong mau bakal padha weruh nyatane.
  5. Sayekti wong mau bakal padha weruh nyatane.
  6. Ingsun apa ora wis gawe bumi dadi panggonan?
  7. Sarta gunung - gung minangka gegeneng.
  8. Lan Ingsun gawe awakira jodhon - jodhon.
  9. Lan Ingsun dadekake anggonira turu kapenak (kanggo ngaso).
  10. Lan Ingsun dadekake wengi minangka tutup (pakaian).
  11. Lan Ingsun dadekake awan mingonko pangupa jiwa.
  12. Lan Ingsun dadekake langit pitu luwih dening santosa ing duwurira.
  13. Lan Ingsun dadekake cahya madangi lan panas hiya iku srengenge.
  14. Lan Ingsun nurunake banyu udan kang deres saka mendhung.
  15. Ingsun anggo nulake tethukulan sarta nganakake woh lan wiji.
  16. Apa dene palemahan kang kebak tetanduran.
  17. Dina pancasaning prakara iku wayahe maringi ganjaran lan mratapi siksa.
  18. Dinane malaikat niyup slompret banjur sira padha teka panthan - panthan.
  19. Langit padha sigar banjur dadi lawang pirang - pirang.
  20. Sarupane gunung padha mlaku entheng - entheng kaya andhek - andhek hamun - hamun (fatamorgana).
  21. Sayekti neraka jahanam wis sumadiya.
  22. Dadi panggonan tetep tumrap para wong kafir.
  23. Padha manggon tetahunan tanpa wekasan.
  24. Ana kono ora bakal weruh rasane adhem utawa omben - omben.
  25. Kejaba ngombe wedang kang panas banget lan banyu adhem jekut banget.
  26. Iku patrapan kang murwat (karo kaluputhe).
  27. Amarga padha maido lan ora wedi bakal ditimbang ala-becike.
  28. Pada maido al-Quran ayatingsun.
  29. Samu barang lelakone manungsa, Ingsun cacahake ganep tinulis (ana ing kitab).
  30. Mulane padha ngrasakna siksa! amarga Ingsun ora amuwuhi apa - apa marang sira kajaba siksa.
  31. Sayekti para kang jaga dirine (saka ing ala) padha oleh pangginan kabegjan.
  32. Patamanan lan kebon anggur pirang - pirang.
  33. Lan widadari pirang - pirang kang padha tedhenge birahi (seyuswa/seumuran).
  34. Lan gelas - gelas kang kebak (isi ombenan) / Lan pinggan kang suci*.
  35. Ora tau krungu pangucap ala lan pamaido.
  36. Ganjaran saka Pangeranira murwat karo pangabektinira.
  37. Pangeranira iku Pangerane langit lan bumi lan kang ana antarane kang Maha Murah, ora ono kang wenang munjuk ong Allah yen ora dadi parenging kersane.
  38. Dinane ruh lan para malaekat padha ngadek aba barisan, ora wani munjuk ing Allah kajaba kang diparengake dening Pangeran kang Maha Murah lan kunjuke bener.
  39. Hiya iku dina kang mesthi bener kelakone, sing sapa gelem ngabekti ing Allah Pangerane.
  40. Sayekti Ingsun paring pepeling marang sira siksa kang cepak, dinane manungsa deleng panggawening tangan lorone kang dhisik - dhisik, sarta (kang ing kono) para kafir bakal padha ngucap, "Dhuh!, bok iya aku iki dadiya lemah wae".[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas