Jv/Al-Quran/At Taghaabun

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Al-Taghaabun
التغابن
Informasi
Arti Kapitunan
golongan Makiyyah
Juz Juz 28
Statistik
Jumlah ruku' 1 ruku'
Jumlah ayat 18 ayat

Surat Al-Taghaabun punika surat ingkang kaping 64, anggadahi 18 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
يُسَبِّحُ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۖ لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ ۖ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ ﴿١﴾ هُوَ الَّذِي خَلَقَكُمْ فَمِنكُمْ كَافِرٌ وَمِنكُم مُّؤْمِنٌ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ ﴿٢﴾ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِالْحَقِّ وَصَوَّرَكُمْ فَأَحْسَنَ صُوَرَكُمْ ۖ وَإِلَيْهِ الْمَصِيرُ ﴿٣﴾ يَعْلَمُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَيَعْلَمُ مَا تُسِرُّونَ وَمَا تُعْلِنُونَ ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ ﴿٤﴾ أَلَمْ يَأْتِكُمْ نَبَأُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِن قَبْلُ فَذَاقُوا وَبَالَ أَمْرِهِمْ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ ﴿٥﴾ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُ كَانَت تَّأْتِيهِمْ رُسُلُهُم بِالْبَيِّنَاتِ فَقَالُوا أَبَشَرٌ يَهْدُونَنَا فَكَفَرُوا وَتَوَلَّوا ۚ وَّاسْتَغْنَى اللَّهُ ۚ وَاللَّهُ غَنِيٌّ حَمِيدٌ ﴿٦﴾ زَعَمَ الَّذِينَ كَفَرُوا أَن لَّن يُبْعَثُوا ۚ قُلْ بَلَىٰ وَرَبِّي لَتُبْعَثُنَّ ثُمَّ لَتُنَبَّؤُنَّ بِمَا عَمِلْتُمْ ۚ وَذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرٌ ﴿٧﴾ فَآمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَالنُّورِ الَّذِي أَنزَلْنَا ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ ﴿٨﴾ يَوْمَ يَجْمَعُكُمْ لِيَوْمِ الْجَمْعِ ۖ ذَٰلِكَ يَوْمُ التَّغَابُنِ ۗ وَمَن يُؤْمِن بِاللَّهِ وَيَعْمَلْ صَالِحًا يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُدْخِلْهُ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۚ ذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ ﴿٩﴾وَالَّذِينَ كَفَرُوا وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ خَالِدِينَ فِيهَا ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ ﴿١٠﴾ مَا أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۗ وَمَن يُؤْمِن بِاللَّهِ يَهْدِ قَلْبَهُ ۚ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ ﴿١١﴾ وَأَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ ۚ فَإِن تَوَلَّيْتُمْ فَإِنَّمَا عَلَىٰ رَسُولِنَا الْبَلَاغُ الْمُبِينُ ﴿١٢﴾ اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ ﴿١٣﴾ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنَّ مِنْ أَزْوَاجِكُمْ وَأَوْلَادِكُمْ عَدُوًّا لَّكُمْ فَاحْذَرُوهُمْ ۚ وَإِن تَعْفُوا وَتَصْفَحُوا وَتَغْفِرُوا فَإِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ ﴿١٤﴾ إِنَّمَا أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ ۚ وَاللَّهُ عِندَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ ﴿١٥﴾ فَاتَّقُوا اللَّهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَاسْمَعُوا وَأَطِيعُوا وَأَنفِقُوا خَيْرًا لِّأَنفُسِكُمْ ۗ وَمَن يُوقَ شُحَّ نَفْسِهِ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ ﴿١٦﴾ إِن تُقْرِضُوا اللَّهَ قَرْضًا حَسَنًا يُضَاعِفْهُ لَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ۚ وَاللَّهُ شَكُورٌ حَلِيمٌ ﴿١٧﴾ عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ ﴿١٨﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Sekabehane isining langit lan bumi padha nyebut Maha Suci Ing Allah, Allah iku kagungan keraton lan kagungan sakabehing puji. Allah iku nguwasani samu barang.
  2. Alah iku kang gawe awakira, ana kang pinesthi kafir lan ana uga kang mukmin. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni.
  3. Allah gawe langit - langit lan bumi kelawan nyata, lan mangun sarta becikakke rupanira, ing tembe barang - barang iku bali marang Allah.
  4. Allah nguningani isining langit lan bumi, lan nguningani barang kang padha sira umpetake lan sira edheng, Allah iku nguningani sakerenteking ati.
  5. (Para wong kafir) apa sira dhurung padha weruh ceritane para wong kafir sadurungmu, rekasane padha ngrasakake patrapan anggone padha kafir uga padha dipatrapi siksa kang nglarani.
  6. Anggone mangkono marga wong kafir mau didhawuhi dening para Rasule kanthi tandha yekti pirang - pirang. Wangsulane, "Apa manungsa bisa nuduhake dalan bener marang aku?" wong mau banjur padha kafir lan mlengos. Allah tetela ora butuh marang pracayane si kafir. Allah ora butuh marang sapa - sapa, tur panthes hing ngalembana.
  7. Panemune wong kafir ig tembe ora bakal ditangekake saka pati. (Muhammad) dhawuha, "Ora mangkono. Demi Pangeranku, besuk dina QIyamat kowe mesthi ditangekake saka pati, banjur dijelentrehi samu barang kang wis padha sira lakoni. Kang mangkono mau mungguhe Allah barang kang gampang wae".
  8. Mulane padha percaya ing Allah lan utusane, lan percaya marang al-Quran yaiku pepadha kang wis Ingsun dhawuhake. Allah waspada marang samu barang kang padha sira lakoni.
  9. (Muhammad) Nyaritakna dina Qiyamat. Nalikane Allah ngalumpukake sira kabeh ana dina pakumpulan, hiya iku dina kapitunan. Ing kono sing sapa percaya ing Allah sarta nglakoni panggawe beci, Allah muwung sakabehe lakune wong mau kang hala, sarta dilebokake ing suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon. Ana ing kono langgeng salawase, kang makono mau aran kabegjan gedhe.
  10. Dene para wong kafir kang padha maido al-Quran ayatingsun iku padha ana ing neraka langgeng ana kono. Ala temen kawusanan kang mangkono iku.
  11. Sadhengah kasangsaran kang kelakon, ora ana kang tanpa idzining Allah. Dene sing sapa percaya ing Allah, Allah nuduhake atine wong mau marang dalan bener, Allah iku nguningani samu barang.
  12. Sira padha ngabektia ing Allah, dene yen sira malengos ora nurut, wajibe utusaningsun mung ajak - ajak ngundhangake dhawuh kang cetha.
  13. Ora ana sesembahan kelawan bener kejaba mung Allah, para wong mukmin padha nyumanggakake samu barang ing Allah.
  14. Para mukmin! Para rabinira lan anak - anak ira iku ana kang dadi saterunira. Mulane sira kudu padha prayitna. Dene yen sira muwung lan ngapura tanpa srengen luwih becik. Satemene Allah iku kepareng ngapura tur Maha Asih.
  15. Sakekhe bandhanira lan anak - anakira iku kabeh ora liwat mung dadi godha, (mulane aja padha tinggal ngabekti ing Allah). Allah bakal maringi ganjaran gedhe marang sira.
  16. Ing sabisa - bisa sira padha bektia ing Allah, padha ngrungokna lan nampanana dhawuhing lan parentahe Allah, lan padha weweha dhumunung ngabekti ing Allah iku becik banget tumrap awakira. Sing sapa ngingkiri budi lumuh gawe becik, iku tetep wong begja.
  17. Manawa sira potang beciking Allah, Allah bakal males becik marang sira tikel matikel lan ngapura marang sira. Allah ora ngilangake kabecikaning kawula lan Maha welas.
  18. Nguningani barang kang samar - samar lan kang kasat mata, kang maha mulya tur wicaksana.[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas