Jv/Al-Quran/Al Muthaffifiin

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Al-Muthaffifiin
المطففين
Informasi
Arti Wong - wong cidra
golongan Makiyyah
Juz Juz 30
Statistik
Jumlah ruku' 1 ruku'
Jumlah ayat 36 ayat

Surat Al-Muthaffifiin punika surat ingkang kaping 94, anggadahi 36 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَيْلٌ لِّلْمُطَفِّفِينَ ﴿١﴾ الَّذِينَ إِذَا اكْتَالُوا عَلَى النَّاسِ يَسْتَوْفُونَ ﴿٢﴾ وَإِذَا كَالُوهُمْ أَو وَّزَنُوهُمْ يُخْسِرُونَ ﴿٣﴾ أَلَا يَظُنُّ أُولَٰئِكَ أَنَّهُم مَّبْعُوثُونَ ﴿٤﴾ لِيَوْمٍ عَظِيمٍ ﴿٥﴾ يَوْمَ يَقُومُ النَّاسُ لِرَبِّ الْعَالَمِينَ ﴿٦﴾كَلَّا إِنَّ كِتَابَ الْفُجَّارِ لَفِي سِجِّينٍ ﴿٧﴾ وَمَا أَدْرَاكَ مَا سِجِّينٌ ﴿٨﴾ كِتَابٌ مَّرْقُومٌ ﴿٩﴾ وَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ ﴿١٠﴾ الَّذِينَ يُكَذِّبُونَ بِيَوْمِ الدِّينِ ﴿١١﴾ وَمَا يُكَذِّبُ بِهِ إِلَّا كُلُّ مُعْتَدٍ أَثِيمٍ ﴿١٢﴾ إِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِ آيَاتُنَا قَالَ أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ ﴿١٣﴾ كَلَّا ۖ بَلْ ۜ رَانَ عَلَىٰ قُلُوبِهِم مَّا كَانُوا يَكْسِبُونَ ﴿١٤﴾ كَلَّا إِنَّهُمْ عَن رَّبِّهِمْ يَوْمَئِذٍ لَّمَحْجُوبُونَ ﴿١٥﴾ ثُمَّ إِنَّهُمْ لَصَالُو الْجَحِيمِ ﴿١٦﴾ ثُمَّ يُقَالُ هَٰذَا الَّذِي كُنتُم بِهِ تُكَذِّبُونَ ﴿١٧﴾ كَلَّا إِنَّ كِتَابَ الْأَبْرَارِ لَفِي عِلِّيِّينَ ﴿١٨﴾ وَمَا أَدْرَاكَ مَا عِلِّيُّونَ ﴿١٩﴾ كِتَابٌ مَّرْقُومٌ ﴿٢٠﴾ يَشْهَدُهُ الْمُقَرَّبُونَ ﴿٢١﴾ إِنَّ الْأَبْرَارَ لَفِي نَعِيمٍ ﴿٢٢﴾ عَلَى الْأَرَائِكِ يَنظُرُونَ ﴿٢٣﴾ تَعْرِفُ فِي وُجُوهِهِمْ نَضْرَةَ النَّعِيمِ ﴿٢٤﴾ يُسْقَوْنَ مِن رَّحِيقٍ مَّخْتُومٍ ﴿٢٥﴾ خِتَامُهُ مِسْكٌ ۚ وَفِي ذَٰلِكَ فَلْيَتَنَافَسِ الْمُتَنَافِسُونَ ﴿٢٦﴾ وَمِزَاجُهُ مِن تَسْنِيمٍ ﴿٢٧﴾ عَيْنًا يَشْرَبُ بِهَا الْمُقَرَّبُونَ ﴿٢٨﴾ إِنَّ الَّذِينَ أَجْرَمُوا كَانُوا مِنَ الَّذِينَ آمَنُوا يَضْحَكُونَ ﴿٢٩﴾ وَإِذَا مَرُّوا بِهِمْ يَتَغَامَزُونَ ﴿٣٠﴾ وَإِذَا انقَلَبُوا إِلَىٰ أَهْلِهِمُ انقَلَبُوا فَكِهِينَ ﴿٣١﴾ وَإِذَا رَأَوْهُمْ قَالُوا إِنَّ هَٰؤُلَاءِ لَضَالُّونَ ﴿٣٢﴾ وَمَا أُرْسِلُوا عَلَيْهِمْ حَافِظِينَ ﴿٣٣﴾ فَالْيَوْمَ الَّذِينَ آمَنُوا مِنَ الْكُفَّارِ يَضْحَكُونَ ﴿٣٤﴾عَلَى الْأَرَائِكِ يَنظُرُونَ ﴿٣٥﴾ هَلْ ثُوِّبَ الْكُفَّارُ مَا كَانُوا يَفْعَلُونَ ﴿٣٦﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Cilaka temen wong kang padha cidra (anggone naker).
  2. Kang manawa naker saka wong liya (tumrap awake dewe) panakere ganep.
  3. Lan samongsa anaker barang kang bakal ditampakake wong liya, panakere dikurangi dadi gawe patunan.
  4. Wong kang mangkono mau ora ngira yen besuk bakal ditangekake saka pati?
  5. Tumrap dina kang gedhe (qiyamat).
  6. Dinane manungsa padha ngadeg angadep Pangeraning ngalam kabeh.
  7. Temen tulisane lakune para wong ala iku ana pakunjaran (sijjiin).
  8. Sapa kang nuduhake marang sira pakunjaran (sijjin) iku apa?
  9. Buku kang ditulis.
  10. Ing dina iku wong kang maido cilaka banget.
  11. Kang padha maido marang dina piwales.
  12. Ora ana wong gorohake kajaba sarupane wong kang mlangkah wates anggone dosa.
  13. Manawa diwacakake al-Quran pangucape, "al-Quran iku gaweyane para wong kuna".
  14. Wong kebangeten mau mangsa gelema percaya, malah duraka kang dilakoni mau dadi rereged ing atine.
  15. Temen ing dina iku dheweke padha ketutupan saka pangerane.
  16. Sawuse mangkono wong mau banjur padha malebu ing neraka jahim.
  17. Banjur di dawuhi, "Neraka iki kang padha sira paido biyen".
  18. O, sayekti kitabe para wong tulus iku temen ana panggonan kang luhur.
  19. Lan sapa kang nuduhake sira, apa kang aran panggonan luhur?
  20. Kitab kang katulis.
  21. Para kang keparek (ing Allah) bakal anekseni.
  22. Sayekti para wong tulus iku bakal ana sajeroning nugraha.
  23. Ana kanthil dhuwur anyawang - nyawang.
  24. Katon ing wajahe cahyaning nugraha.
  25. Padha pinaringan ngombe omben - omben bening kang diecap.
  26. Tutupi (mawa) kesturi, mulane para sing nyerempeng angarah lah angaraha iku.
  27. Lan campurane arupa banyu kang turun amrang dheweke saka dhuwur.
  28. Tuk kang dadi omben - omben para wong kang keparek (maring Allah).
  29. Sayekti para wong kang padha dosa gawene geguyu para kang angestu.
  30. Lan samongsa angliwati dheweke padha kedep - kinedhepan.
  31. Lan samangsa bali marang golongane, baline gawe pangeram - eram.
  32. Lan samangsa ngingetake dheweke, padha kandha, "Wong mukmin iku padha kesasar".
  33. Mongka ora diutus supaya angreksa marang dheweke.
  34. Ananging ing dina iki para wong kang angestu padha geguyu para kafir.
  35. Linggih ana kanthil deleng sangsarane si kafir.
  36. Sayekti para kafir kapringan piwales miturut apa kang wus padha dilakoni.[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas