Jv/Al-Quran/Ar Rahmaan

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Ar-Rahman
Informasi
Arti Kang Maha Murah
golongan Madaniyyah
Juz Juz 27
Statistik
Jumlah ruku' ruku'
Jumlah ayat 78 ayat

Surat Ar-Rahman punika surat ingkang kaping 55, anggadahi 78 ayat lan termasuk golongan surat madaniyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
الرَّحْمَٰنُ ﴿١﴾ عَلَّمَ الْقُرْآنَ ﴿٢﴾ خَلَقَ الْإِنسَانَ ﴿٣﴾ عَلَّمَهُ الْبَيَانَ ﴿٤﴾ الشَّمْسُ وَالْقَمَرُ بِحُسْبَانٍ ﴿٥﴾ وَالنَّجْمُ وَالشَّجَرُ يَسْجُدَانِ ﴿٦﴾ وَالسَّمَاءَ رَفَعَهَا وَوَضَعَ الْمِيزَانَ ﴿٧﴾ أَلَّا تَطْغَوْا فِي الْمِيزَانِ ﴿٨﴾ وَأَقِيمُوا الْوَزْنَ بِالْقِسْطِ وَلَا تُخْسِرُوا الْمِيزَانَ ﴿٩﴾ وَالْأَرْضَ وَضَعَهَا لِلْأَنَامِ ﴿١٠﴾ فِيهَا فَاكِهَةٌ وَالنَّخْلُ ذَاتُ الْأَكْمَامِ ﴿١١﴾ وَالْحَبُّ ذُو الْعَصْفِ وَالرَّيْحَانُ ﴿١٢﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿١٣﴾ خَلَقَ الْإِنسَانَ مِن صَلْصَالٍ كَالْفَخَّارِ ﴿١٤﴾ وَخَلَقَ الْجَانَّ مِن مَّارِجٍ مِّن نَّارٍ ﴿١٥﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿١٦﴾رَبُّ الْمَشْرِقَيْنِ وَرَبُّ الْمَغْرِبَيْنِ ﴿١٧﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿١٨﴾ مَرَجَ الْبَحْرَيْنِ يَلْتَقِيَانِ ﴿١٩﴾ بَيْنَهُمَا بَرْزَخٌ لَّا يَبْغِيَانِ ﴿٢٠﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٢١﴾ يَخْرُجُ مِنْهُمَا اللُّؤْلُؤُ وَالْمَرْجَانُ ﴿٢٢﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٢٣﴾ وَلَهُ الْجَوَارِ الْمُنشَآتُ فِي الْبَحْرِ كَالْأَعْلَامِ ﴿٢٤﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٢٥﴾ كُلُّ مَنْ عَلَيْهَا فَانٍ ﴿٢٦﴾ وَيَبْقَىٰ وَجْهُ رَبِّكَ ذُو الْجَلَالِ وَالْإِكْرَامِ ﴿٢٧﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٢٨﴾ يَسْأَلُهُ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ كُلَّ يَوْمٍ هُوَ فِي شَأْنٍ ﴿٢٩﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٣٠﴾ سَنَفْرُغُ لَكُمْ أَيُّهَ الثَّقَلَانِ ﴿٣١﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٣٢﴾ يَا مَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْإِنسِ إِنِ اسْتَطَعْتُمْ أَن تَنفُذُوا مِنْ أَقْطَارِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ فَانفُذُوا ۚ لَا تَنفُذُونَ إِلَّا بِسُلْطَانٍ ﴿٣٣﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٣٤﴾ يُرْسَلُ عَلَيْكُمَا شُوَاظٌ مِّن نَّارٍ وَنُحَاسٌ فَلَا تَنتَصِرَانِ ﴿٣٥﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٣٦﴾ فَإِذَا انشَقَّتِ السَّمَاءُ فَكَانَتْ وَرْدَةً كَالدِّهَانِ ﴿٣٧﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٣٨﴾ فَيَوْمَئِذٍ لَّا يُسْأَلُ عَن ذَنبِهِ إِنسٌ وَلَا جَانٌّ ﴿٣٩﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٤٠﴾يُعْرَفُ الْمُجْرِمُونَ بِسِيمَاهُمْ فَيُؤْخَذُ بِالنَّوَاصِي وَالْأَقْدَامِ ﴿٤١﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٤٢﴾ هَٰذِهِ جَهَنَّمُ الَّتِي يُكَذِّبُ بِهَا الْمُجْرِمُونَ ﴿٤٣﴾ يَطُوفُونَ بَيْنَهَا وَبَيْنَ حَمِيمٍ آنٍ ﴿٤٤﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٤٥﴾ وَلِمَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ جَنَّتَانِ ﴿٤٦﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٤٧﴾ ذَوَاتَا أَفْنَانٍ ﴿٤٨﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٤٩﴾ فِيهِمَا عَيْنَانِ تَجْرِيَانِ ﴿٥٠﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٥١﴾ فِيهِمَا مِن كُلِّ فَاكِهَةٍ زَوْجَانِ ﴿٥٢﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٥٣﴾ مُتَّكِئِينَ عَلَىٰ فُرُشٍ بَطَائِنُهَا مِنْ إِسْتَبْرَقٍ ۚ وَجَنَى الْجَنَّتَيْنِ دَانٍ ﴿٥٤﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٥٥﴾ فِيهِنَّ قَاصِرَاتُ الطَّرْفِ لَمْ يَطْمِثْهُنَّ إِنسٌ قَبْلَهُمْ وَلَا جَانٌّ ﴿٥٦﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٥٧﴾ كَأَنَّهُنَّ الْيَاقُوتُ وَالْمَرْجَانُ ﴿٥٨﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٥٩﴾ هَلْ جَزَاءُ الْإِحْسَانِ إِلَّا الْإِحْسَانُ ﴿٦٠﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٦١﴾ وَمِن دُونِهِمَا جَنَّتَانِ ﴿٦٢﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٦٣﴾ مُدْهَامَّتَانِ ﴿٦٤﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٦٥﴾ فِيهِمَا عَيْنَانِ نَضَّاخَتَانِ ﴿٦٦﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٦٧﴾فِيهِمَا فَاكِهَةٌ وَنَخْلٌ وَرُمَّانٌ ﴿٦٨﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٦٩﴾ فِيهِنَّ خَيْرَاتٌ حِسَانٌ ﴿٧٠﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٧١﴾ حُورٌ مَّقْصُورَاتٌ فِي الْخِيَامِ ﴿٧٢﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٧٣﴾ لَمْ يَطْمِثْهُنَّ إِنسٌ قَبْلَهُمْ وَلَا جَانٌّ ﴿٧٤﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٧٥﴾ مُتَّكِئِينَ عَلَىٰ رَفْرَفٍ خُضْرٍ وَعَبْقَرِيٍّ حِسَانٍ ﴿٧٦﴾ فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ ﴿٧٧﴾ تَبَارَكَ اسْمُ رَبِّكَ ذِي الْجَلَالِ وَالْإِكْرَامِ ﴿٧٨﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Pangeran kang Maha Murah.
  2. Iku mulang Qur'an.
  3. Agawe manungsa.
  4. Mulang manungsa supaya pinter guneman.
  5. Srengenge lan rembulan iku padha mlaku ajeg ana ing cakrawalane dhewe - dhewe cocok pitungane.
  6. Thetukulan lan kekayon padha sujud ing Allah.
  7. Allah iku dhuwurake langit lan dhawuhake jejeg yen nimbang (adil).
  8. Supaya sira aja nakal anggonmu nimbang.
  9. Lan jejega anggonmu padha nimbang kelawan bener, aja padha ngurangi bobot.
  10. Allah ngrata bumi kanggo panggonane titahe (manungsa).
  11. Isi woh - wohan warna - warna lan wit kurma kang duweni mancung.
  12. Lan isi wiji kang ana kulite lan kembang - kembang kang arum ambune.
  13. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  14. Allah gawe manungsa saka lemah garing, memper lemah kang wis diobong.
  15. Lan gawe jin saka urubing geni.
  16. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  17. Allah iku pangeraning rong panggonan metune srengenge lan pangeraning rong panggonan surupe srengenge.
  18. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  19. Allah nitahake segara loro (tawa lan asin) dinengake wae padha mili banjur padha ketemu.
  20. Antarane segara loro mau ana watese kang ora kasat mata.
  21. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  22. Segara loro mau padha metu mutiara lan marjan.
  23. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  24. Allah iku kagungan prahu pirang - pirang (gaweane manungsa) kumambang ana segara gedhene kaya gunung.
  25. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  26. Samu barang kang gumelar ana bumi wekasane rusak.
  27. Nanging sarirane Pangeranira Allah kang Agung kersa ngajeni (wong mukmin) langgeng tanpa rusak.
  28. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  29. Saisining langit lan bumi kabeh padha nyenyuwun ing Allah saben Allah nindhakake lestarine samu barang kang wis pinanthi ing zaman azali.
  30. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  31. Ing tembe sira padha Ingsun timbang ala lan becikira.
  32. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  33. He Jin lan Manungsa kang padha ora nrima pepesthen Ingsun, menawa sira bisa lunga saka telatahe bumi lan langit mara padha lungaha. Nanging mangsa bisa lunga. Kejaba yen sira kuasa.
  34. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  35. He Jin lan Manungsa (nalikane padha metu saka kubure) pada tinempuh urubing geni lan tembaga, sira ora bisa ngundurake.
  36. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  37. Nalikane langit sigar warnane jambon kaya mawar tua kaya lenga zaitun.
  38. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  39. Ing dina iku jin lan manungsa durung padha diperiksa dosane.
  40. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  41. Para wong kafir padha ketitik kelawan tegengere banjur padha dijambak kuncunge lan sikile.
  42. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  43. (Dhawuhing Malaikat) Iki neraka jahannam kang dipaido dening wong kang padha dosa biyen.
  44. Wong kafir padha mlaku pating bilulung ana antarane neraka geni lan wedang panas.
  45. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  46. Dene wong kang pada wedi nalika arep sowan marang Pangerane padha diparingi ganjarang suwarga loro (suwargane jin lan manungsa).
  47. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  48. Suwarga luru mau ana kekayone (wit - witan) woh - wohan.
  49. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  50. Suwarga loro mau ana bengawane mili.
  51. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  52. Suwarga loro mau isi sarupane woh - wohan warna loro garing lan teles.
  53. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  54. Wong kang bekti mau padha sendhen ana palungguhan kang lemeke babut sutra, dene woh - wohane cedhek bisa dipethik ana ing suwarga loro.
  55. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  56. Suwarga loro mau isine widadari kang endah - endah rupane sadurunge diwengku ing suwarga mau durung tau winasesa ing resmi (kumpul) dening jin utawa manungsa.
  57. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  58. Para widadari mau hendah - hendah kaya inten lan mutiara.
  59. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  60. Pituasing laku becik ora liya holeh becik.
  61. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  62. Kajaba suwarga loro mau, ana rong suwarga maneh.
  63. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  64. Suwarga loro mau kekayone ijo banget warnane.
  65. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  66. Sajerone suwarga loro mau ana bengawane loro, padha mili ajeg tanpa suda banyune.
  67. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  68. Sajerone suwarga loro mau ana woh - wohan kabeh ana wite kurma lan delima.
  69. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  70. Suwarga loro mau dalah isen - isene kabeh sarwa becik.
  71. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  72. Para widadari mau padha endah warnane, padha siningkit ana sajeroning gedhong kang gginawe saka mutiara.
  73. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha dipaido?
  74. Para widadari mau sadurunge diwengku wong ing suwarga durung tau winasesa ing rasmi (kumpul) dening jin lan manungsa.
  75. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha sira paido?
  76. Wong ing suwarga padha sendhen ing bantal sutra ijo kang endah warnane.
  77. Nikmat Pangeranira sing endi maneh kang padha sira paido?
  78. Maha luruh asmane pangeranira, Allah kang Kagungan SIfat Agung sarta Kerja Ngajeni para mukmin.[2]

Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas