Jv/Al-Quran/Al Mulk

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Al-Mulk
الملك
Informasi
Arti Keraton
golongan Makiyyah
Juz Juz 30
Statistik
Jumlah ruku' 1 ruku'
Jumlah ayat 8 ayat

Surat Al-Mulk punika surat ingkang kaping 67, anggadahi 30 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
تَبَارَكَ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ ﴿١﴾ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ۚ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْغَفُورُ ﴿٢﴾ الَّذِي خَلَقَ سَبْعَ سَمَاوَاتٍ طِبَاقًا ۖ مَّا تَرَىٰ فِي خَلْقِ الرَّحْمَٰنِ مِن تَفَاوُتٍ ۖ فَارْجِعِ الْبَصَرَ هَلْ تَرَىٰ مِن فُطُورٍ ﴿٣﴾ ثُمَّ ارْجِعِ الْبَصَرَ كَرَّتَيْنِ يَنقَلِبْ إِلَيْكَ الْبَصَرُ خَاسِئًا وَهُوَ حَسِيرٌ ﴿٤﴾ وَلَقَدْ زَيَّنَّا السَّمَاءَ الدُّنْيَا بِمَصَابِيحَ وَجَعَلْنَاهَا رُجُومًا لِّلشَّيَاطِينِ ۖ وَأَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابَ السَّعِيرِ ﴿٥﴾ وَلِلَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ عَذَابُ جَهَنَّمَ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ ﴿٦﴾ إِذَا أُلْقُوا فِيهَا سَمِعُوا لَهَا شَهِيقًا وَهِيَ تَفُورُ ﴿٧﴾ تَكَادُ تَمَيَّزُ مِنَ الْغَيْظِ ۖ كُلَّمَا أُلْقِيَ فِيهَا فَوْجٌ سَأَلَهُمْ خَزَنَتُهَا أَلَمْ يَأْتِكُمْ نَذِيرٌ ﴿٨﴾ قَالُوا بَلَىٰ قَدْ جَاءَنَا نَذِيرٌ فَكَذَّبْنَا وَقُلْنَا مَا نَزَّلَ اللَّهُ مِن شَيْءٍ إِنْ أَنتُمْ إِلَّا فِي ضَلَالٍ كَبِيرٍ ﴿٩﴾ وَقَالُوا لَوْ كُنَّا نَسْمَعُ أَوْ نَعْقِلُ مَا كُنَّا فِي أَصْحَابِ السَّعِيرِ ﴿١٠﴾ فَاعْتَرَفُوا بِذَنبِهِمْ فَسُحْقًا لِّأَصْحَابِ السَّعِيرِ ﴿١١﴾ إِنَّ الَّذِينَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُم بِالْغَيْبِ لَهُم مَّغْفِرَةٌ وَأَجْرٌ كَبِيرٌ ﴿١٢﴾وَأَسِرُّوا قَوْلَكُمْ أَوِ اجْهَرُوا بِهِ ۖ إِنَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ ﴿١٣﴾ أَلَا يَعْلَمُ مَنْ خَلَقَ وَهُوَ اللَّطِيفُ الْخَبِيرُ ﴿١٤﴾ هُوَ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ الْأَرْضَ ذَلُولًا فَامْشُوا فِي مَنَاكِبِهَا وَكُلُوا مِن رِّزْقِهِ ۖ وَإِلَيْهِ النُّشُورُ ﴿١٥﴾ أَأَمِنتُم مَّن فِي السَّمَاءِ أَن يَخْسِفَ بِكُمُ الْأَرْضَ فَإِذَا هِيَ تَمُورُ ﴿١٦﴾ أَمْ أَمِنتُم مَّن فِي السَّمَاءِ أَن يُرْسِلَ عَلَيْكُمْ حَاصِبًا ۖ فَسَتَعْلَمُونَ كَيْفَ نَذِيرِ ﴿١٧﴾ وَلَقَدْ كَذَّبَ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيرِ ﴿١٨﴾ أَوَلَمْ يَرَوْا إِلَى الطَّيْرِ فَوْقَهُمْ صَافَّاتٍ وَيَقْبِضْنَ ۚ مَا يُمْسِكُهُنَّ إِلَّا الرَّحْمَٰنُ ۚ إِنَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ بَصِيرٌ ﴿١٩﴾ أَمَّنْ هَٰذَا الَّذِي هُوَ جُندٌ لَّكُمْ يَنصُرُكُم مِّن دُونِ الرَّحْمَٰنِ ۚ إِنِ الْكَافِرُونَ إِلَّا فِي غُرُورٍ ﴿٢٠﴾ أَمَّنْ هَٰذَا الَّذِي يَرْزُقُكُمْ إِنْ أَمْسَكَ رِزْقَهُ ۚ بَل لَّجُّوا فِي عُتُوٍّ وَنُفُورٍ ﴿٢١﴾ أَفَمَن يَمْشِي مُكِبًّا عَلَىٰ وَجْهِهِ أَهْدَىٰ أَمَّن يَمْشِي سَوِيًّا عَلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ ﴿٢٢﴾ قُلْ هُوَ الَّذِي أَنشَأَكُمْ وَجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْأَبْصَارَ وَالْأَفْئِدَةَ ۖ قَلِيلًا مَّا تَشْكُرُونَ ﴿٢٣﴾ قُلْ هُوَ الَّذِي ذَرَأَكُمْ فِي الْأَرْضِ وَإِلَيْهِ تُحْشَرُونَ ﴿٢٤﴾ وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ ﴿٢٥﴾ قُلْ إِنَّمَا الْعِلْمُ عِندَ اللَّهِ وَإِنَّمَا أَنَا نَذِيرٌ مُّبِينٌ ﴿٢٦﴾فَلَمَّا رَأَوْهُ زُلْفَةً سِيئَتْ وُجُوهُ الَّذِينَ كَفَرُوا وَقِيلَ هَٰذَا الَّذِي كُنتُم بِهِ تَدَّعُونَ ﴿٢٧﴾ قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِنْ أَهْلَكَنِيَ اللَّهُ وَمَن مَّعِيَ أَوْ رَحِمَنَا فَمَن يُجِيرُ الْكَافِرِينَ مِنْ عَذَابٍ أَلِيمٍ ﴿٢٨﴾ قُلْ هُوَ الرَّحْمَٰنُ آمَنَّا بِهِ وَعَلَيْهِ تَوَكَّلْنَا ۖ فَسَتَعْلَمُونَ مَنْ هُوَ فِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ ﴿٢٩﴾ قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِنْ أَصْبَحَ مَاؤُكُمْ غَوْرًا فَمَن يَأْتِيكُم بِمَاءٍ مَّعِينٍ ﴿٣٠﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Maha suci Allah, Kang karaton iku ana ngastane, Allah iku nguwasani samu barang.
  2. Kang gawe pati lan urip kanggo nyoba marang sira kabeh endi kang lakune luwih becik. Allah iku Maha Mulya tur keparenga ngapura.
  3. Kang anitahake langit pitu padha, sira ora andeleng ana bedane ana ing sajerone titahe Ingkang Maha Murah; lan delenga maneh, apa sira bisa weruh ana kang geseh?
  4. Banjur andelenga maneh mesthi pandelengira hambalik konjem ora bisa nemu cacade gegaweyaning Pangeran.
  5. Ingsun ngrengga langit dunya (langit kang ngisor dhewe) kelawan lintang pirang - pirang, lintang mau Ingsun anggo balang, hambalangi para syaitan, dene syetan mau padha Ingsun ancam siksa neraka Sa'ir.
  6. Sarupane wong sing maido Allah Pangerane, padha di patrapi siksa neraka jahannam. Ala temen kawusanan kang mangkono.
  7. Nalikane wong kafir padha dicemplungake ing neraka panjerite karungu, neraka mau umub mumpal - mumpal.
  8. Saking muringe neraka, wong kafir meh mrotholi, saben ana wong kafir sagolongan dicemplungake neraka ditakoni (dening Malaikat), "Apa biyen ora ana juru pepeling sing nekani kowe?"
  9. Pada mangsuli, "Inggih sampun wonten juru pepenget andhatengi kula, ananging kula sami anggorohaken sarwi wicanten, Allah boten dhawuhaken punapa - punapa sampeyan punika tetela kesasar sanget".
  10. Wong kafir mau padha ngucap, "Upama aku biyen ngestokake dhawuh utawa mikir, kaya - kaya ora kecemplung neraka Sa'ir".
  11. Dadi wong kafir wis padha ngaku dosane (anggone maido para Rosul) mulane wong ing neraka Sa'ir mau padha didohake saka Rahmate Allah.
  12. Sarupane wong kang padha bekti ing Allah Pangerane ana ing wektu sepi padha oleh pangapurane Allah, lan diparingi ganjaran gedhe.
  13. Padha kondhoa lirih utawa seru kanggo Allah padha war, awit Allah iku nguningani sakreteking ati.
  14. Apa Panjenengane kang nitahake iku ora uninga? Lan Panjenengane ingkang anguningani sabarang kang lembut - lembut, ing kang waspada.
  15. Allah iku kang handadekake bumi iku gampang dianggo mlaku. Sira padha lumaku ana lumahing bumi, lan padha mangana rizkine Allah kang wis dicawisake dening Pangeranira. Ing tembe manungsa padha diadepake ana ngarsane Allah.
  16. Apa sira nyana yen Allah kang kagungan keraton langit ngersakake sira diuntal bumi? coba delengen bumine arep oreg.
  17. Apa sira nyana yen Allah kang kagungan kraton langit iku kersa nurunake siksa marang sira? Ing tembe mesthi weruh kaya apa pepeling Ingsun.
  18. Para umat sadurunge wong kafir iku, mbiyen ugo padha maido marang rasule banjur koyo opo, para umat mau padha ingsun turunai siksa.
  19. Apa dheweke (wong kafir) ora handeleng manuk kang sedhela ngegarake suwiwi lan ngingkupake, kang rumeksa manuk ora nganti tiba ora ana maneh kejaba mung Allah kang maha murah. Satemene Allah iku mirsani samu barang.
  20. Apa brahala iki kang dikira dadi kancamu, bakal bisa nulungi bisa murungake siksane Allah, kang bisa nulungi dudu Paneran kang Maha Murah? Panemune si kafir iku tetela kajelomprong.
  21. Manawa Allah ora kapareng paring rizki, apa brahala bisa weh rizki marang sira? Dheweke malah saya tambah anggone gumedhe lan nasar.
  22. Wong wuta mlaku tumungkul, iku apa luwih weruh ing dalan bener ngungkuli wong kang ora wuta kang anggone mlaku jejeg?
  23. (Muhammad) Dhawuha, "Allah iku kang agawe awak ira sarta maringi pangrungu lan pandeleng apadene pikiran ewadene kang ngunjukake panuwun mung sathitik".
  24. (Muhammad) Dhawuha, "Allah kang gawe awak ira sarta paring panggonan ana ing bumi, ing tembe sira padha dikelumpukake marang ngarsane Allah".
  25. Wong kafir padha matur, "Menawi pangandika panjenengan punika sayektos benjing punapa kalampahanipun manungsa dipun kalempakaken punika?"
  26. (Muhammad) Dhawuha, "Dina Qiyamat iku mung Allah piyambak kang priksa mangsane. Aku iki mung ngelengake wae".
  27. Sawise dikelumpukake, bareng manungsa padha andeleng siksa wis cedhak, wong kafir padha pucet rahine. Banjur padha didhawuhi, "Siksa iki kang padha sira paido biyen".
  28. (Muhammad) Dhawuha, "Apa sira padha mawas menawa Allah bakal nglebur aku sarta kang anyartani aku, malah Panjenengane bakal kagungan welas marang aku, banjur sapa sing bakal ngayomi para kafir saka siksa kang nglarani?"
  29. Sira dhawuha maneh, "Allah iku Pangeran kang Maha Murah, aku percaya lan nyumanggakake samu barangku ing Allah. Ing tembe bakal padha weruh wong kang kesasar kang terang".
  30. Sira dhawuha maneh, "Menawa banyu iki asat kabeh, piye panemumu. Sapa kang nekakake banyu iki marang sira?"[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas