Jv/Al-Quran/Muhammad

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Muhammad
محمد
Informasi
Arti Muhammad
golongan Madaniyyah
Juz Juz 26
Statistik
Jumlah ruku' - ruku'
Jumlah ayat 38 ayat

Surat Muhammad punika surat ingkang kaping 47, anggadahi 38 ayat lan termasuk golongan surat Madaniyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
الَّذِينَ كَفَرُوا وَصَدُّوا عَن سَبِيلِ اللَّهِ أَضَلَّ أَعْمَالَهُمْ ﴿١﴾ وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَآمَنُوا بِمَا نُزِّلَ عَلَىٰ مُحَمَّدٍ وَهُوَ الْحَقُّ مِن رَّبِّهِمْ ۙ كَفَّرَ عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ وَأَصْلَحَ بَالَهُمْ ﴿٢﴾ ذَٰلِكَ بِأَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا اتَّبَعُوا الْبَاطِلَ وَأَنَّ الَّذِينَ آمَنُوا اتَّبَعُوا الْحَقَّ مِن رَّبِّهِمْ ۚ كَذَٰلِكَ يَضْرِبُ اللَّهُ لِلنَّاسِ أَمْثَالَهُمْ ﴿٣﴾ فَإِذَا لَقِيتُمُ الَّذِينَ كَفَرُوا فَضَرْبَ الرِّقَابِ حَتَّىٰ إِذَا أَثْخَنتُمُوهُمْ فَشُدُّوا الْوَثَاقَ فَإِمَّا مَنًّا بَعْدُ وَإِمَّا فِدَاءً حَتَّىٰ تَضَعَ الْحَرْبُ أَوْزَارَهَا ۚ ذَٰلِكَ وَلَوْ يَشَاءُ اللَّهُ لَانتَصَرَ مِنْهُمْ وَلَٰكِن لِّيَبْلُوَ بَعْضَكُم بِبَعْضٍ ۗ وَالَّذِينَ قُتِلُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ فَلَن يُضِلَّ أَعْمَالَهُمْ ﴿٤﴾ سَيَهْدِيهِمْ وَيُصْلِحُ بَالَهُمْ ﴿٥﴾ وَيُدْخِلُهُمُ الْجَنَّةَ عَرَّفَهَا لَهُمْ ﴿٦﴾ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِن تَنصُرُوا اللَّهَ يَنصُرْكُمْ وَيُثَبِّتْ أَقْدَامَكُمْ ﴿٧﴾ وَالَّذِينَ كَفَرُوا فَتَعْسًا لَّهُمْ وَأَضَلَّ أَعْمَالَهُمْ ﴿٨﴾ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ كَرِهُوا مَا أَنزَلَ اللَّهُ فَأَحْبَطَ أَعْمَالَهُمْ ﴿٩﴾ ۞ أَفَلَمْ يَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَيَنظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۚ دَمَّرَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ ۖ وَلِلْكَافِرِينَ أَمْثَالُهَا ﴿١٠﴾ ذَٰلِكَ بِأَنَّ اللَّهَ مَوْلَى الَّذِينَ آمَنُوا وَأَنَّ الْكَافِرِينَ لَا مَوْلَىٰ لَهُمْ ﴿١١﴾إِنَّ اللَّهَ يُدْخِلُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ۖ وَالَّذِينَ كَفَرُوا يَتَمَتَّعُونَ وَيَأْكُلُونَ كَمَا تَأْكُلُ الْأَنْعَامُ وَالنَّارُ مَثْوًى لَّهُمْ ﴿١٢﴾ وَكَأَيِّن مِّن قَرْيَةٍ هِيَ أَشَدُّ قُوَّةً مِّن قَرْيَتِكَ الَّتِي أَخْرَجَتْكَ أَهْلَكْنَاهُمْ فَلَا نَاصِرَ لَهُمْ ﴿١٣﴾ أَفَمَن كَانَ عَلَىٰ بَيِّنَةٍ مِّن رَّبِّهِ كَمَن زُيِّنَ لَهُ سُوءُ عَمَلِهِ وَاتَّبَعُوا أَهْوَاءَهُم ﴿١٤﴾ مَّثَلُ الْجَنَّةِ الَّتِي وُعِدَ الْمُتَّقُونَ ۖ فِيهَا أَنْهَارٌ مِّن مَّاءٍ غَيْرِ آسِنٍ وَأَنْهَارٌ مِّن لَّبَنٍ لَّمْ يَتَغَيَّرْ طَعْمُهُ وَأَنْهَارٌ مِّنْ خَمْرٍ لَّذَّةٍ لِّلشَّارِبِينَ وَأَنْهَارٌ مِّنْ عَسَلٍ مُّصَفًّى ۖ وَلَهُمْ فِيهَا مِن كُلِّ الثَّمَرَاتِ وَمَغْفِرَةٌ مِّن رَّبِّهِمْ ۖ كَمَنْ هُوَ خَالِدٌ فِي النَّارِ وَسُقُوا مَاءً حَمِيمًا فَقَطَّعَ أَمْعَاءَهُمْ ﴿١٥﴾ وَمِنْهُم مَّن يَسْتَمِعُ إِلَيْكَ حَتَّىٰ إِذَا خَرَجُوا مِنْ عِندِكَ قَالُوا لِلَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ مَاذَا قَالَ آنِفًا ۚ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ طَبَعَ اللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ وَاتَّبَعُوا أَهْوَاءَهُمْ ﴿١٦﴾ وَالَّذِينَ اهْتَدَوْا زَادَهُمْ هُدًى وَآتَاهُمْ تَقْوَاهُمْ ﴿١٧﴾ فَهَلْ يَنظُرُونَ إِلَّا السَّاعَةَ أَن تَأْتِيَهُم بَغْتَةً ۖ فَقَدْ جَاءَ أَشْرَاطُهَا ۚ فَأَنَّىٰ لَهُمْ إِذَا جَاءَتْهُمْ ذِكْرَاهُمْ ﴿١٨﴾ فَاعْلَمْ أَنَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَاسْتَغْفِرْ لِذَنبِكَ وَلِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مُتَقَلَّبَكُمْ وَمَثْوَاكُمْ ﴿١٩﴾وَيَقُولُ الَّذِينَ آمَنُوا لَوْلَا نُزِّلَتْ سُورَةٌ ۖ فَإِذَا أُنزِلَتْ سُورَةٌ مُّحْكَمَةٌ وَذُكِرَ فِيهَا الْقِتَالُ ۙ رَأَيْتَ الَّذِينَ فِي قُلُوبِهِم مَّرَضٌ يَنظُرُونَ إِلَيْكَ نَظَرَ الْمَغْشِيِّ عَلَيْهِ مِنَ الْمَوْتِ ۖ فَأَوْلَىٰ لَهُمْ ﴿٢٠﴾ طَاعَةٌ وَقَوْلٌ مَّعْرُوفٌ ۚ فَإِذَا عَزَمَ الْأَمْرُ فَلَوْ صَدَقُوا اللَّهَ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ ﴿٢١﴾ فَهَلْ عَسَيْتُمْ إِن تَوَلَّيْتُمْ أَن تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ وَتُقَطِّعُوا أَرْحَامَكُمْ ﴿٢٢﴾ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ لَعَنَهُمُ اللَّهُ فَأَصَمَّهُمْ وَأَعْمَىٰ أَبْصَارَهُمْ ﴿٢٣﴾ أَفَلَا يَتَدَبَّرُونَ الْقُرْآنَ أَمْ عَلَىٰ قُلُوبٍ أَقْفَالُهَا ﴿٢٤﴾ إِنَّ الَّذِينَ ارْتَدُّوا عَلَىٰ أَدْبَارِهِم مِّن بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْهُدَى ۙ الشَّيْطَانُ سَوَّلَ لَهُمْ وَأَمْلَىٰ لَهُمْ ﴿٢٥﴾ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَالُوا لِلَّذِينَ كَرِهُوا مَا نَزَّلَ اللَّهُ سَنُطِيعُكُمْ فِي بَعْضِ الْأَمْرِ ۖ وَاللَّهُ يَعْلَمُ إِسْرَارَهُمْ ﴿٢٦﴾ فَكَيْفَ إِذَا تَوَفَّتْهُمُ الْمَلَائِكَةُ يَضْرِبُونَ وُجُوهَهُمْ وَأَدْبَارَهُمْ ﴿٢٧﴾ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمُ اتَّبَعُوا مَا أَسْخَطَ اللَّهَ وَكَرِهُوا رِضْوَانَهُ فَأَحْبَطَ أَعْمَالَهُمْ ﴿٢٨﴾ أَمْ حَسِبَ الَّذِينَ فِي قُلُوبِهِم مَّرَضٌ أَن لَّن يُخْرِجَ اللَّهُ أَضْغَانَهُمْ ﴿٢٩﴾وَلَوْ نَشَاءُ لَأَرَيْنَاكَهُمْ فَلَعَرَفْتَهُم بِسِيمَاهُمْ ۚ وَلَتَعْرِفَنَّهُمْ فِي لَحْنِ الْقَوْلِ ۚ وَاللَّهُ يَعْلَمُ أَعْمَالَكُمْ ﴿٣٠﴾ وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ حَتَّىٰ نَعْلَمَ الْمُجَاهِدِينَ مِنكُمْ وَالصَّابِرِينَ وَنَبْلُوَ أَخْبَارَكُمْ ﴿٣١﴾ إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَصَدُّوا عَن سَبِيلِ اللَّهِ وَشَاقُّوا الرَّسُولَ مِن بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْهُدَىٰ لَن يَضُرُّوا اللَّهَ شَيْئًا وَسَيُحْبِطُ أَعْمَالَهُمْ ﴿٣٢﴾ ۞ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَلَا تُبْطِلُوا أَعْمَالَكُمْ ﴿٣٣﴾ إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَصَدُّوا عَن سَبِيلِ اللَّهِ ثُمَّ مَاتُوا وَهُمْ كُفَّارٌ فَلَن يَغْفِرَ اللَّهُ لَهُمْ ﴿٣٤﴾ فَلَا تَهِنُوا وَتَدْعُوا إِلَى السَّلْمِ وَأَنتُمُ الْأَعْلَوْنَ وَاللَّهُ مَعَكُمْ وَلَن يَتِرَكُمْ أَعْمَالَكُمْ ﴿٣٥﴾ إِنَّمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَلَهْوٌ ۚ وَإِن تُؤْمِنُوا وَتَتَّقُوا يُؤْتِكُمْ أُجُورَكُمْ وَلَا يَسْأَلْكُمْ أَمْوَالَكُمْ ﴿٣٦﴾ إِن يَسْأَلْكُمُوهَا فَيُحْفِكُمْ تَبْخَلُوا وَيُخْرِجْ أَضْغَانَكُمْ ﴿٣٧﴾ هَا أَنتُمْ هَٰؤُلَاءِ تُدْعَوْنَ لِتُنفِقُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ فَمِنكُم مَّن يَبْخَلُ ۖ وَمَن يَبْخَلْ فَإِنَّمَا يَبْخَلُ عَن نَّفْسِهِ ۚ وَاللَّهُ الْغَنِيُّ وَأَنتُمُ الْفُقَرَاءُ ۚ وَإِن تَتَوَلَّوْا يَسْتَبْدِلْ قَوْمًا غَيْرَكُمْ ثُمَّ لَا يَكُونُوا أَمْثَالَكُم ﴿٣٨﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Sarupane wong kafir menging pracaya ing Allah, nyirnakake ganjarane anggone nglakoni kabecikan.
  2. Dene Sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe becik sarta ngistokake dhawuhing (al-Quran) kang tinuturake marang Muhammad hiya iku agama kang bener terang dhawuhing Allah Pangerane. Allah ngapura dosane lan becikake lakune.
  3. Mulane mangkono hamarga para wong kafir mau padha manut panggodhaning setan (dalan sing luput) dene para mukmin manut dalan bener saka Pangerane. Mangkono mau Allah anggone nerang-nerangake marang manungsa pirang-pirang conto.
  4. Mulane manawa sira katemu mungsuh wong kafir (ana peperangan) banjur padha sira kethok gulune. Dene yen wis akeh kang mathi padha dadekna tawanan wae. Kena uga banjur sira hapura (huculake) utawa ditebus. Mangkono iku tindakna nganti tekan rampunge perang. Upama ana keparenging ALlah wong kafir padha ditumpes mesthi kelakon. Nanging ora mangkono, anggone dhawuh perang kanggo handadar para mukmin kang setia tuhu. Dene kang mati perang ana dhalaning Allah ora bakal hanjugarake anggone padha nglakoni panggawe becik.
  5. Allah mesthi paring pituduh bener an becikake lakune.
  6. Apadene ngunggahake ing suwarga lan mratakake panggonane.
  7. Para wong kang percaya, menawa sira bantu utusaning Allah (anggone gelarake agama Islam) Allah mesthi paring pituduh marang sira lan netepake delmakanira (keyakinanmu).
  8. Dene para kang pada kafir padha kapitunan, Allah bakal nglarutake ganjarane anggone padha nglakone penggawe becik.
  9. Anggone mangkono marga anggone sengit marang al-Quran kang didhawuhake Allah, mulane Allah nyirnakake ganjarane.
  10. Yaene padha ora deleng kahanan ing bumi (nyelidhiki) delok kahanane ummat kuna biyen kang ditumpes marga anggone kafir kapriye kadadeyane kaya mangkono uga.
  11. Mulane mangkono, amarga Allah iku pangayome wong mukmin kang paring pitulung, dene wong kafir ora duwe pangayom.
  12. Allah iku ganjar para mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik padha diunggahake suwarga kang ana bengawane mili kana sangisore kekayon. Dene si kafir padha bungah - bungah (ing donya) lan padha mangan, anggone mangan kaya kebo sapi. Besuk ana akherat panggonane ana neraka.
  13. Pira wae akehe wong padesan kang gagah prakosane ngungkuli kuate (saka penduduk) pedesanmu (Makkah) kang wis padha nudhung sira (saka Mekkah) padha Ingsun tumpes lan ora ana kang bisa nulungi dheweke.
  14. Wong kang padha nyungkemi tandha yekti saka Pangerane (al-Quran) apa padha wae karo wong kang dhemen nglakoni penggawe hala pangrasane becik lan nuruti sakarep - karepe? (mesthi bedha banget).
  15. Saumpamane suwarga kang dijanjekake dening Allah bakal diganjarake marang para wong kang bekti, ana bengawan kang mili banyu kang ora owah, lan ana bengawane mili pohan kang ora bisa owah rasane, apadene ana bengawan mili saceng ang enak rasane tumrap wong kang padha ngombe. Lan anabengawane mili madu kang bening. Wong mukmin ana suwarga padha duwe woh - wohan akeh tur warna - warna lan oleh pangapura saka Pangerane padha karo wong kang ana neraka iku tetimbangane langgeng. Dicangar nganggo wedang panas mulane ususe padha ajur.
  16. Sawenehe wongkafir ana kang padha ngrungokake gunemme (wulangane Muhammad), bareng wis mundur saka ngarepira banjur padha geguyu. Kandhane marang wong kang kadunungan kaweruh (para shahabat), "Apa kang dikandhakake mau?" Wong kang mangkono mau atine wis dikunci dening Allah. Banjur nglakoni sakarep - karepe dhewe.
  17. Dene wong kang padha oleh pituduh diparingi tambah pituduh maneh sarta diparingi ati bekti ing Allah.
  18. Wong kafir ngenteni apa? ora liya ngenteni dina qiyamat kang tekane ngegetake, kang mangka saiki satemene tandha - tandhane wis ana. Menawa wis teka piye anggone arep padha eling taubat (ing Allah)
  19. Sira weruha satemene ora ana sesembahan kelawan bener mung Allah piyambak, lan nyuwuna pangapurane dosanira lan dosane wong mukmin lanang lan wadon. Allah nguningani mlah - malihe panggawemu.
  20. Wong mukmin padha kandha, "Ya gene ora ana dhawuh (perang)?" Barang ana dhawuhing perang, sira deleng wong kang atine lamis iku padha deleng marang sira arupa wong kang wedi mati.
  21. Wajibe mung sendika sarta mangsuli nganggo tembung becik. Bareng tekane gawe perang wong lamis padha nyidrani kasaguhane, umpamane padha ngandel prasetyaning ALlah luwih becik tumrap awake.
  22. Bok menawa kowe nyekel kuasa apa banjur bali gawe rusak ana bumi lan padha medhot paseduluran.
  23. Wong kang mangkono mau padha dibendoni Allah mulane Allah banjur budhegake lan micakake pandelenge wong mau.
  24. Ya gene (wong lamis mau) pra padha gagas (mikir - mikir) surasane al-Quran atine malah padha dikunci.
  25. Sarupane wong kang wis terang marang pituduh bener nanging banjur balik dadi kafir lan lamis. Setan banjur godha wong mau (gampang gawe dosa) lan dawakake angen - angene.
  26. Tetelaning panggodha, wong lamis mau padha bebisik marang wong kang padha sengit marang alQuran (wong kafir), "Aku bakal biyantu sawatara marang kowe". Allah nguningani wadine wong lamis mau.
  27. Kepriye polahe wong lamis mau besuk yen wis dipateni malaikat kanthi gebugi wong lamis mau saka ngarep lan buri.
  28. Mangkono mau amarga para wong lamis padha nglakoni barang kang dadekake dukane Allah, lan sengit barang kang dadi kersane Allah. Mulane Allah nyirnakake lakune becik wong lamis mau.
  29. Wong kang atine ana lelarane (lamis) apa padha ngira yen Allah ora bakal bukak wadine anggone gething marang wong mukmin?
  30. Menawa ana parenge karsane Allah, kena uga sira Ingsun weruhake kahanane para wong lamis, sira bakal weruh tengere anggone lamis, lan bakal weruh kandhane kang ora prasaja. Allah nguningane lakune para kawulane kabeh (hala becik).
  31. (Para mukmin) Ingsun nyoba diprentah perang supaya wuninga kelawan gumelar sapa kang setia tuhu lan tega atine lan Ingsun bukak wadinira ing kono bakal cetho.
  32. Sarupane wong kafir lan kang ngalang - ngalangi sumebare agama Islam, apadene nyulayani Rasul, tur wis padha terang weruh pituduh bener ora pisan - pisan mlarati marang ALlah, ing tembe Allah jugarake ganjarane kabecikane.
  33. Para mukmin kabeh padha manut - mituruta parintahing Allah lan rasul lan aja padha jugarake (bubrah) ganjaraning kabecikan.
  34. Sarupane wong kafir lan ngalang - ngalangi sumebare agama Islam mangka banjur mati isih kafir Allah ora bakal ngapura dosane wong mau.
  35. (Para mukmin kabeh) sira aja cilik atime lan ngajak rukun. Sira iku luhur ngungkuli wong kafir, lan ALlah nyertani sira kabeh, lan Allah ora bakal nyuda ganjaranira anggonmu padha ngelakoni panggawe becik.
  36. Kabungahan ing donya iku mung dolanan kang ora lawas (nuli rusak) nanging manawa sira percaya sarta bekti ing Allah bakal diparingi ganjaran lan ora bakal dangu bandhanira.
  37. Upama Allah dangu zakate bandhanira kelawan dhawuh kenceng sira dikersakake ngentekake bandha mau (kanggo zakat utawa ragad perang) mesthi eman eman. Allah banjur melehake anggonmu sengit.
  38. (Para kawula kabeh) SIra padha perintaha ngetokake bondho kanggo ragad sabilillah nangin ana kang abot (lan ana uga kang entheng). Dene sing sapa komed medhit tumanjane marang awake dhewe. Lan Allah iku Maha sugih nanging sira kang benget butuhe (marang Allah). Manawa sira mlengos ngestokake dhawuhe Allah, Pangeran bakal ganti sira marang ummat liya kang dheweke ora kaya sira mangono (bangkang).[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas