Jv/Al-Quran/Al Hadiid

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Al-Hadiid
الحديد
Informasi
Arti Wesi
golongan Madaniyyah
Juz Juz 27
Statistik
Jumlah ruku' - ruku'
Jumlah ayat 29 ayat

Surat Al-Hadiid punika surat ingkang kaping 57, anggadahi 29 ayat lan termasuk golongan surat madaniyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
سَبَّحَ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ ﴿١﴾ لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ يُحْيِي وَيُمِيتُ ۖ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ ﴿٢﴾ هُوَ الْأَوَّلُ وَالْآخِرُ وَالظَّاهِرُ وَالْبَاطِنُ ۖ وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ ﴿٣﴾هُوَ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوَىٰ عَلَى الْعَرْشِ ۚ يَعْلَمُ مَا يَلِجُ فِي الْأَرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا وَمَا يَنزِلُ مِنَ السَّمَاءِ وَمَا يَعْرُجُ فِيهَا ۖ وَهُوَ مَعَكُمْ أَيْنَ مَا كُنتُمْ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ ﴿٤﴾ لَّهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَإِلَى اللَّهِ تُرْجَعُ الْأُمُورُ ﴿٥﴾ يُولِجُ اللَّيْلَ فِي النَّهَارِ وَيُولِجُ النَّهَارَ فِي اللَّيْلِ ۚ وَهُوَ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ ﴿٦﴾ آمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَأَنفِقُوا مِمَّا جَعَلَكُم مُّسْتَخْلَفِينَ فِيهِ ۖ فَالَّذِينَ آمَنُوا مِنكُمْ وَأَنفَقُوا لَهُمْ أَجْرٌ كَبِيرٌ ﴿٧﴾ وَمَا لَكُمْ لَا تُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ ۙ وَالرَّسُولُ يَدْعُوكُمْ لِتُؤْمِنُوا بِرَبِّكُمْ وَقَدْ أَخَذَ مِيثَاقَكُمْ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ ﴿٨﴾ هُوَ الَّذِي يُنَزِّلُ عَلَىٰ عَبْدِهِ آيَاتٍ بَيِّنَاتٍ لِّيُخْرِجَكُم مِّنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ ۚ وَإِنَّ اللَّهَ بِكُمْ لَرَءُوفٌ رَّحِيمٌ ﴿٩﴾ وَمَا لَكُمْ أَلَّا تُنفِقُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَلِلَّهِ مِيرَاثُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ لَا يَسْتَوِي مِنكُم مَّنْ أَنفَقَ مِن قَبْلِ الْفَتْحِ وَقَاتَلَ ۚ أُولَٰئِكَ أَعْظَمُ دَرَجَةً مِّنَ الَّذِينَ أَنفَقُوا مِن بَعْدُ وَقَاتَلُوا ۚ وَكُلًّا وَعَدَ اللَّهُ الْحُسْنَىٰ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ ﴿١٠﴾ مَّن ذَا الَّذِي يُقْرِضُ اللَّهَ قَرْضًا حَسَنًا فَيُضَاعِفَهُ لَهُ وَلَهُ أَجْرٌ كَرِيمٌ ﴿١١﴾يَوْمَ تَرَى الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ يَسْعَىٰ نُورُهُم بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَبِأَيْمَانِهِم بُشْرَاكُمُ الْيَوْمَ جَنَّاتٌ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ ﴿١٢﴾ يَوْمَ يَقُولُ الْمُنَافِقُونَ وَالْمُنَافِقَاتُ لِلَّذِينَ آمَنُوا انظُرُونَا نَقْتَبِسْ مِن نُّورِكُمْ قِيلَ ارْجِعُوا وَرَاءَكُمْ فَالْتَمِسُوا نُورًا فَضُرِبَ بَيْنَهُم بِسُورٍ لَّهُ بَابٌ بَاطِنُهُ فِيهِ الرَّحْمَةُ وَظَاهِرُهُ مِن قِبَلِهِ الْعَذَابُ ﴿١٣﴾ يُنَادُونَهُمْ أَلَمْ نَكُن مَّعَكُمْ ۖ قَالُوا بَلَىٰ وَلَٰكِنَّكُمْ فَتَنتُمْ أَنفُسَكُمْ وَتَرَبَّصْتُمْ وَارْتَبْتُمْ وَغَرَّتْكُمُ الْأَمَانِيُّ حَتَّىٰ جَاءَ أَمْرُ اللَّهِ وَغَرَّكُم بِاللَّهِ الْغَرُورُ ﴿١٤﴾ فَالْيَوْمَ لَا يُؤْخَذُ مِنكُمْ فِدْيَةٌ وَلَا مِنَ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ مَأْوَاكُمُ النَّارُ ۖ هِيَ مَوْلَاكُمْ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ ﴿١٥﴾ ۞ أَلَمْ يَأْنِ لِلَّذِينَ آمَنُوا أَن تَخْشَعَ قُلُوبُهُمْ لِذِكْرِ اللَّهِ وَمَا نَزَلَ مِنَ الْحَقِّ وَلَا يَكُونُوا كَالَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِن قَبْلُ فَطَالَ عَلَيْهِمُ الْأَمَدُ فَقَسَتْ قُلُوبُهُمْ ۖ وَكَثِيرٌ مِّنْهُمْ فَاسِقُونَ ﴿١٦﴾ اعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ يُحْيِي الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ قَدْ بَيَّنَّا لَكُمُ الْآيَاتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ ﴿١٧﴾ إِنَّ الْمُصَّدِّقِينَ وَالْمُصَّدِّقَاتِ وَأَقْرَضُوا اللَّهَ قَرْضًا حَسَنًا يُضَاعَفُ لَهُمْ وَلَهُمْ أَجْرٌ كَرِيمٌ ﴿١٨﴾وَالَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ أُولَٰئِكَ هُمُ الصِّدِّيقُونَ ۖ وَالشُّهَدَاءُ عِندَ رَبِّهِمْ لَهُمْ أَجْرُهُمْ وَنُورُهُمْ ۖ وَالَّذِينَ كَفَرُوا وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَحِيمِ ﴿١٩﴾ اعْلَمُوا أَنَّمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَلَهْوٌ وَزِينَةٌ وَتَفَاخُرٌ بَيْنَكُمْ وَتَكَاثُرٌ فِي الْأَمْوَالِ وَالْأَوْلَادِ ۖ كَمَثَلِ غَيْثٍ أَعْجَبَ الْكُفَّارَ نَبَاتُهُ ثُمَّ يَهِيجُ فَتَرَاهُ مُصْفَرًّا ثُمَّ يَكُونُ حُطَامًا ۖ وَفِي الْآخِرَةِ عَذَابٌ شَدِيدٌ وَمَغْفِرَةٌ مِّنَ اللَّهِ وَرِضْوَانٌ ۚ وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا مَتَاعُ الْغُرُورِ ﴿٢٠﴾ سَابِقُوا إِلَىٰ مَغْفِرَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا كَعَرْضِ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ أُعِدَّتْ لِلَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ ۚ ذَٰلِكَ فَضْلُ اللَّهِ يُؤْتِيهِ مَن يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ ﴿٢١﴾ مَا أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي أَنفُسِكُمْ إِلَّا فِي كِتَابٍ مِّن قَبْلِ أَن نَّبْرَأَهَا ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرٌ ﴿٢٢﴾ لِّكَيْلَا تَأْسَوْا عَلَىٰ مَا فَاتَكُمْ وَلَا تَفْرَحُوا بِمَا آتَاكُمْ ۗ وَاللَّهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُورٍ ﴿٢٣﴾ الَّذِينَ يَبْخَلُونَ وَيَأْمُرُونَ النَّاسَ بِالْبُخْلِ ۗ وَمَن يَتَوَلَّ فَإِنَّ اللَّهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيدُ ﴿٢٤﴾لَقَدْ أَرْسَلْنَا رُسُلَنَا بِالْبَيِّنَاتِ وَأَنزَلْنَا مَعَهُمُ الْكِتَابَ وَالْمِيزَانَ لِيَقُومَ النَّاسُ بِالْقِسْطِ ۖ وَأَنزَلْنَا الْحَدِيدَ فِيهِ بَأْسٌ شَدِيدٌ وَمَنَافِعُ لِلنَّاسِ وَلِيَعْلَمَ اللَّهُ مَن يَنصُرُهُ وَرُسُلَهُ بِالْغَيْبِ ۚ إِنَّ اللَّهَ قَوِيٌّ عَزِيزٌ ﴿٢٥﴾ وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا وَإِبْرَاهِيمَ وَجَعَلْنَا فِي ذُرِّيَّتِهِمَا النُّبُوَّةَ وَالْكِتَابَ ۖ فَمِنْهُم مُّهْتَدٍ ۖ وَكَثِيرٌ مِّنْهُمْ فَاسِقُونَ ﴿٢٦﴾ ثُمَّ قَفَّيْنَا عَلَىٰ آثَارِهِم بِرُسُلِنَا وَقَفَّيْنَا بِعِيسَى ابْنِ مَرْيَمَ وَآتَيْنَاهُ الْإِنجِيلَ وَجَعَلْنَا فِي قُلُوبِ الَّذِينَ اتَّبَعُوهُ رَأْفَةً وَرَحْمَةً وَرَهْبَانِيَّةً ابْتَدَعُوهَا مَا كَتَبْنَاهَا عَلَيْهِمْ إِلَّا ابْتِغَاءَ رِضْوَانِ اللَّهِ فَمَا رَعَوْهَا حَقَّ رِعَايَتِهَا ۖ فَآتَيْنَا الَّذِينَ آمَنُوا مِنْهُمْ أَجْرَهُمْ ۖ وَكَثِيرٌ مِّنْهُمْ فَاسِقُونَ ﴿٢٧﴾ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَآمِنُوا بِرَسُولِهِ يُؤْتِكُمْ كِفْلَيْنِ مِن رَّحْمَتِهِ وَيَجْعَل لَّكُمْ نُورًا تَمْشُونَ بِهِ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ ﴿٢٨﴾ لِّئَلَّا يَعْلَمَ أَهْلُ الْكِتَابِ أَلَّا يَقْدِرُونَ عَلَىٰ شَيْءٍ مِّن فَضْلِ اللَّهِ ۙ وَأَنَّ الْفَضْلَ بِيَدِ اللَّهِ يُؤْتِيهِ مَن يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ ﴿٢٩﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Isen - isening langit lan bumi kabeh padha nyebut Maha suci ing Allah, Allah iku Maha Mulya tur wicaksana.
  2. Keraton bumi lan langit iku kagungane Allah, kang gawe pati lan urip, kang nguwasani samu barang.
  3. Allah iku kang dhisik tanpa kawitan lan keri tanpa wekasan, kang lahir lan bathin, lan nguningani samu barang.
  4. Allah iku kang gawe bumi lan langit mung 6 dina, banjur jumeneng ana 'Arasy, nguningani barang kang mlebu lan metu ing bumi. Apa dene barang kang tumurn saka langit, lan kang munggah marang langit, ing ngendi panggonanira Allah nyartani, kang mirsani kabeh barang kang padha sira lakoni.
  5. Keraton langit lan bumi kagungane Allah, samu barang prakara iku wekasane bali marang Allah.
  6. Allah iku nglajokake wengi marang awan, sarta awan marang wengi, lan nguningani sakrenteking ati.
  7. Sira padha percaya ing Allah lan marang Rosule, lan blanjakna sebagian saka bandhamu kang diparingake dening Allah kang sira urusi, mula wong - wong kang percaya ing Allah antarane kancanira ing tembe bakal tampa ganjaran gedhe yaiku suwarga.
  8. Ana apa sira ora percaya marang Allah lan Rosule, kang ngajak marang sira percaya ing Allah Pangeranira, lan wis ngasta ukuranira sanggem dadi wong kang percaya.
  9. Allah kang nurunake tandha yekti kang cetha pirang - pirang marang kawulane kanggo metokake sira saka panggonan peteng marang pepadhanging (Iman) kang mangkono iku cetha sih piwalesing Allah marang sira.
  10. Ya gene sira ora gelem metokake sebagian bandha mau kanggo ragad ana ing dhalaning Allah kang mangkono isening langit lan bumi iki kabeh kagungane Allah? nanging wong kang gelem metokake sebagian bandhane lan gelem mangsah perang sakdurunge Mekkah bedha, drajade luwih gedhe tinimbang sawise iku lagi gelem mragadi lan melu perang. Kabeh hiya padha oleh prasetianing Allah, bakal diparingi ganjaran kang luwih becik. Allah iku waspadha samu barang kang padha sira lakoni.
  11. Sapa kang potang kabecikan marang Allah, sarana potang (ginawe kaperluan) kang becik, ing tembe Allah bakal nyahur nganti tikel - matikel uga ganjar suwarga kang mulya.
  12. (Yaiku) nalikane sira ngeleng para mukmin lanang lan wadon cahyane padha mencorong ana ngarepe lan kiwa tengene. (sarta padha nampa dhawuh): "Begja temen sira ing dina iku padha melebu suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon, sarta padha langgeng. hiya iku tetep kabegjan gedhe".
  13. Yaiku nalikane para wong lamis lanang lan wadon padha ngucap marang para mukmin: "Sampiyan mirsanana dhateng kula, kula badhe nular cahya panjenengan". Para wong lamis mau bandjur didhawuhi (Malaikat): "Kowe baliya memburi lan goleknana dhewe cahya kanggomu". Nuli dialing - alingi pager kang ana lawange, sajerone pager isi rahmat ing jaba kebak siksa.
  14. Wong kang padha lamis mau padha ngundhang saka jaba, "Kula punika punapa dede kanca sampyan?". Padha diwangsuli (wong mukmin): "Hiya bener, nanging kowe maheka awakmu dhewe sarana lamis lan ngarep - arep cilakane pra mukmin, lan mamang marang Agama Islam, lan kajelomprong dening pangangsa - pangangsa nganti tekan wawangene pati kang wis pinasthi dening Allah. Saiki kowe wis diapusi ing syetan ora percaya ing Allah."
  15. Ing dina iki tebusan saka kowe lan saka pra wong kadir padha tinampik kabeh, panggonanmu mesthi ana neraka. Lan ing kono pangayommu kang sak elek - eleke panggonan bali.
  16. saiki apa ora wis mangsane para mukmin atine padha sujud atine lan eling ing Allah lan marang al-Quran kang wis tumurn lan nyata bener. Ora kaya wong - wong kang duwe wewaton kitab sadurunge nganti lawas anggone padha ngenteni Rosul kang jumeneng atine banjur padha wangkot kang akeh padha duraka (ora manut marang Rosul).
  17. (Para mukmin) padha weruha yen Allah anggone nguripake bumi kang wis mati, Ingsun wis nerang - nerangake tandha yekti pirang - pirang kang nerangake kuwasaningsu supaya sira padha mikir.
  18. Wong lanang lan wadon kang padha setiya tuhu (marang Allah lan rasule) lan potang kabecikan ing Allah, iku bakal padha diparingi ganjaran tikel matikel, uga diparingi ganjarang suwarga kang mulya.
  19. Sarupane wong kang percaya ing Allah lan ngestokake Rosule iku tetep wong kang setiya tuhu lan bakal dadi seksi ana ngarsane Pangerane, meruhi wong ang padha maido pangandikaning Allah, oleh ganjarang lan cahyane wong kang setia tuhu. Dene sarupane wong kafir lan maido ayatingsun kabeh isen - isene neraka jahannam.
  20. Sira padha weruha yen kabungahan ing donya iku mung dolanan (nglalekake kabungahan ing akherat) lang rerenggan kang mesthi rusak, padha jor - joran sugih bandha lan sugih ana. Padhane udan dadekake gumune para tani (anggone bisa minangkani thukule thetukulan) sawise iku banjur kuning padha gogrok. Besuk ana akherat ana siksa kang abot, lan ana kang oleh pangapura lan karidhaning Allah. kasenengan ing donya iku ora liwat mung kabungahan kang semu.
  21. Sira padha rebut bujunga. anggayuh pangapuraning Pangeranira, lan gayuh suwarga kang jembare padha langit lan bumi, iku disadiyakake ganjaran marang sarupane wong kang percaya lan iku kanugrahaning Allah, diparingake marang wong kang dadi pareng kersane, Allah iku kagungan kanugrahan gedhe.
  22. Sadhengah bebaya (kasengsaran) kang tumiba ana ing bumi utawa ing awakira, kabeh wis pinasthi tinulis ana Kitab (lauhil Mahfudz) sakdurunge Ingsun nitahake. Kang mangkono mau mungguhe Allah gampang wae.
  23. Supaya sira aja padha sedih hanggetuni barang donya kang sira katilapan lan aja padha bungah nganti lali, marga katekan karepira. Allah iku ora remen wong kang gumedhe marga oleh donya akeh.
  24. Kang padha cethil (eman - eman menehake barang kang wis wajibe kudu diwehake) lan ajak - ajak cethil marang manungsa. Dene sing sapa mogok (mewehake barang kang wajib) satemene Allah iku ora butuh marang liyane tur pantes pinuji kabecikan.
  25. Ingsun wis ngutus utusaningsun (Rasul) kanthi maringake tandha yekti pirang - pirang, sarta maringake Kitab lan traju timbang (keadilan) supaya manungsa padha netepana bener. Apadene Ingsun nurunake wesi duwe kekuatan kang sentosa, lan akeh gunane kanggo pirantinig manungsa. Supaya Allah wuninga marang wong nulungi (agamane) lan utusane kelawan ghoib. Satemene Alah iku santosa tur Maha Mulya.
  26. Ingsun wis ngutus Nuh lan Ibrahim, turunane nabi lor mau Ingsun paringi pangkat nabi lan Kitab. Lan ana kang oleh pituduh bener, hewa dene akeh kang padha duraka.
  27. Sapungkure banjur Ingsun sambungi para Rasul maneh, lan Ingsung sambungi Isa anake Maryam lan Ingsun paringi Kitab Injil. para wong kang manut Isa padha Ingsun paringi budi sih - sinisihan lan guyub. Apadene budi mandhita. Ananing ora Ingsun wajibake apa - apa kejaba mung murih keparening Allah, ewadene wong mau padha ora setia tuhu marang sesanggemane (percaya ing Allah lan wulangane Isa). Kang manut percaya antarane deweke padha Ingsun paringi ganjaran suwarga, nanging kang akeh padha duraka.
  28. Para wong - wong kang padha percaya padha bektia ing Allah lan padha ngetokna para utusane. Allah bakal ganjar rahmat rong warna sarta bakal maringi pepadhang kanthi pepadhang mau kena sira naggo mlaku lan Allah ngapura ing sira. Allah iku kepareng ngapura tur maha asih.
  29. (Sira Ingsun weruhake kang mangkono mau) supaya ahli kitab padha weruha yen ora ana kang bisa nguwasani sih kanugrahanane Allah (menawa ora percaya marang Muhammad) kanugrahan mau mung ana ngastane Allah piyambak, diparingake marang wong kang dadi parenge kersane. Alaj iku kagungan kanugrahan gedhe.[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas