Jv/Al-Quran/An Naazi’aat

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
An-Naazi'aat
النازعات
Informasi
Arti Malaikat kang medhoti
golongan Makiyyah
Juz Juz 30
Statistik
Jumlah ruku' 1 ruku'
Jumlah ayat 46 ayat

Surat An-Naazi'aat punika surat ingkang kaping 79, anggadahi 46 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
وَالنَّازِعَاتِ غَرْقًا ﴿١﴾ وَالنَّاشِطَاتِ نَشْطًا ﴿٢﴾ وَالسَّابِحَاتِ سَبْحًا ﴿٣﴾ فَالسَّابِقَاتِ سَبْقًا ﴿٤﴾ فَالْمُدَبِّرَاتِ أَمْرًا ﴿٥﴾ يَوْمَ تَرْجُفُ الرَّاجِفَةُ ﴿٦﴾ تَتْبَعُهَا الرَّادِفَةُ ﴿٧﴾ قُلُوبٌ يَوْمَئِذٍ وَاجِفَةٌ ﴿٨﴾ أَبْصَارُهَا خَاشِعَةٌ ﴿٩﴾ يَقُولُونَ أَإِنَّا لَمَرْدُودُونَ فِي الْحَافِرَةِ ﴿١٠﴾ أَإِذَا كُنَّا عِظَامًا نَّخِرَةً ﴿١١﴾ قَالُوا تِلْكَ إِذًا كَرَّةٌ خَاسِرَةٌ ﴿١٢﴾ فَإِنَّمَا هِيَ زَجْرَةٌ وَاحِدَةٌ ﴿١٣﴾ فَإِذَا هُم بِالسَّاهِرَةِ ﴿١٤﴾ هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ مُوسَىٰ ﴿١٥﴾إِذْ نَادَاهُ رَبُّهُ بِالْوَادِ الْمُقَدَّسِ طُوًى ﴿١٦﴾ اذْهَبْ إِلَىٰ فِرْعَوْنَ إِنَّهُ طَغَىٰ ﴿١٧﴾ فَقُلْ هَل لَّكَ إِلَىٰ أَن تَزَكَّىٰ ﴿١٨﴾ وَأَهْدِيَكَ إِلَىٰ رَبِّكَ فَتَخْشَىٰ ﴿١٩﴾ فَأَرَاهُ الْآيَةَ الْكُبْرَىٰ ﴿٢٠﴾ فَكَذَّبَ وَعَصَىٰ ﴿٢١﴾ ثُمَّ أَدْبَرَ يَسْعَىٰ ﴿٢٢﴾ فَحَشَرَ فَنَادَىٰ ﴿٢٣﴾ فَقَالَ أَنَا رَبُّكُمُ الْأَعْلَىٰ ﴿٢٤﴾ فَأَخَذَهُ اللَّهُ نَكَالَ الْآخِرَةِ وَالْأُولَىٰ ﴿٢٥﴾ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّمَن يَخْشَىٰ ﴿٢٦﴾ أَأَنتُمْ أَشَدُّ خَلْقًا أَمِ السَّمَاءُ ۚ بَنَاهَا ﴿٢٧﴾ رَفَعَ سَمْكَهَا فَسَوَّاهَا ﴿٢٨﴾ وَأَغْطَشَ لَيْلَهَا وَأَخْرَجَ ضُحَاهَا ﴿٢٩﴾ وَالْأَرْضَ بَعْدَ ذَٰلِكَ دَحَاهَا ﴿٣٠﴾ أَخْرَجَ مِنْهَا مَاءَهَا وَمَرْعَاهَا ﴿٣١﴾ وَالْجِبَالَ أَرْسَاهَا ﴿٣٢﴾ مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِأَنْعَامِكُمْ ﴿٣٣﴾ فَإِذَا جَاءَتِ الطَّامَّةُ الْكُبْرَىٰ ﴿٣٤﴾ يَوْمَ يَتَذَكَّرُ الْإِنسَانُ مَا سَعَىٰ ﴿٣٥﴾ وَبُرِّزَتِ الْجَحِيمُ لِمَن يَرَىٰ ﴿٣٦﴾ فَأَمَّا مَن طَغَىٰ ﴿٣٧﴾ وَآثَرَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا ﴿٣٨﴾ فَإِنَّ الْجَحِيمَ هِيَ الْمَأْوَىٰ ﴿٣٩﴾ وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَىٰ ﴿٤٠﴾ فَإِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَىٰ ﴿٤١﴾ يَسْأَلُونَكَ عَنِ السَّاعَةِ أَيَّانَ مُرْسَاهَا ﴿٤٢﴾ فِيمَ أَنتَ مِن ذِكْرَاهَا ﴿٤٣﴾ إِلَىٰ رَبِّكَ مُنتَهَاهَا ﴿٤٤﴾ إِنَّمَا أَنتَ مُنذِرُ مَن يَخْشَاهَا ﴿٤٥﴾ كَأَنَّهُمْ يَوْمَ يَرَوْنَهَا لَمْ يَلْبَثُوا إِلَّا عَشِيَّةً أَوْ ضُحَاهَا ﴿٤٦﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Demi (Malaikat - Malaikat) kang medhoti nyawane kelawan sora.
  2. Demi (Malaikat - Malaikat) kang nglolosi nyawa kelawan alon (marang wong mukmin).
  3. Demi (Malaikat) kang tumurun saka langit kanti rikat.
  4. Lan (Malaikat) kang dhisiki banter.
  5. Lan (Malaikat) kang ngatur urusan (donya).
  6. (Satemene sira bakal ditangekake) ana dina nalika paniyupe slompret kawitan horege alam kabeh.
  7. Nuli ditungka horege maneh kang kapindho.
  8. Ing kono atine wong kang padha maido padha teratapan.
  9. Pandelenge padha konjem (wedi).
  10. Padha celathu, "Apa aku iki dibalekake urip maneh ?".
  11. Sawise dadi balung kang pisah - pisah urip maneh ?
  12. Padha celathu, "Yen mangkono baliku urup maneh aku bali kapitunan".
  13. Ananging iku mung petak sapisan wae.
  14. Lan mara delengen dheweke padha tangi.
  15. Apa ora wis teka marang sira ceritane Musa?
  16. Nalikane dipangandikani Pangerane ana jurang Thuwa.
  17. Lungoo marang panggonane Fir'aun, awit kebangetan anggone kafir.
  18. Dhawuha, "Punapa paduka kepengin anuceni sarira"?
  19. Sarta kula badhe nuntun paduka dhateng Pangeran supados ajrih.
  20. Banjur panjenengane ngatonake tondha kang gedhe marang dheweke.
  21. Ananging dheweke anggorohake (kasunyatan) sarta pra ambangun turut.
  22. Tumuli dheweke bali kalawan rerikatan.
  23. Banjur ngumpulake (wong - wong) tumuli dhawuh.
  24. Celathune, "Aku iki Pangeranira Kang Maha Luhur".
  25. Ananging Allah amatrapi dheweke kelawan pidana ing akherat sarta ing uripe kang dhisik.
  26. Lelakone Fir'aun kasebut mesthi dadi wewulang kanggo wong kang wedi ing Allah.
  27. Apa Allah angone nguripake sira saka pati luwuh angel tinimbang anggone gawe langit?
  28. Andhuwurake payoning langit banjur warata tanpa cacat.
  29. Gawe peteng wayahe wengi, sarta gawe padhang wayahe awan.
  30. Sawuse mangkono Allah gelar bumi.
  31. Alah metokake banyu lan thethukulan saka bumi.
  32. Lan ngukuhake gunung ana bumi.
  33. Kabeh dadi bebungah marang sira lan ingon - ingonira raja kaya.
  34. Ing besuk tekane horeg - horegan (malapetaka) gedhe teka.
  35. Dinane manungsa padha eling apa kang wus ditindhakake.
  36. Lan neraka dipitontonake tumrap sapa sing deleng.
  37. Wondene wong kang ambalasar (kafir).
  38. Sarta milih kauripan dunya.
  39. Sayekti neraka iku panggonane.
  40. Dene wong kang wedi anggone ngadhep ing ngarsaning Pangerane sarta anahan jiwane saka pepenginan asor.
  41. Lah sayekti suwarga iku panggonane.
  42. Dheweke padha takon marang sira prakara wayahe, endhi ketentuane (Qiyamat) ?
  43. Tumrap prakara apa? Sira iku wong kang angelingake prakara iku.
  44. Marang pangeranira pantoging tujune prakara iku.
  45. Sira iku mung juru pepeling tumrap wong kang wedi marang prakra iku.
  46. Ing dinane dheweke andeleng kaya - kaya anggone manggon ora liya kajaba mung sasore utawa sakesuk.[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas