Jv/Al-Quran/Al Jaatsiyah

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Al-Jaatsiah
الجاثية
Informasi
Arti Jengkeng
golongan Makiyyah
Juz Juz 25
Statistik
Jumlah ruku' ruku'
Jumlah ayat 37 ayat

Surat Al-Jaatsiah punika surat ingkang kaping 45, anggadahi 37 ayat lan termasuk golongan surat makiyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
حم ﴿١﴾ تَنزِيلُ الْكِتَابِ مِنَ اللَّهِ الْعَزِيزِ الْحَكِيمِ ﴿٢﴾ إِنَّ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ لَآيَاتٍ لِّلْمُؤْمِنِينَ ﴿٣﴾ وَفِي خَلْقِكُمْ وَمَا يَبُثُّ مِن دَابَّةٍ آيَاتٌ لِّقَوْمٍ يُوقِنُونَ ﴿٤﴾ وَاخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا أَنزَلَ اللَّهُ مِنَ السَّمَاءِ مِن رِّزْقٍ فَأَحْيَا بِهِ الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا وَتَصْرِيفِ الرِّيَاحِ آيَاتٌ لِّقَوْمٍ يَعْقِلُونَ ﴿٥﴾ تِلْكَ آيَاتُ اللَّهِ نَتْلُوهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّ ۖ فَبِأَيِّ حَدِيثٍ بَعْدَ اللَّهِ وَآيَاتِهِ يُؤْمِنُونَ ﴿٦﴾ وَيْلٌ لِّكُلِّ أَفَّاكٍ أَثِيمٍ ﴿٧﴾ يَسْمَعُ آيَاتِ اللَّهِ تُتْلَىٰ عَلَيْهِ ثُمَّ يُصِرُّ مُسْتَكْبِرًا كَأَن لَّمْ يَسْمَعْهَا ۖ فَبَشِّرْهُ بِعَذَابٍ أَلِيمٍ ﴿٨﴾ وَإِذَا عَلِمَ مِنْ آيَاتِنَا شَيْئًا اتَّخَذَهَا هُزُوًا ۚ أُولَٰئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُّهِينٌ ﴿٩﴾ مِّن وَرَائِهِمْ جَهَنَّمُ ۖ وَلَا يُغْنِي عَنْهُم مَّا كَسَبُوا شَيْئًا وَلَا مَا اتَّخَذُوا مِن دُونِ اللَّهِ أَوْلِيَاءَ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ ﴿١٠﴾ هَٰذَا هُدًى ۖ وَالَّذِينَ كَفَرُوا بِآيَاتِ رَبِّهِمْ لَهُمْ عَذَابٌ مِّن رِّجْزٍ أَلِيمٌ ﴿١١﴾ ۞ اللَّهُ الَّذِي سَخَّرَ لَكُمُ الْبَحْرَ لِتَجْرِيَ الْفُلْكُ فِيهِ بِأَمْرِهِ وَلِتَبْتَغُوا مِن فَضْلِهِ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ ﴿١٢﴾ وَسَخَّرَ لَكُم مَّا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا مِّنْهُ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ ﴿١٣﴾قُل لِّلَّذِينَ آمَنُوا يَغْفِرُوا لِلَّذِينَ لَا يَرْجُونَ أَيَّامَ اللَّهِ لِيَجْزِيَ قَوْمًا بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ ﴿١٤﴾ مَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ أَسَاءَ فَعَلَيْهَا ۖ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّكُمْ تُرْجَعُونَ ﴿١٥﴾ وَلَقَدْ آتَيْنَا بَنِي إِسْرَائِيلَ الْكِتَابَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ وَرَزَقْنَاهُم مِّنَ الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْنَاهُمْ عَلَى الْعَالَمِينَ ﴿١٦﴾ وَآتَيْنَاهُم بَيِّنَاتٍ مِّنَ الْأَمْرِ ۖ فَمَا اخْتَلَفُوا إِلَّا مِن بَعْدِ مَا جَاءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًا بَيْنَهُمْ ۚ إِنَّ رَبَّكَ يَقْضِي بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فِيمَا كَانُوا فِيهِ يَخْتَلِفُونَ ﴿١٧﴾ ثُمَّ جَعَلْنَاكَ عَلَىٰ شَرِيعَةٍ مِّنَ الْأَمْرِ فَاتَّبِعْهَا وَلَا تَتَّبِعْ أَهْوَاءَ الَّذِينَ لَا يَعْلَمُونَ ﴿١٨﴾ إِنَّهُمْ لَن يُغْنُوا عَنكَ مِنَ اللَّهِ شَيْئًا ۚ وَإِنَّ الظَّالِمِينَ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ ۖ وَاللَّهُ وَلِيُّ الْمُتَّقِينَ ﴿١٩﴾ هَٰذَا بَصَائِرُ لِلنَّاسِ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِّقَوْمٍ يُوقِنُونَ ﴿٢٠﴾ أَمْ حَسِبَ الَّذِينَ اجْتَرَحُوا السَّيِّئَاتِ أَن نَّجْعَلَهُمْ كَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ سَوَاءً مَّحْيَاهُمْ وَمَمَاتُهُمْ ۚ سَاءَ مَا يَحْكُمُونَ ﴿٢١﴾ وَخَلَقَ اللَّهُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِالْحَقِّ وَلِتُجْزَىٰ كُلُّ نَفْسٍ بِمَا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ ﴿٢٢﴾أَفَرَأَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ إِلَٰهَهُ هَوَاهُ وَأَضَلَّهُ اللَّهُ عَلَىٰ عِلْمٍ وَخَتَمَ عَلَىٰ سَمْعِهِ وَقَلْبِهِ وَجَعَلَ عَلَىٰ بَصَرِهِ غِشَاوَةً فَمَن يَهْدِيهِ مِن بَعْدِ اللَّهِ ۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ ﴿٢٣﴾ وَقَالُوا مَا هِيَ إِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوتُ وَنَحْيَا وَمَا يُهْلِكُنَا إِلَّا الدَّهْرُ ۚ وَمَا لَهُم بِذَٰلِكَ مِنْ عِلْمٍ ۖ إِنْ هُمْ إِلَّا يَظُنُّونَ ﴿٢٤﴾ وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا بَيِّنَاتٍ مَّا كَانَ حُجَّتَهُمْ إِلَّا أَن قَالُوا ائْتُوا بِآبَائِنَا إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ ﴿٢٥﴾ قُلِ اللَّهُ يُحْيِيكُمْ ثُمَّ يُمِيتُكُمْ ثُمَّ يَجْمَعُكُمْ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ لَا رَيْبَ فِيهِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ ﴿٢٦﴾ وَلِلَّهِ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَيَوْمَ تَقُومُ السَّاعَةُ يَوْمَئِذٍ يَخْسَرُ الْمُبْطِلُونَ ﴿٢٧﴾ وَتَرَىٰ كُلَّ أُمَّةٍ جَاثِيَةً ۚ كُلُّ أُمَّةٍ تُدْعَىٰ إِلَىٰ كِتَابِهَا الْيَوْمَ تُجْزَوْنَ مَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ ﴿٢٨﴾ هَٰذَا كِتَابُنَا يَنطِقُ عَلَيْكُم بِالْحَقِّ ۚ إِنَّا كُنَّا نَسْتَنسِخُ مَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ ﴿٢٩﴾ فَأَمَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ فَيُدْخِلُهُمْ رَبُّهُمْ فِي رَحْمَتِهِ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْمُبِينُ ﴿٣٠﴾ وَأَمَّا الَّذِينَ كَفَرُوا أَفَلَمْ تَكُنْ آيَاتِي تُتْلَىٰ عَلَيْكُمْ فَاسْتَكْبَرْتُمْ وَكُنتُمْ قَوْمًا مُّجْرِمِينَ ﴿٣١﴾ وَإِذَا قِيلَ إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ وَالسَّاعَةُ لَا رَيْبَ فِيهَا قُلْتُم مَّا نَدْرِي مَا السَّاعَةُ إِن نَّظُنُّ إِلَّا ظَنًّا وَمَا نَحْنُ بِمُسْتَيْقِنِينَ ﴿٣٢﴾وَبَدَا لَهُمْ سَيِّئَاتُ مَا عَمِلُوا وَحَاقَ بِهِم مَّا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ ﴿٣٣﴾ وَقِيلَ الْيَوْمَ نَنسَاكُمْ كَمَا نَسِيتُمْ لِقَاءَ يَوْمِكُمْ هَٰذَا وَمَأْوَاكُمُ النَّارُ وَمَا لَكُم مِّن نَّاصِرِينَ ﴿٣٤﴾ ذَٰلِكُم بِأَنَّكُمُ اتَّخَذْتُمْ آيَاتِ اللَّهِ هُزُوًا وَغَرَّتْكُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا ۚ فَالْيَوْمَ لَا يُخْرَجُونَ مِنْهَا وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُونَ ﴿٣٥﴾ فَلِلَّهِ الْحَمْدُ رَبِّ السَّمَاوَاتِ وَرَبِّ الْأَرْضِ رَبِّ الْعَالَمِينَ ﴿٣٦﴾ وَلَهُ الْكِبْرِيَاءُ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ ﴿٣٧﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Haa Miim.
  2. Tumurune al-Quran iki terang saka Allah kang Maha Mulya tur Wicaksana.
  3. Kabeh barang ing bumi lan langit mesthi dadi tondha yekti gedhe kanggo para kang angesthu.
  4. Anggonira dumadi lan sarupaning hewan kang gumelar, gumremet ana bumi tumrap wong kang padha ngandel bakal kelakone qiyamat uga dadi tondho yekti.
  5. Dene beda - bedana rina lan wengi lan anane udan kang nuwuhake rizki kang diturunake dening Allah saka langit banjur dianggo nguripake bumi kang wis bera apa dene lakune angin uga dadi tandha yekti tumrap wong kang ana pikire.
  6. Ayat kang wis kasebut mau tandha yektining Allah, Ingsun gelarake kelawan nyata marang sira. Yen meksa padha maido banjur arep ngandel apa, liyane dhawuh lan tandha yektine Allah?
  7. Cilaka temen sarupane tukang maido tur akeh dosane.
  8. Diwacakake sarta krungu al-Quran ayating Allah, nanging banjur puguh gumedhe wegah ngestokake padha wae ora krungu. Wong mankono mau terangna bakal dipatrapi siksa kang nglarani.
  9. Dene menawa weruh sathithik ayat - ayatingsun banjur dianggo geguyon wong mangkono iku mesthi dipatrapi siksa kang ngremehake.
  10. Wong kafir ana donya prasasat wis ngarepake neraka jahannam. Samu barang kang dilakoni apa dene anggone mangeran marang liyane Allah (Brahala) ora bisa murungake siksa, mesthi dipatrapi siksa gedhe.
  11. al-Quran iku pituduh bener, dene sarupane wong kafir kang maido ayating Pangeran bakal diptrapi siksa kang nglarani.
  12. Allah iku kang nelukake segara mulane perahu bisa mlaku ana segara kelawan parentahe Allah, lan sira bisa ngupaya sih kanugrahaning Allah rizki sarana dagang pelayaran supaya bisa syukur.
  13. Lan maneh Allah nelukake isen - isene bumi lan langit kabeh marang sira.Kang mangkono iku tumrap wong kang gelem nganggo pikire dadi tondho yekti gedhe.
  14. Dhawuha marang para mukmin padha apuranen para kafir kang padha ora wedi dinane Allah. Yaiku dina horeg - horegan. Karsane Allah arep ganjar para mukmin (anggone padha shabar) kang wis ditindakake.
  15. Sing sapa nglakoni penggawe becik ganjarane bakal dimpani awake dhewe, sing sapa wonge nglakone pihala patrapane hiya disangga dhewe, tumuli sira kabeh bakal sowan marang ngarsane Pangeran.
  16. Ingsun wis maringi kitab (Taurat) marang para turuning Israil lan diwenangake ngukumi pasulayane manungsa diparingi pangkat nabi (Musa lan Harun), diparingi rizki kang ngresepake sarta digawe punjul ngungkuli wong sajagad.
  17. Wong Bani Israil mau diparingi keterangan akeh bab agama mula dheweke ora pasulayan kajaba sawise katekan kaweruh nanging atine balela drengki, Ing besuk dina qiyamat Allah Pangeranira ngadili anggone pasulayan.
  18. (Muhammad) Sira banjur Ingsun kersakake mengki syare'at (agama) dhewe bab urusan laku - lakuning agama (Islam) mau, sira manuta aja manut karepe wong kang ora weruh.
  19. Wong kafir mau ora bisa nulak siksane Allah marang sira sethithik wae, sarupane wong kafir memitran karo kancane. Dene Allah iku paring pitulung marang para wong Mukmin.
  20. Al-Quran iki isi kaweruh lan pituduh marang manungsa lan dadi rahmat marang wong kang padha ngandhel.
  21. Wong kang nglakoni pihala duwe pangira yen bakal Ingsun gawe padha karo wong kang percaya lan nglakoni panggawe becik. Uripa ana donya iki dikira padha wae karu besuk yen wis mati. Hala temen panemune wong kafir mau.
  22. Allah gawe bumi lan langit kanthi tujuan kang bener, lan supaya tumanduking wewales marang siji - sijining awak menurut lakune (hala utawa becik) lan ing kono ora ana wong kena ing penganiaya.
  23. Kapriye panemunira, mungguh wong kang mangeran marang karepe dhewe sarta dikarsakake sasar dening Allah kanthi adhedhasar kaweruhe, lan Allah wis ngunci pangrungune lan atine ora krungu lan ora weruh pituduh bener. Pandelenge dipetengake Allah. Sarehne disasarake dening Allah sapata kang kaconggah nuduhake dalan bener. Apa padha ora bisa oleh wulang saka ayat iki.
  24. Wong kang padha maido bakal uripe wong kang wis padha mati padha ngucap, "Urip iku hiya mung uripku ana donya iki, aku bakal mati, nanging hiya ana kang lahir nyambungi urupe owng kang wis mati. Dadi kang ngrusak aku kajaba lawase mongso". Pangucape wong kafir mangkono mau tanpa wewaton mung saka gagasane wae.
  25. Wong kafir mau manawa diwacakake al-Quran ayatingsun kelawan cetha, padune ora ana maneh ngucap, "Yen kandhamu wong kang wis mati bakal urip maneh iku temen, uripana para biyungku kang wis padha mati."
  26. (Muhammad) dhawuha, "Allah nguripake lan mateni sira kabeh, besuk bakal dikumpulake ing dina Qiyamat kang ora sumelang maneh. Hewa dene manungsa akeh kang ora weruh mangkono mau".
  27. Karaton bumi lan langit mau kagungane Allah, ing besuk dina Qiyamat wong kafir padha kapitunan.
  28. Ing dina iku sira padha deleng sarupaning ummat padha jengkeng ngenteni karampungan perkarane sebagian padha dikon deleng cathetan lakune dhewe - dhewe. Ing dina iku sira padha tampa walese barang kang wis dilakoni.
  29. (Pangandikaning Allah): "Cathetan iki dadi seksi kang anggelarake samu barang kang wis padha sira lakoni ana ing donya kelawan lugu. Ingsun netepake barang kang wis padha sira lakoni".
  30. Para mukmin kang nglakoni panggawe becik kersane Pangeran padha dilebokake panggonan rahmate hiya iku suwarga. Kang mangkono mau tetela kabegjan gedhe.
  31. Para wong kafir padha didangu, "Apa sira ora didhawuhi lan diwacakake al-Quran ayatingsun?" Sira wis diwacakake nanging padha gumedhe mulane padha kafir.
  32. Manawa sira dipituturi janjine Allah bakal nguripake wong kang wis padha mati iku bener. Dene kelakone dina Qiyamat ora sumeleng. Kowe mangsuli, "Embuh ora weruh apa dina Qiyamat?" manawa aku gelem nyana ora weruh nyatane, dadi tanpa gawe.
  33. Ing kono tetela kang dilakoni wong kafir hala kabeh. Dene patrapane anggone geguyu al-Quran nempuh marang si kafir.
  34. Padha didawuhi, "Ing donya iki Ingsun ora perduli kaya anggonira ora perduli ngelakoni kabecikan kang bakal maidahi ing dina Qiyamat. Saiki panggonira mesthi ana ing neraka. Ora ana kang bisa nulungi."
  35. Mangkono mau marga anggonira geguyu al-Quran, sira padha ketutup ngrasakake kabungahan ing donya. Ing dina iki wong kafir padha ora bisa metu saka neraka, lan wis ora diparingi tobat.
  36. Sakabehing puji kagungane Allah, Pangerane bumi lan langit lan alam kabeh.
  37. Allah iku ngagem sifat kahagungan ana bumi lan langit Maha Mulya tur Maha Wicaksana.[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas