Jv/Al-Quran/Al Mujaadilah

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Al-Mujadilah
المجادلة
Informasi
Arti Padu
golongan Padu
Juz Juz 28
Statistik
Jumlah ruku' ruku'
Jumlah ayat 22 ayat

Surat Al-Mujaadilah punika surat ingkang kaping 58, anggadahi 22 ayat lan termasuk golongan Madaniyyah.

Tèks[1][edit]

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
قَدْ سَمِعَ اللَّهُ قَوْلَ الَّتِي تُجَادِلُكَ فِي زَوْجِهَا وَتَشْتَكِي إِلَى اللَّهِ وَاللَّهُ يَسْمَعُ تَحَاوُرَكُمَا ۚ إِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ بَصِيرٌ ﴿١﴾ الَّذِينَ يُظَاهِرُونَ مِنكُم مِّن نِّسَائِهِم مَّا هُنَّ أُمَّهَاتِهِمْ ۖ إِنْ أُمَّهَاتُهُمْ إِلَّا اللَّائِي وَلَدْنَهُمْ ۚ وَإِنَّهُمْ لَيَقُولُونَ مُنكَرًا مِّنَ الْقَوْلِ وَزُورًا ۚ وَإِنَّ اللَّهَ لَعَفُوٌّ غَفُورٌ ﴿٢﴾ وَالَّذِينَ يُظَاهِرُونَ مِن نِّسَائِهِمْ ثُمَّ يَعُودُونَ لِمَا قَالُوا فَتَحْرِيرُ رَقَبَةٍ مِّن قَبْلِ أَن يَتَمَاسَّا ۚ ذَٰلِكُمْ تُوعَظُونَ بِهِ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ ﴿٣﴾ فَمَن لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ شَهْرَيْنِ مُتَتَابِعَيْنِ مِن قَبْلِ أَن يَتَمَاسَّا ۖ فَمَن لَّمْ يَسْتَطِعْ فَإِطْعَامُ سِتِّينَ مِسْكِينًا ۚ ذَٰلِكَ لِتُؤْمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ ۚ وَتِلْكَ حُدُودُ اللَّهِ ۗ وَلِلْكَافِرِينَ عَذَابٌ أَلِيمٌ ﴿٤﴾ إِنَّ الَّذِينَ يُحَادُّونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ كُبِتُوا كَمَا كُبِتَ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۚ وَقَدْ أَنزَلْنَا آيَاتٍ بَيِّنَاتٍ ۚ وَلِلْكَافِرِينَ عَذَابٌ مُّهِينٌ ﴿٥﴾ يَوْمَ يَبْعَثُهُمُ اللَّهُ جَمِيعًا فَيُنَبِّئُهُم بِمَا عَمِلُوا ۚ أَحْصَاهُ اللَّهُ وَنَسُوهُ ۚ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ شَهِيدٌ ﴿٦﴾أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۖ مَا يَكُونُ مِن نَّجْوَىٰ ثَلَاثَةٍ إِلَّا هُوَ رَابِعُهُمْ وَلَا خَمْسَةٍ إِلَّا هُوَ سَادِسُهُمْ وَلَا أَدْنَىٰ مِن ذَٰلِكَ وَلَا أَكْثَرَ إِلَّا هُوَ مَعَهُمْ أَيْنَ مَا كَانُوا ۖ ثُمَّ يُنَبِّئُهُم بِمَا عَمِلُوا يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ ﴿٧﴾ أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ نُهُوا عَنِ النَّجْوَىٰ ثُمَّ يَعُودُونَ لِمَا نُهُوا عَنْهُ وَيَتَنَاجَوْنَ بِالْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَمَعْصِيَتِ الرَّسُولِ وَإِذَا جَاءُوكَ حَيَّوْكَ بِمَا لَمْ يُحَيِّكَ بِهِ اللَّهُ وَيَقُولُونَ فِي أَنفُسِهِمْ لَوْلَا يُعَذِّبُنَا اللَّهُ بِمَا نَقُولُ ۚ حَسْبُهُمْ جَهَنَّمُ يَصْلَوْنَهَا ۖ فَبِئْسَ الْمَصِيرُ ﴿٨﴾ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا تَنَاجَيْتُمْ فَلَا تَتَنَاجَوْا بِالْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَمَعْصِيَتِ الرَّسُولِ وَتَنَاجَوْا بِالْبِرِّ وَالتَّقْوَىٰ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي إِلَيْهِ تُحْشَرُونَ ﴿٩﴾ إِنَّمَا النَّجْوَىٰ مِنَ الشَّيْطَانِ لِيَحْزُنَ الَّذِينَ آمَنُوا وَلَيْسَ بِضَارِّهِمْ شَيْئًا إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ ﴿١٠﴾ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا قِيلَ لَكُمْ تَفَسَّحُوا فِي الْمَجَالِسِ فَافْسَحُوا يَفْسَحِ اللَّهُ لَكُمْ ۖ وَإِذَا قِيلَ انشُزُوا فَانشُزُوا يَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ ﴿١١﴾يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا نَاجَيْتُمُ الرَّسُولَ فَقَدِّمُوا بَيْنَ يَدَيْ نَجْوَاكُمْ صَدَقَةً ۚ ذَٰلِكَ خَيْرٌ لَّكُمْ وَأَطْهَرُ ۚ فَإِن لَّمْ تَجِدُوا فَإِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ ﴿١٢﴾ أَأَشْفَقْتُمْ أَن تُقَدِّمُوا بَيْنَ يَدَيْ نَجْوَاكُمْ صَدَقَاتٍ ۚ فَإِذْ لَمْ تَفْعَلُوا وَتَابَ اللَّهُ عَلَيْكُمْ فَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَأَطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚ وَاللَّهُ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ ﴿١٣﴾ ۞ أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ تَوَلَّوْا قَوْمًا غَضِبَ اللَّهُ عَلَيْهِم مَّا هُم مِّنكُمْ وَلَا مِنْهُمْ وَيَحْلِفُونَ عَلَى الْكَذِبِ وَهُمْ يَعْلَمُونَ ﴿١٤﴾ أَعَدَّ اللَّهُ لَهُمْ عَذَابًا شَدِيدًا ۖ إِنَّهُمْ سَاءَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ ﴿١٥﴾ اتَّخَذُوا أَيْمَانَهُمْ جُنَّةً فَصَدُّوا عَن سَبِيلِ اللَّهِ فَلَهُمْ عَذَابٌ مُّهِينٌ ﴿١٦﴾ لَّن تُغْنِيَ عَنْهُمْ أَمْوَالُهُمْ وَلَا أَوْلَادُهُم مِّنَ اللَّهِ شَيْئًا ۚ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ ﴿١٧﴾ يَوْمَ يَبْعَثُهُمُ اللَّهُ جَمِيعًا فَيَحْلِفُونَ لَهُ كَمَا يَحْلِفُونَ لَكُمْ ۖ وَيَحْسَبُونَ أَنَّهُمْ عَلَىٰ شَيْءٍ ۚ أَلَا إِنَّهُمْ هُمُ الْكَاذِبُونَ ﴿١٨﴾ اسْتَحْوَذَ عَلَيْهِمُ الشَّيْطَانُ فَأَنسَاهُمْ ذِكْرَ اللَّهِ ۚ أُولَٰئِكَ حِزْبُ الشَّيْطَانِ ۚ أَلَا إِنَّ حِزْبَ الشَّيْطَانِ هُمُ الْخَاسِرُونَ ﴿١٩﴾ إِنَّ الَّذِينَ يُحَادُّونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ أُولَٰئِكَ فِي الْأَذَلِّينَ ﴿٢٠﴾ كَتَبَ اللَّهُ لَأَغْلِبَنَّ أَنَا وَرُسُلِي ۚ إِنَّ اللَّهَ قَوِيٌّ عَزِيزٌ ﴿٢١﴾لَّا تَجِدُ قَوْمًا يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ يُوَادُّونَ مَنْ حَادَّ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَلَوْ كَانُوا آبَاءَهُمْ أَوْ أَبْنَاءَهُمْ أَوْ إِخْوَانَهُمْ أَوْ عَشِيرَتَهُمْ ۚ أُولَٰئِكَ كَتَبَ فِي قُلُوبِهِمُ الْإِيمَانَ وَأَيَّدَهُم بِرُوحٍ مِّنْهُ ۖ وَيُدْخِلُهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمْ وَرَضُوا عَنْهُ ۚ أُولَٰئِكَ حِزْبُ اللَّهِ ۚ أَلَا إِنَّ حِزْبَ اللَّهِ هُمُ الْمُفْلِحُونَ ﴿٢٢﴾

Alih aksara[edit]

Jarwanipun[edit]

  1. Allah wis mirengake panyuwune wong wadon kang matur ing sira, prakara lakine kang madhakake karo biyunge. Wong wadon mau sesambat ing Allah. Allah wis marengake pasambatira wong sakaloron. Allah iku miyarsa tur mirsani.
  2. Sarupaning wong lanang kang madhakake rabine karo biyunge rabine mau terang dudu biyunge, Dene biyunge silanang kang temenan ora liya mung wadon kang padha nganakake silanang mau. Dadi anggone madakake rabi karo biyunge mau cetho pangucap goroh. Satemene Allah iku kersa ngapura lan muwung kan mangkono mau.
  3. Sarupane wong kang madhakake rabine karo biyunge, kang mangko banjur hanjabel pangucape, kena patrapan mardikakake kawula (budhak) dilakonono sadurunge kumpul (karo rabine). Allah iku waspodo marang sadhengah kang padha sira lakoni.
  4. Dene sing sapa ora oleh kawula, puasaa rong sasi kang tanpa pedhot dilakonanan sadurunge kumpul (karo rabine) manawa ora rampung puasa, wajibe kudu aweh pangan wong miskin 60 (kelawan pangan kang lumrah). Iku supaya sira padha percaya ing Allah lan ngestokake utusane.Patrapan mangkono mau iku terang saka Allah. Sapa sing maido bakal dipatrapi siksa kang ngelarani.
  5. Sarupane wong kang nyulayani Allah lan Utusanne bakal diremehake kaya ummat sadurunge. Ingsun wis nurunake tandha yekti pirang - pirang kang mratandhani temene para - para utusan. Wong kang maido tandha yekti mau bakal dipatrapi siksa kang ngremehake.
  6. Yaiku ing dina qiyamat nalikane Allah nguripake wong kang wis padha mati kabeh. Allah banjur jelentrehake lan melehake sarupane laku hala kang wis padha nyulayani Allah. Allah nacahake sarupane laku hala nanging wong kang nyulayani padha lali, Allah iku mirsani samu barang.
  7. Apa sira ora deleng yen Allah nguningani isen - isening bumi lan langit, ora ana kang cicir. Saben ana wong telu pating klesik caturan wadi, mesthi papate iku Allah. Mangkono uga menawa kang caturan mau luwih sethithik utawa luwih akeh, Allah mesthi nyenengi ana ing ngendi wae panggonnane. Ing besuk qiyamat Allah jelentrehake prilaku marang kang padha nglakoni. Satemene Allah iku nguningani samu barang.
  8. Apa siro deleng marang wong kang padha dilarang nyatur hala, nanging banjur nglakoni kang wis dilarang mau kang marakake sesatron lan dadi dosa apa dene duroka marang Rosulullah. Menawa dheweke teka marang sira pada ngucap salam nanging ora kaya salame Allah kanggonmu. Sajerone atine ngucap, "Yo gene aggonku ngucap mangkene iki ora diturunake siksa?" Cukup neraka jahannam bakal dileboni wong mau. Hala temen wusanane panggonane bali.
  9. Para mukmin, manawa sira rerasan, aja padha rerasan kang marakake sesatron utawa dadi dosa apa dene duraka marang Utusane, nanging rerasana kang nuntun panggawe becik lan bekti ing Allah. Lan padha bektia ing Allah ing tembe bakal diklumpukake marang pangayunaning Allah.
  10. Nyatur ala iku winihe saka syetan, pamrihe supaya wong mukmin padha susaha, nanging ora bisa bebayani marang wong mukmin sethithik wae, kejaba kelawan keparengen Allah. Mulane para wogn mukmin mung padha pasraha ing Allah wae.
  11. Para wong mukmin, Manawa ana ing majlis (palinggihan) ditanduki tembung, "Mingsera aku jaluk enggon", sira enggal mingsera. Allah bakal maringi panggonan jembar marang sira ana ing suwarga. Dene yen ditanduke tembung, "Ngadeko, aku jaluk enggon", hiyo enggal ngadeka. Allah bakal junjung para wong mukmin sarta junjung derajate wong kang padha sinahu kaweruh. Allah iku waspada, marang samu barang kang padha sira lakoni.
  12. Para wong mukmin. Menawa padha matur marang Rosulullah sadurunge matur nyadiakna shidqah dhisik, iku becik banget tumrap sira lan ngresikake dosanira. Manawa sira ora duwe (barang kang digawe sidqah) hiya wis. Sateme Allah Maha ngapura lan Maha Asih.
  13. Apa sira wedi (dadi mlarat) nyedhiakake shodaqoh sadurunge matur ing Rasulullah? Menawa sira lakoni kang mangka Allah wis ngapura banjur susulana nglakoni shalat lan bayar zakat apadene padha manut mituruta dhawuhing Allah lan parentahe Rosulullah. Allah iku waspada marang samu barang kang pada sira lakoni.
  14. Apa sira ora deleng wong lamis kang padha mlengos kang kena benduning Allah, dadi kancane? wong - wong mau dudu saka golonganmu, lan uga dudu golongane dheweke. Wani supata goroh ngaku manut agamanira, tur weruh yen supatane goroh.
  15. Allah ngancam siksa kang abot marang wong lamis mau, hala temen barang kang dilakoni.
  16. Anggone supata mau kanggo ngaling - ngalingi, tumuli dheweke ngalang - ngalangi (manungsa) saka pituduhe Allah mulane dheweke ing tembe mesthi dipatrapi siksa kang ngremehake.
  17. Bandhane lan para anake wong lamis ora bisa nulak siksaning Allah sethithik wae, bakal dadi isine neraka kang langgeng.
  18. Besuk Qiyamat nalika Allah nangekake (nguripake) kabeh manungsa wong lamis munjuk ing Allah kanthi supata kaya anggone supata marang sira saiki, ciptane migunani awake, Allah wis wuninga banget tumindake mau goroh kabeh.
  19. Wong lamis mau kena panggodhane syetan banjur lali ing Allah, lugune dheweke balane syetan. Sumurupa yen balane syetan iku golongan kang kapitunan.
  20. Sarupane wong kang nyulayani Allah lan Rasule, iku golongane wong kang padha kalah.
  21. Allah wis nemtokake, "Ingsun lan para Utusaningsun mesthi ngalahake wong mau". Satemene Allah iku santosa tur Maha Mulya.
  22. Sira ora bisa oleh wong kang percaya ing Allah lan dina qiyamat, iku supeket ing wong kang nyulayani Allah lan utusane, sanadyan kalebu bapak - bapakne utawa anak putune apa dene sadulure utawa pakumpulane. Allah nulisi Iman ana ing atine lan ngukuhake setiya tuhune kelawan kaparene Allah. Wong mangkono mau ing tembe dilebokake ing suwarga kang ana bengawane mili ana sangisare kekayon ing kono pada langgeng. Allah kepareng nampani pangabektine. Wong mau padha lega atine tampa ganjaran. Wong mau dadi balaning Allah. Sumurupa, balaning Allah iku padha begja.[2]


Footnote[edit]

  1. Tanzil.info
  2. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.

Pranala Jaba[edit]


Serial Islam : surat sajroning Al-Qur'an
1.Al Faatihah | 2.Al Baqarah | 3.Ali Imran | 4.An Nisaa’ | 5.Al Maidah | 6.Al An’am | 7.Al A’raf | 8.Al Anfal | 9.At Taubah | 10.Yunus | 11.Hud | 12.Yusuf | 13.Ar Ra’d | 14.Ibrahim | 15.Al Hijr | 16.An Nahl | 17.Al Isra’ | 18.Al Kahfi | 19.Maryam | 20.Thoha | 21.Al Anbiya’ | 22.Al Hajj | 23.Al Mu’minun | 24.An Nur | 25.Al Furqan | 26.Asy Syu’araa’ | 27.An Naml | 28.Al Qashash | 29.Al ‘Ankabut | 30.Ar Ruum | 31.Luqman | 32.As Sajdah | 33.Al Ahzab | 34.Saba’ | 35.Fathir | 36.Yasin | 37.As Shaffaat | 38.Shaad | 39.Az Zumar | 40.Al Mu'min | 41.Fushshilat | 42.Asy Syuura | 43.Az Zukhruf | 44.Ad Dukhaan | 45.Al Jaatsiyah | 46.Al Ahqaf | 47.Muhammad | 48.Al Fath | 49.Al Hujuraat | 50.Qaaf | 51.Adz Dzariyat | 52.Ath Thuur | 53.An Najm | 54.Al Qamar | 55.Ar Rahmaan | 56.Al Waaqi’ah | 57.Al Hadiid | 58.Al Mujaadilah | 59.Al Hasyr | 60.Al Mumtahanah | 61.Ash Shaff | 62.Al Jumu’ah | 63.Al Munaafiqun | 64.At Taghaabun | 65.Ath Thalaaq | 66.At Tahrim | 67.Al Mulk | 68.Al Qalam | 69.Al Haaqqah | 70.Al Ma’aarij | 71.Nuh | 72.Al Jin | 73.Al Muzzammil | 74.Al Muddatstsir | 75.Al Qiyaamah | 76.Al Insaan | 77.Al Mursalaat | 78.An Naba’ | 79.An Naazi’aat | 80.'Abasa | 81.At Takwiir | 82.Al Infithaar | 83.Al Muthaffifiin | 84.Al Insyiqaaq | 85.Al Buruuj | 86.Ath Thaariq | 87.Al A’laa | 88.Al Ghaasyiyah | 89.Al Fajr | 90.Al Balad | 91.Asy Syams | 92.Al Lail | 93.Adh Dhuha | 94.Al Inshirah | 95.At Tiin | 96.Al ‘Alaq | 97.Al Qadr | 98.Al Bayyinah | 99.Az Zalzalah | 100.Al’aadiyaat | 101.Al Qaari’ah | 102.At Takaatsur | 103.Al ‘Ashr | 104.Al Humazah | 105.Al Fiil | 106.Quraisy | 107.Al Maa’uun | 108.Al Kautsar | 109.Al Kaafiruun | 110.An Nashr | 111.Al Lahab | 112.Al Ikhlash | 113.Al Falaq | 114.An Naas