Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/176

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

40

5e Gezang; dichtmaat: pangandang koetoek (pangkoer).
(No. 107, p. 17.)

haqéqat Moehammadiah
nenggih ika jèn nabi sinoeng galing
linigah[1] déning jang Agoeng
temah sjarif ing kana
berangta kajoengjoen dadi sedya tinemoe
sing endi dadalaning kongang
ika sedya dèn-oelati

doemadi medek ing kana
kang[2] iboe noehoen idzin pamit
ajoen angoelati rasoel
kang iboe kipja-kipja
baja kaki sira apa doeroeng weroeh
rasoeloe'llah woes soemalah
sing endi enggoné pinanggih

baritalah ikoe sira
woes dèn-goenem dèng[3] pamanira wakil
jèn sira arep dèn-djoengdjoeng
anggenti ramanira
anèng Bani'sra'il linggiha sang ratoe
adja katemahan sira
laslos[4] paran kang pinamberih

ing kang poetra atoerira
rasoeloe'llah tan kaoela tjipta mati
tatapi Allah kang agoeng
kewasa akarjaha
ingkang angel doemadi ing gampilipoen
miwah kang gampil doemadya
ing angèlé pon katitih

iboe kalajan kaoela
sekalipoen pon samja[5] katitih

  1. No. 107: linigra.
  2. No. 107: ming kang.
  3. No. 107: déning.
  4. No. 107: lésa èlos.
  5. No. 107: om de maat: persamja.