Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/175

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

39

jata ing lamining lami
kantinira goenem Islam
ikoe roro gagawané
saking 'Arab ing kang nama
lanang molana Hoeda
lan lanang ingkang woelangoen[1]
sang lanang molana Dja'far[2]

sigegen kang anèng Djawi
kotjapa ika kang ana
ing Bani'sra'il sang katong
mantoek ing karamatoe'llah
sideming kang negara
kang dadi wakil sang ratoe
rajiné ingkang soemalah

radja 'Oenqah kang pernami
rèh Sjarif Hidajatoe'llah
dèrèng doemoegi ing balègh
mengkana kang arinira
ingkang nama Noeroe'llah
pon sakalih maksih timoer
sangkané dèn-polmakena

lami-lamining ahoerip
doemoegi ing balèghira
Sjarif Hidajat Sjoehoedé
kang paman moeah kang bala
ajoen ingangkat radja
soepaja sjarief aloemoe(h)
melebet ing gedong samar

amanggih sanoenggal peti
emas dèn sigra binoeka
kapanggih ana ing kono
kitab atoelis kentjana
anenggih oeçoel qalam (!)
kang tjinarita ing rikoe
haqéqat Moehammadiah

  1. No. 107: wilangoen.
  2. In den tekst is bij de pagineering hier één blad overgeslagen.