Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/174

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

38

genahé wong pemaringan
amèt rebon sakalah[1]
ikoe padjegé tartantoe
tarasi ming Padjadjaran

jata ing lamining lami
hadji Abdoellah Dzoe'liman
amèt kagarwa anaké
Koewoeh ing kang nama
Riris kalangkoeng pélaq
tjareming kerama[2] atjoetgoed
patoetan djaloe winastan

pangèran Tjerebon toemoeli
medal arinipoen indah
ajoe èstri winawangé[3]
nji mas Pakoengwati ingkang
dadalem ika ana
ing padésan dalem agoeng
atamping Padjalagerahan

pangèran Tjerebon linggih
ma ing Tjarabon girang
doepi ki Koewoeh Tjarbon
ingkang amad- jasa ana
ing Lemah Woengkoek genah
pamèmèhan rebonipoen
ki Koewoeh sari mangana[4]

sawétanè datoek gharib
doepi sang hadji Dzoe'liman
koelina anjanggera enggon
ing goenoeng[5] kinarja
kadi kantah[6] petapan
kang winastan enggon sang Noer
manik tjipta giri sirengga[7]

  1. No. 107 beter: segara.
  2. No. 107: tjeraming kang rama.
  3. No. 107: winawangen.
  4. No. 107: manapa.
  5. No. 107: goenoeng Semboeng kang.
  6. No. 107: konta.
  7. No. 107: sarengga.