Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/173

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

37

pinangka chalipah kang haqq
anggelaraken agami

__________

4e Gezang; dichtmaat: asmarandana. (No. 107, p. 13.)

sigegen kang anèng Maçir
kotjapa hadji Dzoe'liman
apamit marang kang ipé
sarta noehoen idzin nata
angeslamena djawa
ing saqadar2 ipoen
miwah sanak Padjadjaran

sang maha soeltan mangsoeli
ia talah toedoehena
sanak Padjadjaran kabèh
karana ikoe 'āqilah
sanak wadjib sinoengan
toedoeh kaweroeh kang loehoer
perkara 'azza wa djalla

sarta lakoe kita iki
'ibadat kang bangsa éslam
jata sang hadji intaré
mantoek maring bawah soenda
anggelar lakoe islam
lir saparo saperteloe
kang anoet agama moelja

doepi sang praboe Diwangi
tan kersa jèn doemoeloera
maksiri sanget ing koekoehè
maring agamané koena[1]
agamané kaboedahan
kalampah hadji tinoendoeng
tan soeka ing Padjadjaran

marmané hadji anisih
ngétan ming pinggir segara
tjaketan ki Koewoeh Tjerbon

  1. No. 107 zonder: agamané koena