Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/177

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

41

Sjarifah Moeda'im moewoes
ja talah pikir ingwang
ing waktoe sahiki ora nana lakoe
wong woes mati ingoelatan
toemoeli déning pinanggih

kadjaba ing zaman koena
pangroengoeningsoen lagi sjari'at dingin
Nabi 'Isa Nabi Dawoed
ikoe ia lok ana
wong mati oerip maning lan maning[1] ikoe
wong mati kena dèn-djoegdjag
dèn-sandjani ing wong oerip

kelakon pada potjapan
doepi samangko sjari'at rasoel mangkin
ing sapangroengoeningsoen
woes tan ana mengkana
lengkara temen kang sira sedya ikoe
sadangoenira[2] mengkana
radja 'Oenqah sinoeng oening

sedajané[3] kang ponakan
kadi mengkana radja 'Oenqah ngampoehi
inggih[4] sapoeniki sampoen
pon paman asedija
ingkang badé ngasrèni poetra ngadeg[5] ratoe
endi talah manggih ésak
noeli késah tamboeng kardi

Sjarif Hidajat anabda
langkoeng kasoehoen sihé rama kang kadi
robing kang segara madoe
goentoering ardi menjan
ananging[6] sinten kang tiasaha njendoeh

  1. No. 107 zonder: lan maning.
  2. No. 107: sedenganira.
  3. No. 107 beter: ing sedyané.
  4. No. 107: mapan.
  5. No. 107: madeg.
  6. No. 107: anaming.