Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/171

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

35

jata begar[1] nata praboe
angandika kang sajakti
kalawan idzining Allah
mengko ia soen-sanggoepi
tangtoening kang perdjangdjian
sinahoeran ika déning.

ketoeg kang sami angoewoeh
lor-kidoel aganti moeni
rara Satang anèng kana
pinindah wasta anami
sjarifah Moeda'im malah
Tjakra boeana kahoeni.

ingkang sami ijé aneboet
ing paparab doek ing Meçir
hadji Ngabdoellab Dzoe'limān
toemoeli mintar sang hadji
ing[2] Mekah sarta bala
anitih gotaka roekmi.

pedati kang mawih pajoen
amot sarananing oerip
arawoeh ing boemi Mekah
para imām dèn-atoeri
akempal ing pamondokan
ika kang wadja(h) Sjafi'ī.

Hanafī sarowangipoen
Malikī miwah Hambalī
hadji Ngabdoellah pinangka
walinira sang Moeda'im
Imam Sjafi'ī angidjab
aken paningkah sang dèwi.

maring molana Hoed ratoe
woes sinaksèn sagoenging
pandita ing koeta Mekah

  1. No. 107: njekar.
  2. No. 107 om de maat: maring.