Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/170

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

34

3e Gezang; dichtmaat: kinanti. (No. 107, p. 8)
sang rarajoe Satang matoer
soehoen sembah awotsari
kapoendi berkah molana
piwoelang[1] kasoehoen oegi
ing sapoehoen[2] kaoela
moegi toean andoeloeri

kaoela poen sadya[3] anoet
ing karsa molana amir
sang maha radja[4] ngandika
endi reko sira poendi
ing sadjadjaloekanira
ingsoen nedya nembadani

sang rara atoeranipoen
kongsia amba poeniki
adarbéa poetra lanang
kang dados wali sedjati
kang angratoe noesa djawa
ming agama kangdjeng nabi

kang langkoeng perdjoeritipoen
karanten ing noesa djawi
maksi agoeng dèrèng islam
sang nata kèndel tan angling
èsmoené donga ing Allah
ing kacidiqané istri

adan sawara karoengoe
ametik ing karna hadji
hé Hoeda adja koemlamar
ja ikoe wisik sadjati
wadon ikoe sanggoepana
kalawan idzin jang Widi

  1. No. 107 ten onrechte: poelang.
  2. No. 107 ten rechte: sapanoehoen.
  3. No. 107 ten onrechte: ing koela poen sadaja.
  4. No. 107: soeltan.