Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/169

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

33

wios punika gusti
menggah ing kersa pukulun
katur ingkang mugia
tinaros piambek ugi
pon sampun[1] baligh jinis wargi kaula

pinareng purun kalintang
syukur alhamdu lillahi
pun abdi sedaya[2] jariah
punika sadèrèk istri
muganané kacangking
ing tembé achératipun
adan zang maha sultan
ngandika ing mengko iki
sun-tari déwèk karana idzin sira

hé wadon weruhanira
aja gedé cilik ati
sun pinta ing sukanira
sume(n)dya arsa gawé rabi
sapira imaniréki
sang rara wotsari matur
kaula titiang ina
Bangsa Sunda langkung sangking
sumangga pisan[3] garwa dateng bendara

déning tuwi lun kaula
tan uning 'adat ngeriki
Sang Maha Raja ngandika
sun puhung rara sahiki
aja akèh kang dèn-pikir
sok uga ridha satuhu
sing ati tekèng lisan
aja munafèk kakelid
bok[4] chianat dudu adabing wong Islam

  1. No. 107 zonder: sampun.
  2. No. 107 ten rechte: sedya.
  3. No. 107 ten rechte: pininta.
  4. No. 107: bobad.