Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/168

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

32

pasti karo haji sira
samangko dèn-andikani
déning molana Mashuda[1]
karsa dalem andadari
dana-dina ing haji
wajib karo konen anut
kang liningan aturan
langkung sumangga ing titah
berkah tuanku qadi ingkang kapinta

siang dalu dalah kontap[2]
ing hadharat maha amir
ing Bani'sra'il negara
jejel ingkang sami nangkil[3]
tan open kulawargi
ing sagelar-gelaripun
ingkang para 'ulama
fuqaha' kang sami hadhir
ing çidaqah sang Haji Molana Sultan.

sampuning bada çidqah
gati sultan mariksani
kang Haji Roro ngandika
dupi winaswasing lirik[4]
sahèstu sumerep ing
galih sang adi sang ratu
énggal Sang Nata nabda
hé anak Sunda sahiki
sadulurira wadon sun-pundé suka

arsa sun kantaha garwa
supaya dadi geganti
rabiningsun kang wus wafat
sang haji matur wotsari

  1. No. 107: Mahudah.
  2. No. 107: kontan.
  3. No. 107: nungkuli.
  4. No. 107: liring.