Page:Verhandelingen van het Bataviaasch Genotschap van Kunsten en Wetenschappen, LIX.pdf/167

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
This page has not been proofread.

kalih sadoeloer wanodya
kang woes olih hadji kang lewih betjik
atas dadalan Allah

______

2e. Gezang; dichtmaat: sinom. (No. 107, p. 4)

anabda sang qadī Djamal
hé wong hadji kalih wargi
marmanira lewih bagdja
wong soenda dateng meriki
tjiptané ia ìki
pepoendèning para ratoe
kang aran Béta'lmoeqdas
singa2 ingkang olih
idzin saking kéné angadeg naléndera.

adja sira tan oeninga
nabi Ibrahim doek ing dingin
andoedoenga maring Allah
ja ing enggon kéné iki
pandoengané nabi[1] Ibrahim
moedjèkaken anak poetoe
kongsia dinoeloeran
dadi radja dadi nabi
maka sinembadan anèng iki pernah.

wangsiting Allah ta'ālā
hé Ibrahim soen-doeloeri
ing sapanoehoenira
anakira Ishaq jakti
ingkang dadi wiwini-[2]
hing sakèhé para ratoe
lan sakèhé kanabijan
adja sìra salah kapti
tan ngengani[3] djandji ming[4] kang thālim karta.

  1. No. 107 om de maat zonder: nabi.
  2. No. 107 minder juist: wiwitaning.
  3. No. 107: nganani.
  4. No. 107 zonder: ming.