Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 7

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 7

Alihaksara[edit]

/kaca 007/ n alub alubi ; kablonyo ing ganda witla ; jebat ; kasturf ; kalulur sariranipun ; ḍatengipun nyai umbel ; sang retna mingser anggenipun lenggah ; nyai umbul ; entyarsaning galih ningali sampurnaning citranipun ingkang putra sarwi ngandika ; "ḍenok ; kowé ditimbali marang wong atuwamu ; ingandikakaké ngaḍep sang prabu ; awit sang prabu durung uninga marang kowe ; " sang aye ; kaget ing galih miḍangel pangandikanipun ingkang ibu nyai umbul ; sarwi mater ; "kakangmas pangéran ; punapa sampun anglilani?" nyai umbul ; "sing ḍawuh akon seba ; ingkang prabu iku ; iya kakanganmu sang pangéran ; "

sang retna ajrih amaoni karsanipun ingkang raka ; nanging boten karsa angadi busana ; nauiting ngagem nyamping patelesan sembagi kuning wedalan ing kustasawit kaliyan rasukanipun ; buurup ing panti boten katingal ing kasemekanipun ; namung weninging jangga kawuryan sumorot ; apinḍa ṭaṭit ; prembayunipun ; katingal naweg gumana saking kapeṭer ing rasukan ; kocaking netra ; pinḍa lintang karahinan ; ḍasar sesinomipun bareb ; kados mental wungu saking sane ; tindakipun ; mucang kanginan ; kicating pads ; gumebyar pinḍa andaru lelampah ; sang prabu a