Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 6

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 6

Alihaksara[edit]

/kaca 006/

suki?" umbul mudal ; "kawula ; nuwun gusti ; saking pangesté paduka ; basuki ; " sang pangéran ; "paman umbul ; pun rara wresti sampeyan ḍawuhi marak ing ngarsanipun yayi prabu ; nunggila bibi ; women ing riki ; ngarah punapa saḍerek piyambak ; yayi prabu dereng naré uninga ḍateng warnané yayi wresti ; " ing pageḍongan ; anggenipun pepacangan sang pangéran kaliyan enḍang wresti sampun sangkaning timer ; ḍasar saḍerek nak sanak ; mils sampun aprasetyan yen sang pangéran baḍé boten krama ing salami laminipun bilip boten ḍaup kaliyan enḍang wresti ; maksten ugi enḍang wresti ; sang pangéran naben wolung diasten sapisan ; tindak ing mudal angenḍang enḍangi pepacanganipun ; mils ing kalih kalihipun ; sampun saekapraya kasok sihipun ; kalampahanipun namung kantup ngentosi diwasanipun enḍang wresti kemawon ; ing mangké baḍé ḍaup ; dumugi ingkang sampun dalos pangajeng ajenging salami laminipun ; nyai umbul mundur caking ngarsanipun sang prabu ; ajujug ing tepaswangi dununging panyengkeranipun ingkang putra ; sang dewi saweg dipu