Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 5

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 5

Alihaksara[edit]

/kaca 005/

ing pinarakanipun sang prabu ian sang pinanganten ; kongas ing ambetipun rerengganing pinarakan kados wontĕn ing jaman iimunan kaḍatoning ejim peri parayangan ; saka saka sami pinasangan tetuwuhan ; cengkiripun gaḍing tinulis ing kenaka ; luru gambaripun kamajaya ; ian dewi ratih ; tarubipun ; sami kinayu apu ing gegoḍongan ; sarta lung lungan tuwin sesekaran ingkang wangi wangi ; rawuhipun sang prabu ; saha sang pinanganten katingal pirena ing galih ; kyai umbul gurawalan meṭuk ; kaliyan semahipun ; sami makiḍupuh ngalosod ing siti ; sang prabu marma ing galih ; lajĕng kinen aḍerek ing tindakipun ; rawuh ing pepajangan ; lajĕng lenggah kaliyan ingkang raka sang pinanganten ; kaaḍep ing kyai patih toyamarta ; kiwanipun kyai umbul ; lajĕng para nayaka ingkang sami nḍerek tarap wontĕn ngarsanipun sang prabu ; kyai umbul mudal matur ; "gusti ; kawula rumaos begja karawuhan ratu turuning dewa ; baḍé aparing nugraha ḍumateng kawula ; kawula kamipurun ; ngaturaken kasugengan paduka saha raka paduka sang pangéran ; sembah kawula ; kortjuk ing pada paduka sang binaṭara ; " sang prabu ; "paman ; banget tarimaningsun ; sira ; apa paḍa ba