Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 8

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 8

Alihaksara[edit]

/kaca 008/

was ningali citranipun sang kadi ratih ; rumstap ing galih ; riwé kumyus amarawayan ; cekak ingkang uswasa ; scred ingkang panganadika ; brangta kasabet ing sambang putri dadakan ; sang retna lajĕng inarak ing ngarsanipun sang prabu ; wontĕn ing kiwanipun ingkang ibu ragi kapering ; telenging tingal namung ḍateng ingkang raka sang pangéran ; ḍasar sampun kulina akulakuli sinembah saḍarek piyambak ; wah ; sampun apepacangan timur mils ; boten pisan barebel ḍateng sang prabu ; sang prabu nami sanalika asantun cipta ; geṭing ḍateng ingkang raka ; rumaos kasoran kabagusanipun ; dené sang putri boten pisan nimbangi peṭuking ciptanipun ; malah karsa tumingal kemawon sang putri ; boten ; cinekak sang prabu saged angecani sarak galihipun ingkang raka ; yen lajĕng baḍé kondur tulak ; bolco saged angentosi baḍé pikramariipun ingkang raka ; boten amargi sariranipun kamos wontĕn ingkang boten sakeea ; sang pangéran ; namung nynmanggakaken ; sakarsa ; nanging ; wontĕn ingkang kacaṭet ing galih ; sang prabu ; lajĕng aḍeḍawuh kondur ; wadyabala busekan ; paling bilulung kuṭeṭeran ; awit ; boten nginten yen tulak kondur ; namung kyai patili ; boaksana sumerep ḍateng wewadining karsanipun sang prabu ingkang boten leren ; mila ; boten tumut ta