Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 51

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 51

Alihaksara[edit]

/kaca 051/

k menawi ; nuwuhaken prakawis ingkang kirang prayogi ; kacariyos sang retna ; wresti ; sampun lami ing panganti rawuhipun ingkang raka ; sang pangéran warihkusuma ; tansah gelik gelik wontĕn ing kaḍaton ; raosing galih ka dos wontĕn ing tarungku ; sarta sampun boten kulina ; kaliyan ingkang putra raden udakawimba ; amargi ; wiwit miyos lajĕng winimbasara ḍateng kyai patih ; pinisah ngantos ageng ; ciptaning galihipun sang putri ; sampun boten kraos wontĕn ing kaḍaton ; baḍé wangsul agenḍangenḍang ing mudal ; nanging kapambengan déning parentahipun kyai patih ; ingkang misesani karaton ; boten anglilani tindakipun sang putri ; awit sampun kanggep ; dados prameswarinipun sang prabu warsakusuma ingkang samppun seda ; sang putri karsa angenggar enggar galih ; ameng ameng ḍateng pasanggrahan sajawining nagarf ; ḍasar ing riku ; saben saben sang putri pacangkramanipun ; ngantos nyaré kalih utawi tigang dalu sawek kondur ; ing wanci sonten ; sang putri lenggah wontĕn talunḍak

ing yasakambang ; kaaḍep ; ing para ceṭi parekan ; ḍasar talunḍaking yasakambang munggul saking margi ; tumingal wontĕn satriya lumampah tu