Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 52

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 52

Alihaksara[edit]

/kaca 052/

rut laleyaning udyana ; tumratap ing galih ; esmu sumeḍot kados tindakipun sang pangéran ; warihkusuma ; dangu dipun awasaken ; kumeḍap tesmak ; wasana tetela,yen ingkang lumampah ; ingkang dados pangajabipun ing tawang ; enggal dipun palajengi ; agurawalan lajĕng dipun rangkul sarwi lara karuna sambat amelas asih ; "nyawa ; ingkang kula entosi meh dumugi ing pejah ; sawek katingal sapunika" ; sang pangéran kaget ing galih dipun palajengi ; sarta dipun rangkul ing putri ayu ; ananging ing galih lajĕng sumerep ; yen putri punika ingkang dados telenging galih ingkang rayi dewi wresti ; mila ; enggal gentos rinangkul ; sarta dipun arasi sarwi muwun ; dangu sami tangis tinangisan ; sang putri ; lajĕng pinonḍong ḍateng ing yasakambang ; boten suwala ; ananging sareng baḍé kasarekaken ; sanget ing panyengkahipun ; sang pangéran eram salebeting galih ; ngendeli karsanipun amurwaresmi ; sarwi ngandika linud ing pangela ela ; "yayi ; kang sawang kumala sarta kang bisa nyambung dawaning umurku ; apa ; kang dadi darunane ; anampik sihé pun kakang kang salawasé ora bisa ilang ilang?" aturipun ; sang putri ; "kakangmas ; namung kanḍega samante