Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 38

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 38

Alihaksara[edit]

/kaca 038/

ngipun gelar catur ingkang rayi ; rumaos boten saged adungkap bikakan pabeḍahing gelar sap pitu ; sampun kasumerepan sadaya ; lajeng ngandika ; "yayi ; aku wis kalah temenan ; wis ora wani memungsuhan karo kowé maneh ; kaluhuran ḍawuhé kangjeng rama'  ; "tiyang sampeyan ; ngawoni kemawon ; upami sampeyan epeng ; utawi sampun medal beḍat sampeyan ; kula amesṭi kawon'  ; ' dikalahi piye ; wong kringeté nganti gumrobyos mangkené kiyi ; ngalahi" ; menawi sumuk?" "sumuk? ngisin isin' ;  ; "boten" ; sang prabu pirena ing galih ; anguningani rukunipun ingkang putra ; tansah reruntungan ; kados mimi ian mintuna anggenipun palakrama sang pangéran ; antawis setahun ; ingkang rayi sang putri angiḍam iḍam kaworan ; sareng sampun katingal nganḍeg tigang wulan ; lajĕng ngaturi uninga ingkang rama ; sang prabu ; saya sanget bingah ing galih ; sarta saya sanget pangela elanipun ḍateng ingkang putra sakaliyan ; prasasat ; boten wontĕn towongipun ; sang