Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 37

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 37

Alihaksara[edit]

/kaca 037/

boten ḍik ; kakangmas ; kangjeng rama punika ; namung ngumpak kemawon" ; 'mangsa ; ingsun ngumpak ; mara pangéran ; saiki salin mungsuh ; bojonira ; dibut re ; karo ingsun'  ; sang putri kakarsakaken catur kaliyan sang pangéran sang prabu ajagohi ; anggenipun anglampahaken catur ; sang pangéran kerep diyon ; kaliyan ingkang rama ; san putri tansah gumujeng ; kaḍawahaken ing sanes ; mangka anggenipun anglampahaken catur ; sang putri ka dos boten dipun galih ; rikat ; angeram eramaken ; ngantos ti gang rambahan ; sang pangéran tansah kawon kemawon ; ingkang sapisan ; balanipun taksih wetah ; ratunipun kakupeng ; pejah boten saged tutug ; ingkang kaping kalih ; balanipun dipun telasaken ; ratunipun pejah ; kaliyan bidak wontĕn ing tengah ; ingkang kaping tiga namung dipun oyak ing kapal kekalih ; ratunipun kaseser oncat saking enggen pangreksaning bala ; ka lebet ing gelar lajĕng kakuya kuya pejah ; wontĕn palaganing mengsah ; balanipun taksih wutuh ayam ; boten wontĕn ingkang saged tetulung ; jalaran ; kaḍangan déning samektaning byuha kalawerid ; sang pangéran ; lega ing galih anguningani kawegiganing pamasa