Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 39

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 39

Alihaksara[edit]

/kaca 039/

nata adamel bojana ; ngiras wilujengan paboboting putra ; sareng sampun adungkap mangsa lahir ; sang putri anggerahi ; hoter tiyang sakaḍaton ; nanging anggenipun anggerahi sang putri kasengkala ; bayinipun nungsang ; mila dangu boten saged medal ; anggenipun anggerahi ngantos pitung dinten pitung dalu ; netyanipun sampun asawang kunarpa ; ingkang ibu ; tansah amuwuni wontĕn ing iringan ; langkung malih ; sang pangéran ; anggenipun nyunḍang wontĕn ing ulonulon ; adus luli anelesi kajang sirah ngantos kados turasan ; boten ḍahar ; boten sare ; sang prabu ; boten tahan nenggani ; ngiwa wontĕn panepen ; boten ḍahar ḍahar ; sarehning sampun tita ; bayi boten saged lahir ; aturing ḍukun sarta para tabib bayi kedah kawedalaken sarana pirantos ; lajĕng angunjuki uninga ing sang prabu ; sang nata ; saya putek ing galih ; kajawi marma ; sumelang manawi adadosaken sedaning putra ; ananging ; boten saged meng gak aturing ḍukun ; ingkang murih harjaning putra ; ḍawuhipun sang prabu ; "wis ; mangsa boḍoa sira ; ingsun wis aja sira unjuki maneh prakara iki ; ingsun mung nguningani ; beciké sarta slameté bae" ; tumunten para ḍukun ian tabib ; sami pirembagan sa