Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 26

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 26

Alihaksara[edit]

/kaca 026/

lajeng baḍé katelasan ; wontĕn ing wana ngantos dumugi suwita sang prabu ; sang nata miḍanget aturipun sang pangéran warihkusuma kamiwelasen ; barebes waspanipun ; jog ; tumeḍak saking pinarakan angrangkul ḍateng sang pangéran sarwi angandika ; "pangéran ; kang kaya sira patut oleh piwales ; saka ratu kang wicaksana anulungi kasrakatira saka pepesṭening dewa kang wus sira sanḍang ;

sanadyan ingsun ora kalebu wewilanganing ratu utama ; nanging wenang uga mitulungi marang sira ; mentasé saka ing kapapanira ; saiki ; sira sinebuta ing akeh aran pangéran maneh ; kalawan kaurmatan pantesing pangéran putraning ratu ; sarta ; kalawan wewenang ian kamurahaningsun" ; sang pangéran lajĕng sujud ing sampeyan ; saha amemuji kaluhuruanipun sang prabu ; jumenengipun pangéran raden warihkusuma ; wontĕn ing nagari banyubira kabayawarakaken ing akaṭah sarta kapijiya ngasta peprentahan ageng ; sampun boten nguciwani pisan pisan ; awit ; sang pangéran sampun kulina ngasta peprentahan ageng ing nagari tuban ; kasok sihipun sang prabu ḍateng sang pangéran warihkusuma ;