Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 27

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 27

Alihaksara[edit]

/kaca 027/

kacariyos ; sang prabu hertambang ; putranipun namung satunggal ; putri ; dinama nama dadosa sekaring pura ; ajejuluk retna wayi ; pinretek ing piwulang kawruh pangrehing praja ; sarta anggeranggering nagari ; punapa dené kagunaning perang ; sampurna ḍateng pamasanging byaha kalawerit ; awit karsanipun sang prabu ; sanadyan putri ginaḍang agentosi kaprabon ; kaṭah para ratu ingkang sami ngebun ebun enjing ; ajejawah sonten ; nanging sami tinulak ; awit kekudanganipun sang prabu ingkang putra kramaa satriyadi ingkang wicaksana ; berbudi ; bawa laksana ; dadosa embaning praja ; sawontenipun sang pangéran warihkusuma ; sang prabu kagungan osik ; karsa munḍut mantu ḍateng sang pangéran ; ing wand sonten ; sang pangéran dipun timbali ḍateng ing panepen ; sang pangéran gita ; anyana yen wontĕn padamelan perlu ; lajĕng sowan malebet ; kaaturaken ing parekan lajĕng katimbalan ; sang prabu pinarak ijen ; wontĕn ing kamar panyeratan ; pangandikanipun," pangéran ; apa sira sumurup kang adadi karsaningsun nimbali marang sira?"