Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 25

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 25

Alihaksara[edit]

/kaca 025/

sawantahipun ; bokmenawi saged pikantuk piwelasipun sang prabu ; lajĕng matur," gusti ; ratu ingkang misuwur ing jagad ; ingkang abdi ; baḍé ngeker wadi ḍumateng namanipun bapa kawula ing salamilaminipun ; ananging ing mangké wadi wau pecah ; awit saking pandamel ; duka ratu kekasihing dewa ; ingkang abdi boten saged kumbi ; awit pejah gesang kawula katekem wontĕn ing asta paduka ; kawula ; nuwun ; bapa kawula punika ; dedé tiyang pidak padarakan ; ratu agung binaṭara ; anyakrawati abahuḍenda ; ajejuluk prabu sindupati ; ingkang angrenggani kaḍaton ing tuban ; kawula punika anakipun jaler ingkang sepuh ; patutan saking enḍang ; anunten aḍik kawula ; putra saking prameswari ingkang ginaḍang agentosi kaprabon ; sasugengipun kangjeng rama ; kawula kaangkat dados pangéran adipati anom ; kawula sampun narimah ingkang dados pamintaning bapa ; saha rukun anggen kawula saduluran ; tumunten kangjeng rama seda ; yayi pangéran adipati anom kawula jumenengaken ratu agentosi kangjeng rama ; lestantun ; boten wontĕn sangsayanipun ; tumunten kawula baḍé palakrama ; angestokaken kekudanganing kaki ; " lajĕng kaaturaken ; uruting lelampahanipun sandéning palakrama ;