Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 20

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 20

Alihaksara[edit]

/kaca 020/

tuban ing mangké kagantung wontĕn tanganipun kyai patih ; angentosi rawuhipun sang pangéran warihkusuma ; kyai patih lajĕng amatah upakartining layon ; sarta amatah wadyabala ingkang madosi sang pangéran ; punapa dené nindakaken prakawis kriḍaning praja ; sang ayu dipun aturi tetep tengga pura ; tuwin angluwari kyai umbul mudal dalah anak bojo ian kulawarganipun ingkang kinebon kadalemaken ; sampun kalampahan sadaya ; utusanipun kyai patih ; ingkang madosi sang pangéran warihkusuma boten kalilan mantuk bilih dereng pinanggih sang pángeran ; ananging ; karsanipun ing dewa ingicang linuwih ; saweg kadamel lelampahan ; pangupadosipun wadyabala sanadyan sinebar ; meksa boten saged pinanggih ; amargi ; sang pangéran sampun lepas lampahipun ; gentos cariyos ; sang putri dados anggarbini ; sareng sampun dumugi mangsanipun ababar ; miyos kakung ; kasaosan nama ḍateng kyai patih ; raden udakawimba ; kalawun lawun agengipun ; kyai patih toyamarta wontĕn asrepé galihipun ; sakawit sareng sang putri kagungan putra miyos kakung ; ciptaning galih ;