Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 19

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 19

Alihaksara[edit]

/kaca 019/

s eresi makaten ; sang putri lajĕng agancaraken lelampahanipun ; wiwit pepacangan kaliyan sang pangéran warihkusuma saking karsanipun ingkang eyang sang wiku ; sarta sampun aprasetyan kaliyan upata ; sineksen ing dewa ingkang linuwih ; wusana rinisak déning sang prabu kanṭi ambeging raseksa ; agora goḍa nyimpang saking kautaman ngagem tindak nisṭa ; meksa tiyang lumuh ; lan malih ; tega ḍateng sirnaning saḍerek" ; makaten pangandikanipun sang putri ; urut rentes ; boten wontĕn ingkang ketangk6ngan ; teteh ; titih ; tatag ; adamel eraming galihipun kyai patih ; sesampunipun makaten ; sang ayu pamitan lajĕng baḍe

suduk sarira bela ḍateng sang pangéran warihkusuma ingkang sampun kasedanan ; kyai patih legeg ing galih ; miḍangetaken gancaring cariyosipun sang putri ; lajĕng ngandika," sang ayu ; sampeyan sampun bela ḍateng sang pangéran ; awit ; sang pangeraan boten siyos kula sedan ; kula ; aturi kesah ; sapuruk puruk ; dereng dumugi pangandikanipun kyai patih ; sang putri anjrit karuna sarta lajĕng baḍé madosi sapurugipun sang pangéran ; kyahi patih mambeng ; kaserepaken karsanipun ingkang winadi ; kyai patih sarembag kaliyan para nayaka ; yen karaton ing