Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 21

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 21

Alihaksara[edit]

/kaca 021/

bilih utusanipun ingkang ngupadosi sang pangéran warihkusuma sampun tita boten saged pinanggih ; raden udakawimba ingkang baḍé kaangkat anggentosi ingkang rama sang prabu warsakusuma ; seḍeng raden udakawimba sampun diwasa ; gentos cinariyos malih ; sang pangéran warihkusuma lam

pahipun ngidul ngilen ; kinoncang ing dewa ngantos dumugi ing nagari banyubiru ; ingkang jumeneng ratu ; ajejuluk sang prabu hertambang ; misuwur prawira ing yudá ; kaṭah tetelukanipun ratu ; sami ngiḍep ḍateng nagari banyubiru ; sang prabu nengenaken pra brahmana kinen nganggit anggit babading karaton ; kaḍawahan anglugokaken lelampahaning para leluhuripun ; awon saé kalebetna sadaya dalasan cacadipun sang prabu piyambak inggih ugi kaḍawahan anglebetaken ; panggalihipun sang prabu ; babad ingkang mawi rinengga ing pepaes ; baḍé luntur déning deresipun wasitaning serat ingkang saged ambikak wewadining pulas ingkang sinamun ; temahan malicat ; katingal nyatanipun abalenṭong dados anḍenganḍeng sarira ; punika ingkang dipun kalumuhi sang prabu ; panggalihipun sang nata ; cariyos lugu punika kados emining kekajengan ; katingala ngasrepaken manah ; nanging cariyos ingkang mawi sesunggingan punika ; kados angga