Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 16

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 16

Alihaksara[edit]

/kaca 016/

danan ; namung ; kesaha saking wewengkonipun nagari tuban ; angentosana karsaning dewa ; ingkang ḍumawah ḍateng putra kula ; dené tangis kula wau ; kula kapeksa pepisahan" ;

sang pangéran miḍanget ngendikanipun kyai patih ; rumaos awrat oncadipun saking nagari tuban ; bingah nemahi seda ; saking boten dosa ; nanging ; boten saged nampik utawi maoni karsanipun kyai patih ; sang pangéran lajĕng anglugas raga ; tindak anut paraning suku ; pengkeran kaliyan kyai patih wangsul ḍateng nagari ; kocap sapengkeripun kyai patih ; sang prabu boten saged nahan brangtanipun ḍateng enḍang wresti ; lajĕng kondur angeḍaton ; karsanipun ; baḍé angimur imur rujiding galihipun enḍang wresti ; ananging enḍang wresti ; boten kenging kacelakan ; tansah angasta patrem ; punaginipun sang dewi ; "samangsa sang prabu celak ; amesṭi rinangsang ing patrem" ; parekan sampun wontĕn ingkang atur uninga ; ing tekadipun sang ayu ; sang prabu menggah ing galih ; ewadené lajĕng dipun coba kepanggih sang putri ; saking katebihan ; sarwi ngandika ; "yayi ; aja kedawa dawa rujiding atimu ; tolehen ; aku ratu binanṭara angesrahaké patiurip marang kowe ; aku narima ; dadi embanmu" ; sang putri ; amangsuli nye