Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 15

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 15

Alihaksara[edit]

/kaca 015/

dosa ; galihipun sang pangran kados rinujid ; boten ajrih bab ing sedanipun ; namung kengetan ; ḍateng ingkang rayi dewi wresti ; katon meloking wadana ; kocaking netra esmu balut ; kala kapisah dadakan ; karuna ; samargi margi ; parentuling eluh ; kados inten rinonce ; tetesipun ; tansah adamel pyuring galihipun sang pangéran ; ciptaning gahh ; dipun awrataken ruḍahing galihipun sang putri ; tinimbang kaliyan pecating nyawanipun ; cinenḍak lampahipun kyai patih ; sampun dumugi tengahing wana ; sang pangéran tumeḍak saking titihan ; lajĕng dipun rangkul déning kyai patih sarta tinangisan ; sang pangéran boten adungkap ingkang dados karsanipun kyai patih ; salebeting galih ; lajĕng ngandika ; "uwa ; sampun kados wanodya ; kula ; mawi katangisan ; minḍak anenangi manah susah ; kula sampun lila ing pejah kula ; suwawi tumunten sampeyan lampahi ḍawuhipun yayi prabu" ; kyai patih ; sered amangsuli ; "angger ; prakawis karsanipun ingkang rayi sang prabu ingkang boten leres punika ; sampun kula manah akaliyan kanca kula nayaka wewolu ; sarta sampun pinanggih ing pambudi ; kenṭeling rembag putra kula boten kase