Jv/Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 17

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Rangsang Tuban (Hanacaraka) by Ki Padmosoesastro
Kaca 17

Alihaksara[edit]

/kaca 017/

ñengit ; peḍes ; cumalekit sarta boten krama ; tembungipun," kowe ; tetep ratu gelah gelahing jagad ; ora iḍep isin ; watekmu manggan kolu maten sadulur ; arep ngrasuk marang pepacangane ; kejaba ; yen aku wis dadi baṭang kena kodemok`,awakku ; lah mara ; nyatané prawira ; taḍahana patremku ; mengko an ponḍongen" ; sang prabu ; lingsem ; mundur palarasan ; osiking galih ; "kejaba mengko bengi bae ; yen wis turu taparanane" ; lajeng aḍeḍawuh ḍateng bok emban ingkang kinaṭik ; sarta sampun tampi ingkang dados karsanipun sang prabu angulatulataken sang dewi sampun ngantos kanyanan ; sang putri sampun sakeca ing galih ; dené sang prabu boten nyiyosaken karsanipun ; sarta sampun boten katingal malih ing keḍaton ; mempen wontĕn ing panepen ; sareng sampun dalu ; wanci tiḍem kayon sang putri kaleson saré wontĕn ing kasur sari ; tumunten bok emban ingkang amarasandi ; enggal lapur ing

sang prabu yen sang putri sampun sare ; sang nata gita ing gatili ; enggal rawuh ing pasareyan ; sareng ningali senening wadana ; kasorod ing pandam kurung maya maya kados murca kineḍepna ; sang nata boten sareh ; sang putri ri