Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 9

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 9



Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


Pérangan Kang Kaping Pindho
Babad Tanah Jawa Wiwit Adegé Karadjan Karadjan
Islam lan Tekané Bangsa Eoeropa toemekané Gempale
Karadjan Mataram lan Ambroeké Vereenigde
Oost indische Compagenie (VOC)
taoen 1500 - 1799



09 Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 1 Karadjan Demak lan Karadjan Padjang +/- tahoen 1500 - 1582

Wiwitané ing Tanah Jawa ana agama Islam ing antarané tahoen 1400 - 1425. Ing tahoen 1292 ing tanah Perlak ing poelo Soematra wis ana wong Islam; ing tahoen 1300 ana wong Islam manggon Samoedra Paséi. Ing poengkasané abad kang ping 14 ing Malaka iya wis ana wong Islam. Tekané padha saka Goedjarat. Saka Malaka kono agama Islam mencar marang Tanah Jawa, tanah Tjina, Indhiya Boeri lan Indhiya Ngarep. Kang mencaraké agama Islam ing Tanah Jawa dhisike yaikoe soedagar Jawa saka Toeban lan Gresik, kang padha dedagangan ing Malaka, padha sinaoe agama Islam, dadiné Islam terkadhang sok kepeksa. Soedagar soedagar djawa maoe padha bali marang Tanah Jawa Wétan, soedagar Indhoe lan Pèrsi oega ana sing teka ing kono lan noeli mencaraké agama Islam marang wong wong. Sing misoewoer yaikoe: Maoelana Malik Ibrahim (wong Persi?), séda ana ing Gresik ing tahoen 1419, nganti saiki pasareané isih.

Bareng koewasané karaton Madjapait saya soewé saya soeda, para boepati ing pasisir roemangsa gedhé pangoewasané, wani nglakoni sakarep karep. Para boepati maoe loemrahè wis padha Islam wiwit toemapaking abad kaping 16 (tahoen 1500 - 1525), Jalaran saka ikoe kerep baé perang karo para radja agama Indhoe kang manggon ing tengahing Tanah Jawa.

Mitoeroet tjarita: Sang Praboe Kertawidjaya ing Madjapait ikoe wis taoe krama karo poetri saka ing Cempa (tanah Indhiya Boeri). Poetri maoe kapernah iboe alit karo Radèn Rahmat oetawa Soenan Ngampel (sacedhaké Soerabaya). Soenan Ngampel kagoengan poetra kakoeng sidji, asma Soenan Bonang, lan poetra poetri sidji, asma Nyai Gedhé Malaka. Nyai Gedhé Malaka ikoe marasepoehé Radèn Patah oetawa Panémbahan Jimboen, yaikoe kang sineboet: Soeltan Demak kang kapisan. Soenan Ngampel lan Soenan Bonang ikoe dadi panoenggalané para wali. Para wali maoe kang misoewoer: Soenan Giri (sakidoel Gresik), ana ing kono yasa kedhaton lan mesdjid; Ki Pandan Arang (ing Semarang) lan Soenan Kali Jaga (ing Demak). Ing tahoen 1458 ing Demak wis ana mesdjid becik.

Padha padha boepati ing pasisir pati OEnoes ikoe kang koewasa dhéwé. Pati OEnoes oega kaseboet Pangéran Sabrang Lor. Ikoe poetrané Radèn Patah oetawa Panémbahan Jimboen. Ing tahoen 1511 Pati OEnoes mbedhah Jepara, Ing tahoen 1513 ngloeroegi Malaka. Enggoné tata tata arep ngloeroeg maoe nganti pitoeng tahoen lawasé. Lan bisa ngloempoekaké praoe kèhé nganti sangang poeloeh lan pradjoerit 12.000, apadéné mriyem pirang pirang. Nanging panémpoehé bangsa Portegis ing Malaka nggegirisi, nganti Pati OEnoes kapeksa bali lan ora oleh gawé. Pati OEnoes ing tahoen 1518 oega ngalahaké Madjapait nanging Madjapait dhèk samana pancèn wis ora gedhé. Koethané ora diroesak, moeng poesaka kraton bandjoer digawa menyang Demak sarta Pati OEnoes ngakoe nggentèni ratoe Madjapait. Ing tahoen 1521 Pati OEnoes séda isih enèm lan ora tinggal poetra. Kang goemanti rayi let sidji yaikoe Radèn Trenggana, djalaran rayiné toemoeli: Pangéran Sekar Séda Lèpèn, wis disédani poetrané radèn Trenggana, kang aran Pangéran Moekmin. Sadjroning djoemenengé Soeltan Trenggana (tahoen 1521 - 1550) karaton Demak koewasa banget, ngoewasani Tanah Jawa Koelon, ngerèh koetha koetha ing pasisir lor lan oega mbawahaké djadjahan Madjapait, sarta karaton Soepit OErang (Toemapel) oega bandjoer kapréntah ing Demak. Déné Blambangan ikoe bawah Bali. Pelaboehan bawah Demak akèh sing ramé, kayata: Jepara, Toeban, Gresik lan Jaratan. Gresik lan Jaratan ikoe sing ramé dhéwé, wong kang manggon ing kono loewih 23.000. Ing tahoen 1546 Soenan Goenoeng Jati kalawan Soeltan Trenggana arep mbedhah Pasoeroewan. Koetha Pasoeroewan bandjoer kinepoeng ing wadya bala, nanging doeroeng nganti bedhah, pangepoengé diwoeroengaké, djalaran Soeltan Trenggana séda cinidra déning sawidjining poenakawan santana, kang mentas didoekani. Poetrané Soeltan Trenggana akèh. Poetra poetriné padha krama oleh priyayi gedhé gedhé. Ana sing krama oleh boepati ing Padjang, kang asma: Adiwidjaya, yaikoe Mas Krèbèt, Ki Jaka Tingkir oetawa Pandji Mas. Poetrané Soeltan Trenggana loro: Pangéran Moekmin oetawa Soenan Prawata, lan Pangéran Timoer, kang ing besoeké dadi adipati ing Madoera. Soenan Prawata ikoe kang nyedani Pangéran Sekar Séda Lèpèn. Ing semoe poetrané Pangéran Sekar Séda Lèpèn kang asma Arya Panangsang arep malesaké sédané kang rama. Sakawit Arya Panangsang nyedani Pangéran Moekmin sagarwané, noeli poetra mantoené Soeltan Trenggana, ora oleh gawé, malah Arya Panangsang bareng dipapagaké perang, kalah nemahi pati. Adiwidjaya bandjoer ngoewasani Tanah Jawa: amboyong poesaka kraton menyang Padjang lan noeli didjoemenengaké Soeltan déning Soenan Giri. Nalika Adiwidjaya djoemeneng ratoe ana ing Padjang, blambangan lan Panaroekan kabawah ratoe agama Syiwah ing Blambangan, kang oega mbawahaké Bali lan Soembawa (tahoen 1575). Jadjahan djadjahan ing Padjang kapréntah ing pangéran (adipati) yaikoe: Soerabaya, Toeban, Pati, Demak, Pemalang (Tegal), Poerbaya (Madiyoen), Blitar (Kedhiri), Selarong (Banyoemas), Krapyak (Kedhoe sisih kidoel koelon, sakoeloné bengawan Sala. Ana ing tanah Pasoendhan karaton Padjang mèh ora doewè pangoewasa, djalaran ing tahoen +/- 1568 tanah Banten dimerdikakaké déning Hasanoedin, dadi tanah kasoeltanan.