Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 10

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 10


Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


10 Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 2 Karadjan Mataram Nalika Joemenengé Sénapati (tahoen 1582 - 1601)

Ana wong linoewih sineboet Kyai Gedhé Pamanahan, asalé moeng wong loemrah baé. Jalaran saka akèh lelaboehané marang Soeltan Padjang, bandjoer didadèkaké patinggi ing Mataram. Nalika ikoe tanah Mataram doeroeng redja lan Pasar Gedhé, padoenoengané Kyai Pamanahan maoe isih awoedjoed désa.

Poetrané Kyai Gedhé Pamanahan kang asma Soetawidjaya oetawa Radèn Bagoes, oetawa Pangéran Ngabèhi Loring Pasar ikoe dipoendhoet poetra angkat déning Soeltan Padjang lan nganti diwasa tansah ana ing kraton , dadi mitrané Pangéran Pati yaikoe Pangéran Banawa. Ing tahoen 1575 Soetawidjaya goemanti kang rama ana ing Mataram, oleh djedjoeloek Sénapati Ing Ngalaga Sahidin Panatagama. Panémbahan Sénapati (Soetawidjaya) maoe banget ing pangarahé soepaya bisa djoemeneng ratoe. Ing sasi Moeloed ora ngadhep marang Padjang, lan Pasar Gedhé didadèkaké bètèng, ndadèkaké koewatiré Soeltan Adiwidjaya. Kelakon ora soewé bandjoer peperangan, Adiwidjaya kalah lan ing tahoen 1582 séda djalaran karacoen. Pangéran Banawa ora wani nglawan Sénapati. Sénapati bandjoer ngakoe djoemeneng Soeltan, sarta poesakaning kraton kaelih marang Mataram. Sénapati ngerèhaké Mataram ing tahoen 1586 - 1601. Jadjahan djadjahan karaton Padjang kang wis kaseboet ndhoewoer kaerèhaké ing Mataram kanthi ngrekasa banget. Sénapati kepeksa koedoe kerep perang, kayata: perang karo Panaraga, Madiyoen, Pasoeroewan lan loewih loewih karo Blambangan. Ewadéné Blambangan ikoe ora bisa kalah babar pisan. Karo Sénapati memitran. Banten arep diteloekaké, nanging ora bisa kalakon. Galoeh pineksa karèh Mataram. Ing nalika ikoe akèh koetha koetha pelaboehan kang ramé, padha ditekani wong Portegis, ora lawas wong Walanda iya padha nekani ing kono. Dedagangané mrica, pala, cengkèh, kapas lan barang barang liyané akèh, nanging bab kawroeh lan kagoenan ora pati diperdoeli. Ing tahoen 1601 Sénapati séda, kang goemanti poetra Mas Jolang. Pasaréyan Sénapati noenggal kang rama ana ing Pasar Gedhé sarta padha pinoendi poendhi.