Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 21

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 21

Panneau travaux.png

Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


21[edit]

Pérangan Kang Katheloe Babad Jawa Wiwit Ambroeké VOC. Toemeka Saprené (tahoen 1800 - 1924)



21 Pérangan Kang Katheloe

Bab 1 Tanah Indhiya Wiwit Adegé Bataafsche Repoebliek Toemekané Jaman Daendels Joemenengé GG. Overstarten (1796) 1800 - 1801, Siberg, Wiese lan Daendels (tahoen 1808 - 1811)

Ing saambroeké VOC., tanah Indhiya kacekel ing Paréntah Pradja Walanda (Bataafsche Repoebliek), nanging moenggoeh pranatané pepréntahan wiwitané ora owah, sakèhing poenggawa dilestarèkaké pangkaté lawas, moeng baé salin bendarané, yaikoe Paréntah Pradja Walanda.

Ing djaman ikoe Paréntah Walanda doewè karep mbeciki pangrehing tanah Indhiya; moeng baé moenggoeh ing rékané isih rekasa, awit ing Bataafsche Repoebliek panémoene para pinter padha gèsèh. Ana Sardjana loro maoené padha panggedhéning Compagnie, nanging karepe nglestarèkaké monopolie lan parokané VOC. liyané, poenggawaning negara oega ngiras dadi soedagar. Sidjiné aran Van Hogendorp kang maoené dadi Gezaghebber ing Tanah Jawa Wétan, doewè karep misahaké paprentahan lan dagang, apa déné doewè karep nyoewak monopolie . Sesanggan peksan lan goegoer goenoeng arep dimarèni.

Van Hogendorp oega banget nyoewoen marang Paréntah Walanda, soepaya pepréntahaning tanah Indhiya bisa becik, pangadilan bisaa sabeneré, apa déné soepaya wong Priboemi diparingana lemah dhéwé dhéwé (individoeeel grooendbezit). Paréntah Walanda bandjoer nganakaké Commisie, kang dipatah gawé rancangan moenggoeh ing paprentahan tanah Indhiya. Wasana ing tahoen 1805 panémoené Van Hogendorp dianggep ing Paréntah Walanda. Moeng baé wong kang dioetoes soepaya anindakaké pepréntahan maoe, ora bisa tekan ing tanah Indhiya, noeli didhawoehi moelih, awit bab owahing pepréntahan ing tanah Walanda.

Katjarita ing tanah Walanda wiwit tahoen 1806 Bataafsche Repoebliek salin dadi karadjan, kang djoemeneng rate Lodewidjk Napoleon, sadhèrèké Keizer Napoleon ing Frankridjk. Mangka Sang Keizer banget soemelangé yèn tanah Indhiya bakal direboet ing karadjan Inggris, moelané Lodewidjk Napoleon kepeksa netepaké Gooeverneoer General kang awatak Sénapati, mitoeroet dhawoehé Keizer Napoleon, Kang dipilih Mr. H. Daendels. Moenggoeh kaanané tanah Indhiya ing nalika ikoe kaleboe rahardja. GG. Van Over Straten ndjaga banget marang Tanah Jawa, Betawi disentosani. Kalakon wong Inggris nempoeh Betawi nganging kena dibalèkaké. Lakoening tetanèn ing Tanah Jawa kaleboe sempoeloer, kang akèh pametoe kopi lan teboe. Sarèhné isih nengah nengah djaman perang dadi woeloe wetoené Tanah Jawa, yaikoe: kopi, goela, kapas, lsp. ora kena dikirimaké menyang nagara Walanda, nanging malah kebeneran, awit dagangan Tanah Jawa bandjoer dikoelak bangsa liya (Denemarken, Amerika) ana ing tanah Indhiya kéné, dadi sing padha bathi para soedagar ing tanah Indhiya dhéwé, doedoe soedagar ing nagara Walanda. Tanggal 1 Janoeari 1808, Daendels rawoeh ing Tanah Jawa. Mitoeroet oenining kakancingané Daendels maoe kabawah marang Minister van Kolonien, nanging sarèhné lagi nengah nengahi perang, lan Tanah Jawa tansah dinganglangi wong Inggris, dadi Daendels prasasat madeg dhéwé. Sanadyan Gooeverneoer Generaal ikoe mesthiné koedoe nganggo remboegé Raad van Indie, nanging yèn prakara perang, Daendels ora gelem tarèn marang Raad van Indie, kang digoegoe moeng karepe dhéwé, malah dalasan prakara paprentahan angger sing wis dikarepaké iya koedoe klakon. Dadi pangoewasané Daendels prasasat tanpa wangenan. Saking kencenging kekarepan lan kawicaksanané, sadjroné dadi Gooeverneoer Generaal ing dalem 3 tahoen, wis akèh lelaboehané, moeng koeciwané sok koerang welasan. Ing sadjoemenengé Daendels enggal merlokaké pananggoelanging moengsoeh ana ing Tanah Jawa.

Kèhing pradjoerit dioendhaki sarta diadjari temenan. Sarèhné ora bisa oleh kiriman pradjoerit bangsa Walanda, bandjoer golèk wong priboemi kang gelem angkil, sakèhing batoer toekon kang sakira koewat, angger gelem dadi saradadhoe, bandjoer dimerdikakaké. Daendels kenceng banget panyekelé papréntahan miltair, nanging oega nyembadani panyoewoené saradadhoe, dadi ora kaya djaman VOC. Sarèhné ora bisa oleh pitoeloengan saka tanah Walanda, apa kaboetoehaning pradjoerit ing Tanah Jawa dianakaké dhéwé, kayata: pabrik gegaman ing Soerabaya, pabrik meriyem ing Semarang, roemah sakit sapraboté, sekolahan kadèt (magang opsir). Kadjaba ikoe ing Soerabaya didegi bètèng lan ing Betawi disentosani banget.

Sarèhné Paréntah ing tanah Indhiya ora doewè èskader, kersané Daendels arep yasa dhéwé ing sakoewasané. Ora antara lawas tanah Indhiya wis doewè praoe 45, senadyan cilik nanging koekoeh koekoeh lan rikat lakoené. Déné praoe praoe maoe goenané kang gedhé digawé merangi badjag. Sarèhné wis ana èskader, kersané Daendels arep gawé pelaboehan perang kang sentosa, kang dipilih: soenglon Meeoewenbasi (Cimadjang).

Bareng wis soewé panggarapé lan toh pati akèh, mangka ora madjoe pagawéyané, bandjoer ngalih soenglon Merak, kang arep didadèkaké pelaboehan, nanging meksa ora kedadéyan, marga saka kangèlaning panggarapé. Déné pelaboehan kang sida dadi, yaikoe pelaboehan ing Soerabaya. Moenggoeh panggarapé sakèhing pelaboehan maoe iya srana nindakaké goegoer goenoeng, pagawéyan tanpa bayaran.

Dalan gedhé saka Anyer tekan Panaroekan, kang toemekané saiki isih aran Daendels, ikoe perloené pancèn kanggo anggampangaké enggoné ngoekoehi Tanah Jawa, apa déné oega anggampangaké bab lelakoening dagangan.

Dalan gedhé maoe kena kanggo tandha seksi kekencenganing karsa lan kakerasaning GG. Daendels, ing atasé dalan 600 pal (+/- 1.000 km) rampoeng ing dalem setahoen, kang maoené lakon 40 dina bandjoer kena dilakoni ing dalem 6,5 dina. Panggawéné dalan maoe oega srana nindakaké goegoer goenoeng. Sarèhné dalan ikoe lakoené oeroet pasisir, nradjang rawa rawa lan ana kang oeroet papèrènging goenoeng, dadi panggawéné rekasa banget, wong kang mati tanpa wilangan, éwa déné Toewan Daendels ora kégoeh, dalan meksa dirampoengaké. Marga saka anané dalan Daendels, koetha koetha akèh kang dadi redja, awit gampang bisané lelawanan dagang lan papan liyané. Woeloe wetoening padésan gampang panggawané menyang koetha koetha. Ing saoeroeting dalan ikoe saben let sapos didegi papan palèrènan, ngiras endheg endhegan kréta post, perloe salin djaran. Dadi sanadyan dalan Daendels ikoe ngrekasa panggarapé lan toh djiwa akèh, nanging koeroep lan paédahé.

Para Gooeverneoer Generaal sadoeroengé Daendels ora bisa nyirnakaké tindak kacoelikaning para poenggawa, nanging saking kenceng lan kerasé Daendels kang mangkono maoe bisa sirna. Daendels ngerti yèn coelikané para poenggawa, marga koerang coekoeping blandja. Para poenggawa padha dioendhaki blandjané, nanging iya moeng bandjoer mligi nampani blandja thok, ora bisa oleh bledoeg kaya maoené. Soepaya gampang enggoné mriksa leboe wetoening dhoewit Daendels nganakaké Algemeene Rekenkamer (kantor pangétoengan leboe wetoening dhoewit). Ing sakawit para poenggawa bangsa Walanda oetawa bangsa Priboemi padha bisa nindakaké goegoer goenoeng, kanggo kaboetoehané dhéwé, nanging wiwit djamané Daendels kang mangkono maoe babar pisan ora kena. Bayaran saka Paréntah menyang wong cilik kang sakawit nganggo loemantar marang poenggawa bangsa Priboemi; ikoe ndadèkaké banget kapitoenaning wong cilik. Bareng Daendels ngerti, pranatan lantaran ikoe disowak, tampané dhoewit wong cilik teroesan saka Goepermèn. Yèn ana poenggawa kang meksa isih coelika, abot banget oekoemané, apesé didhendha akèh, moenggahè manèh marang dicopot, malah terkadhang bisa oekoem kisis. Wiwit kawitan moela tanah tanah kang kacekel ing Walanda padha diwadjibaké ngladèkaké woeloe wetoe kanthi pepoelih moerah moerahan (Contingenten stelsel). Pranatan kang kaya mangkono ikoe ngrekasa banget ing atasé wong Priboemi, éwa déné nalika djaman Daendels isih diabotaké manèh.

Jembaring kebon kopi kang ditikeli lan pepoelihing dhoewit minangka pitoewasing penandoer dioedhoenaké. Manoet pranatan lawas kopi sadhacin diregani 4,5 ringgit, manoet pranataning Daendels dioedhoenaké dadi 4 ringgit. Kadjaba ikoe Daendels oega gawé pranatan bab panggarapé alas pedjatèn. Moerih becike koffie coeltoere lan boschwezen bandjoer dianani Inspecteoer Generaal. Bangsaning blandhong, oleh kemayaran oeripé; kasangsarané dimayaraké srana dicadhongi beras lan oeyah, kedjaba ikoe ora kena dikerigaké goegoer goenoeng, mangkono oega wong kang anggarap kebon kopi.

Toemekané djaman Daendels para poenggawa bangsa Eoeropa lan Priboemi isih gedhé banget pangoewasané, dadi Paréntah agoeng ora pati Dhamang soemoeroepé marang roewet rentenging negara, wasana para panggedhé akèh kang sawenang wenang tindaké; ndadèkaké kasangsaraning kawoela cilik. Akalé Daendels arep nyoeda pangoewasaning para gedhé lan poenggawa maoe.

Goepermèn ing Tanah Jawa pasisir lor disowak, awit Goepermèn ikoe kegedhén banget pangoewasané nganti kena gawé ada dhéwé, dadi pangrehing nagara iya sakarepé dhéwé. Jadjahan Gooeverneoer noeli dipérang dadi 9 Landrostambt (paresidhènan), kapanggedhéné ing Landrost (résidhèn). Panyekelé papréntahan para résidhèn maoe moeng manoet dhawoeh saka Paréntah loehoer. Déné kang nglantaraké dhawoehing Paréntah marang kawoela lestari para Boepati dadi roemangsané wong cilik isih kaerèh ing panggedhéné dhéwé. Kaanané owah owahan kang kaya mangkono ikoe para Boepati lan para panggedhé bangsa Eoeropa wis ora wenang netepaké poenggawa andhahané manèh; sanadyan poenggawa cilik kang netepaké iya Gooeverneoer Generaal. Para résidhèn ing Ngayogyakarta lan Soerakarta ing maoené kabawah Gooeverneoer pasisir lor, sawoesing rombakan bandjoer macoeng kaparéntah marang Paréntah ing Betawi dhéwé. Dadi wiwit ing wektoe ikoe sakèhing poenggawa ngloempoek menyang Betawi kabèh dicekel ing Paréntah Agoeng piyambak. Ada ada maoe bandjoer diarani Centralisatie van Bestoeoer.

Nalika djaman Compagnie ora ana pradata bangsa boemi kang prayoga manoet adat lan tata carané bangsa boemi dhéwé. Daendels bandjoer nganakaké pradatan pradatan vredegericht, Landraad.

Kang dadi Lid Vredegericht para pangoeloe lan para poenggawa bangsa Priboemi, nanging moeng kena ngadili prakara rèmèh rèmèhan. Kadjaba ikoe sing sidji sidjining Landrostambt dianani Landgericht, kang dadi lide para poenggawa bangsa Priboemi, nanging dipanggedhéni Landrost akanthi Secretaris bangsa Eoeropa. Aliya saka ikoe ing Semarang lan Soerabaya dianani Landraad; yaikoe pradatan kang wenang moetoesi prakara sing gedhé gedhé, kayata: radjapati. Wong kang ora nrimakaké poetoesaning pradata cilik cilik iya kena moenggah ndjaloek adil marang Landraad. Pradatané bangsa Eoeropa lan bangsa manca liyané, ing wektoe ikoe oega dibecikaké, déné kang moetoesi prakarané bangsa militair (pradjoerit) kang perloe perloe yaikoe Hooge Milataire Vierschaar ing Betawi. Nalika djamané VOC., ora ana kamardikaning agama, kang diwenangaké mardika moeng agama Protestant. Sanadyan wong Katholiek kena dadi poenggawané VOC., nanging agama Kristen Katholiek ing Indhiya ora oleh kamardikan; bareng sadjoemenengé GG. Daendels, sakèhing agama dimardikakaké kabèh. Nalika djaman GG. Daendels, hawa ing Betawi ala banget, djalaran moearané kali Ciliwoeng waled dadi cethèk, kapepetan wedhi; ing sakiwa tengening koetha bandjoer akèh rawané, wasana koetha Betawi kerep katradjang ing pagebloeg. Daendels bandjoer dhawoeh ngoeroegi djagang djagang lan yasa kalèn kalèn kanggo ngesat koetha andjoegroegi baloewarti, soepaya sadjroning koetha bisa oleh angin saka sagara, malah sakèhing bangsa Eoeropa padha didhawoehi ngedohi pasisir.