Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 22

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 22


Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


22 Pérangan Kang Katheloe Bab 2 Karadjan Jawa nalika Pangrèhe GG. Daendels Tanah Indhiya direboet Inggris (Tahoen 1811)

Para Gouverneur Generaal kang wis wis racaké padha ngemong semoe ngempèk ngempèk marang para ratoe bangsa Priboemi, soepaya adja diéwoeh éwoehi enggoné lakoe dagang, karo manèh ing sabisa bisa padha nyingkiri perang; nanging yèn Daendels ora, awit pancèn watak keras lan koerang doega doega ingatasé karo ratoe. Tindaké Daendels kang mangkono ikoe ndadèkaké koerang senengé para ratoe marang Kangdjeng Goepermen. Ora antara lawas GG. Daendels bandjoer congkrah karo Soeltan ing Banten, prakara enggoné gawé dalan gedhé lan pelaboehan ing soenglob Meewenbaai. Soeltan Banten woes mitoeroeti pamoendhoeté GG. Daendels, ngladèkaké koeli goegoer goenoeng kèhé 1.500 nggarap pelaboehan, nanging padha mati kabèh, djalaran kadjaba pegawéyané rekasa, hawané ing kono pancèn ala banget. Karsané Soeltan Banten wis adja ndjaloeki manèh, nanging Daendels meksa isih ndjaloek baoe koeli 1.000 ing sadinané. Kangdjeng Soeltan ora mitoeroeti. Kyai Patih didakwa ngodjok odjoki Sri Soeltan soepaya mbangkanga mangéran Paréntah Goepermen, moelané didjaloek menyang Betawi arep diadili GG. Daendeles. Wong Banten nepsoe banget oleh dhawoeh saka Daendels mengkono maoe. Commandant Doe Poey, yaikoe oetoesan kang ndhawoehaké timbalané Daendels menyang Banten maoe dirampok ing akèh, toemeka ing pati. Bareng Daendels mireng bandjoer nyalirani tindak menyang Banten mbekta pradjoerit 1.000. Koetha Banten digempoer, kratoné didjarah rayah. Kyai Patih kapikoet bandjoer didrèl. Soeltan Banten dikéndhang menyang Ambon. Esoeké kaondhangaké yèn karadjan Banten wis dadi darbèké Goepermen, moeng kang sapérangan digadhoehaké marang sang Adipati Anom, diangkat seboetan Soeltan. Nalika Daendels dadi Gooeverneoer Generaal anyar anyaran ing Cirebon mentas éra éroe, malah nganti dirawoehi Daendels iya doeroeng sirep babar pisan. Saka panggalihé Daendels, ing Cirebon ora bisa tentrem yèn doeroeng dicekel ing Goepermen, wasana bandjoer katentokaké baé yèn Cirebon dadi tanah Goepermen. Jadjahan Cirebon kidoel, Limbangan (Soekapoera, Galoeh) dirèh ing résidhènt. Jadjahan Cirebon lor (parésidhènan Cirebon saiki) kagadhoehaké marang Soeltan teloe, kang koewasané moeng kaya pangoewasané poenggawa. Wong cilik kapasthèkaké enggoné ngladèkaké woeloe wetoe marang Kangdjeng Goepermen. Kadjaba ikoe kono oega bandjoer kadhawoehaké nandoer kopi. Ora lawas Soeltan kang sepoeh katon arep mbangkang, ikoe bandjoer teroes dicopot baé marang Dendels.

Sarèhné Compagnie nyingkiri prakara kang magepokan karo pangrèh Ngayogyakarta lan Soerakarta, dadi para résidhènt ngemong lan ngloemoehi banget, yèn sowan menyang kraton iya manoet apa tata carané kono. Bareng djamané Daendels ana dhawoeh pangkat résidhènt ing Soerakarta lan Ngayogyakarta diganti seseboetan minister, lan ana ing kono dadi soelihing Goepermen, wis ora wadjib nganggo tata krama kaya oewis oewis toemraping para ratoe. Moelané Daendels dhawoeh kang mangkono, awit para ratoe Jawa padha ngesoraké banget marang résidhènt, mangka pamanggihe Daendels ratoe Jawa koedoe ngretos yèn ratoe Walanda lan Goepermen ikoe koewasa, pantes diadjènana, sesoelihe ora kena disoraké (tahoen 1808).

Ora lawas Soeltan Ngayogyakarta lan Soerakarta padha derdah perkara watesing negara. Soeltan Ngayogyakarta rada mempeng, nganti ngoendhaki kèhing wadya bala. Daendels rada soemelang yèn prakara ikoe nganakaké bebaya gedhé. Woewoeh woewoeh Soeltan Ngayogyakarta kagoengan karsa moendhoet kalenggahané Pangéran Adipati Anom, bakal diparingaké marang poetra mantoe. Daendels noeli menyang Ngayogyakarta mbekta pradjoerit sagelar sapapan. Kangdjeng Soeltan Hamengkoe Boewana II dilèrèhi, Sang Adipati Anom didjoemenengaké ratoe, apangkat Pangéran Radja (prins Regent). Saka panoewoene Sang Pangéran, kang rama isih lestari ana ing kedhaton, seseboetan Soeltan Sepoeh. Sawoesé ikoe Daendels nganakaké Commisie, kang dipatah netepaké watesing karadjan Ngayogyakarta lan Soerakarta. Wasana sawènèhing djadjahan ana kang didadèkaké tanah Goepermen. Awit saka kaya kang kacritakaké ing dhoewoer ikoe kabèh, terang banget yèn pangrèhé GG. Daendels ngentèkaké dhoewit, mangka tanah Indhiya ora bisa oleh pitoeloengan saka nagara Walanda., malah Paréntah Walanda kekoerangan Dhoewit dhéwé. Wasana rekané GG. Daendels moerih bisané oleh dhoewit, ngedol tanah Goepermen marang wong partikelir. Nganti toemekané saiki isih ana tanah partikelir kang doeroeng diteboesi. Réka liyané manèh: a. meksa wong partikelir dikon ngoetangi dhoewit, b. madjegaké dagangan candoe, c. nganakaké monopolie beras. Mitoeroet anané pranatan monopolie ikoe, saanané beras koedoe mbathèni. Lan manèh GG. Daendels nganakaké dhoewit kertas, mangka Goepermen ora doewè tanggoengan sing kanggo neboesi. Mesthi baé adjiné dhoewit kertas ikoe ana ing pedagangan soeda banget. Ewa déné Goepermen anggoné ambebayari iya nganggo dhoewit kertas maoe ditoeroetaké apa anané baé. GG. Daendels ora pati merlokaké marang poelo poelo liyané sadjabaning Tanah Jawa. Moelané ing sadjroné djaman perang Napoleon, akèh djadjahan kang direboet ing Inggris. Pangrèhé Daendels kaya kang kacetha ing ngarep maoe mesthi iya akèh paédahé, moeng baé kekerasen tindaké marang poenggawa, wasana ing tahoen 1811 Daendels bali menyang negara Walanda digentèni Janssens. Janssens maoe satemené moeng kepeksa enggoné gelem dadi Gooeverneoer Generaal, djalaran tanah Indhiya kekoerangan dhoewit lan para ratoe bangsa Priboemi isih padha moering marang Goepermen, marga saka tindaké Daendels. Ora antara soewé Betawi ketekan moengsoeh wong Inggris; kang nyénapatèni Lord Minto Gooeverneoer Generaal ing Indhoe. Wong Walanda karoban lawan, Janssens keplayoe menyang Semarang. Para ratoe Jawa didjaloeki bantoe, nanging pradjoerit saka kedjawan ora kena diendelaké ing gawé, malah Soeltan Ngayogyakarta mbalik ngiloni Inggris. Wasana ing Toentang kepeksa noengkoel kanthi pradjangdjian tahoen 1811.

  1. Satanah Jawa dadi doewèké wong Inggris,
  2. Sakabèhing pradjoerit dianggep tawanan,
  3. Wong Inggris ora gelem ngakoni oetangé Paréntah ing Betawi, ing sadjroning tanah Walanda dadi golonganing Frankrijk.
  4. Sakèhing poenggawa kang gelem ngèngèr marang OIC. Inggris, dilestarèkaké ing kaloenggoehané.

Sarampoengé pradjangdjian Tanah Jawa dadi djadjahané Oost Indische Compagnie Inggris.