Jv/Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 20

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen by Van Rijkevorsel
Bab 20


Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan: ꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


20 Pérangan Kang Kaping Pindho Bab 12 Kaanané VOC. Ngarepaké Ambroeké (tahoen 1757 - 1800) Ing sasirepé kraman Mataram lan Banten, ing Tanah Jawa bandjoer dadi tentrem, kang doeroeng moeng ing Blambangan, amarga saka panggawéné wong ing Bali lan toeroené OEntoeng Soerapati. Sarèhné ing wektoe ikoe woes ana wong Inggris kang dedagangan ing kono, VOC. soemelang yèn tanah Bang Wétan bakal diroekoen, moelané bandjoer ngloeroegaké bala mrono. Wiwit ing tahoen 1772 Blambangan iya sirep.

Dadi saTanah Jawa ing djaman ikoe wis wiwit rahardja lan kelakon kawengkoe ing Compagnie kabèh. VOC. wis prasasat maharadja, sakèhing moengsoehé padha dipoenthes, kira kira wis ora bakal mbebayani, ora abot sanggané. Nanging moenggoeh sranané kang kanggo moenthes ikoe ing djaman wekas wekasan wis doedoe kasentosaning wadya bala thok, nanging oega nganggo akal kadjoeligan, mratandhani yèn VOC. entèk kekoewatané, kaya kang dicritakaké ing ngisor iki.

Sabakdané djaman peperangan ing Tanah Jawa, saya soewé saya katon yèn Compagnie bakal ambroek. GG. Mossel 9tahoen 1750 - 1761) lan Van der Parra (tahoen 1761 - 1775), apadéné para GG. kang padha goemanti yaikoe Van Riemsdidjk (tahoen 1775 - 1777), De Klerk (tahoen 1777 - 1780) padha mboedi daya ngentèkaké akal, moerih toeloesé VOC., nanging ngrekasané tanpa pitoewas, Compagnie wis ora kena digéndholi.

Nalika semana ing Tanah Jawa malah wiwit rahardja, awit wis ora ana peperangan, sarta Compagnie tansah ndjaga moerih bisané tansah memitran karo Kangdjeng Soenan ing Kedjawan. Sanadyan tindaké para ratoe Jawa kerep ndadèkaké kapitoenané wong cilik, nanging Compagnie trima meneng, awit pancèn ora ngremboeg marang begdja cilakané wong boemi. Yèn kadhang kala Soerakarta lan Ngayogyakarta padha gèsrèk prakara watesing nagara, VOC. iya ora gelem mèloe mèloe.

Jadjahan ing sadjabané Tanah Jawa ing wektoe ikoe VOC. iya ora pati bisa ngremboeg, wasana soeda koewasané. Ana ing Indhoe Ngarep koewasané wong Inggris saya gedhé. Malah ana ing Benggala koewasané ngoengkoeli VOC.

Kerep baé wong Walanda lan wong Inggris ana ing kono padha gredjegan, malah terkadhang nganti dadi perang. Sarèhné VOC. kalah koewasa, wasana kantor kantoré ing Benggala koedoe nganggo diawat awati ing wong Inggris. Ana ing Ceylon VOC. kerep soelaya karo radja ing Kandhi prakara padagangan manis djangan lan pandoemaning bebathèn, nanging rahayoe isih bisa teroes pangoewasané. Ana ing Persi VOC. ora bisa teroes dedagangan. Padagangan ing Soematra pasisir koelon lan wétan ora bisa ngolèhaké kaoentoengan kang mèmper marang VOC., samono oega padagangan ing Bornéo. Ana ing kapoelowan MOLOKO VOC. iya isih lestari oleh dagangan crakèn, nanging saya katon yèn soeda soeda.

Sarèhné Compagnie kaya mangkono kaanané, ora lawas mesthi bakal ambroek. Kebarengan tanah Walanda bandjoer perang lan Inggris, ikoe kang nyengkakaké ambroeké VOC., awit VOC, wis ora bisa ngoekoehi djadjahan ing Asia, marga saka koeranging pradjoerit, mangka ora bisa oleh bantoe saka nagara Walanda. Kantor kantor ing Indhoe Ngarep tiba ing tangané wong Inggris. Jadjahan ing Soematra pasisir wétan koelon kena direboet ora nganggo bisa lawan.

Kaanané VOC. ing nagara Walanda loewih rekasa lan ing tanah Indhiya. Praoe praoe kang saka Indhiya akèh kang padha dirampas déning wong Inggris. Saking kekesing ati nganti ora ana praoe dagang kang wani mingsed saka pelaboehan. Dadi lakoe dagang mandeg babar pisan. ing Betawi ora ana praoe teka anggawa pradjoerit, gegaman oetawa dhoewit, oetawa ndjoepoek dagangan, nganti sakèhing goedang goedang padha ambroek, moelané yèn ana praoe saka negara liya kang gelem koelak dagangan moerah moerahan baé. Paréntah ing Betawi wis roemangsa boengah. Nganti teloeng tahoen lawasé tanah Indhiya enggoné karibedan mangkono ikoe, wasana ing tahoen 1784 perangé Walanda lèrèn. Mitoeroet pradjangdjiané bedhami: Compagnie ora kena mbandjoeraké bedhami monopolie ing tanah Indhoe, wong Inggris ora kena dilarangi enggoné dagang layar ana ing kono. Ing sabakdané perang VOC. saya katon ngrekasané, ing tahoen 1791 kecoepetan 96 yoeta, mangka arep golèk oetangan wis ora ana kang ngèndel. Mangkono ikoe kaanané VOC. nalika nagara Walanda lagi djaman dahoeroe, wiwit tahoen 1795 nagara Walanda bandjoer kecekel ing para kraman ing Frankridjk, mangka nagara Frankridjk moengsoehan karo Inggris. Awit saka ikoe tanah Walanda iya mèloe moengsoehan karo negara Inggris. Katjarita Willem V, Stadhooeder ing tanah Walanda ing sadjroning djaman dahoeroe maoe soemingkir menyang tanah Inggris. Déné VOC. saka panémoené Willem V loewih becik dititipna dhisik menyang wong Inggris soepaya adja kecekel ing para kraman Walanda, awit yèn wis kecekel ing para kraman bisa oega direboet ing kradjan Inggris (Layang saka Kew.), nanging panimbang ikoe ora digoegoe, moelané VOC. sida diperangi karadjan Inggris. Wiwit tahoen 1796 djadjahané VOC. mèh kabèh, kedjaba Tanah Jawa lan Ternate, klakon direboet Inggris. Wasana ing tahoen 1799 VOC. ambroek, diboebaraké, barang darbèké diliyer ing Paréntah Walanda kang lagi tetep anyar.